Cerkak
BANJIR UPIL

BANJIR UPIL

Sing jeneng pakulinan pancen angel diilangi. Ora sengaja lan tanpa ancas sing cetha, pakulinan mesthi ditindakake saben wektu utamane ngepasi wektu longgar. Kaya Mas Lukminto kuwi, pakulinane ngupil panggah ditindakake wiwit isih cilik nganti saiki wis omah-omah. Jare kandha wis dadi ciri wanci. Ing kamangka sing jeneng ciri wanci iku bakal ginawa mati. Satemene kulawarga lan kanca-kancane Mas Lukminto wis elik-elik amrih Mas Lukminto ora ngupil. Nanging panyaruwe iku kayadene ora ana gunane. Saben dielikake kelingan, nanging terus dibaleni maneh. Suwe suwe wis padha ora peduli. Pakulinan ngupil iku tansah ditindakake saben wektu.

Satemene Siti Barokah, bojone Mas Lukminto, rumangsa ora kepenak. Dheweke asring ngelingake Mas Lukminto ning ora direwes. Sajake pancen angel tuturane. Pasangan sing durung diwenehi turun iku malah asring regejekan. Jalarane sepele, angger Siti Barokah nyegah Mas Lukminto supaya ora ngupil asring seling surup. Kadhang Mas Lukminto nesoni bojone kuwi. sore kuwi ngepasi longgar. Siti Barokah sengaja ngajak pirembugan karo Mas Lukminto. Sing dirembug dudu perkara liya, mung masalah ngupil.

“Mas, mbok dimareni anggone panjenengan ngupil kuwi. Sok ngisin-isini lho. Angger kumpul wong akeh, terus ngupil rak gawe suwasana kurang kepenak. Sing nglakoni ora rumangsa ngrugekake liyan. Lha sing nyawang? Mesthi rumangsa gigu,” tuture Siti Barokah.

“Angel Jeng. Ngupil kuwi wis dadi pakulinanku wiwit cilik. Yen ujug-ujug diilangi, rasane kajog. Ngepasi nganggur, leren ijen, utawa thenguk-thenguk terus arep ngapa yen ora ngupil? He…he…he…he…,” wangsulane karo ngguyu sajak ora duwe salah.

“Ning panjenengan kudu eling lho Mas; ngupil kuwi ora prayoga. Malah bisa diarani pakulinan sing ala. Saru, makruh apa malah dosa ya? embuh aku ora ngerti ukume agama, ning sing nggenah pakulinan kuwi ora becik diterusake!”

“Ah embuh. Sing penting ora gawe rugine liyan. Wong mung ngupil wae kok dilarang. Ngupil kok saru, dosa? Kok ora tinemu nalar. He…he…he…he…”

“Ora gawe rugine liyan kepiye ta Mas? Coba yen ngepasi kumpulan RT kaya malem Selasa Kliwon wingenane kae. Lagi padha mangan bareng, para tamu nedheng-nedhenge ngrasakake suguhan soto anget sing seger, terus padha nyawang panjenengan ngupil, sanalika rak tuwuh rasa neg. Gigu. Bubar iku kabeh terus padha mandheg anggone nyruput soto. Kuwi apa ora jeneng gawe rugine liyan?” wangsulane Siti Barokah rada munggah.

“Ora tak gagas Jeng. Sing penting rasaku kepenak. Ngupil pancen nikmat tenan. Lha sliramu durung tau ngrasakne. Coba sepisan ngrasakne, mesthi tuman,” kandhane Mas Lukminto malah wiwit ngucek-ucek bolongan irung nggunakake driji panuduh.

“Wah…jian. Panjengenan iki pancen angel dituturi kok Mas? Malah ngupil maneh?! Gawe jijik tenan iki! Gigu temenan. Kuwi mengko terus arep dibuwang ana ngendi upile?” wangsulane Siti Barokah karo rada nesu.

“Embuh! Ora tak gagas. He…he…he..he,” wangsulane Mas Lukminto karo ngguyu ngleges mangsuli bojone sing lagi anyel.

Siti Barokah mrengut. Mripate mleruk. Raine sing jembar iku sakala peteng kaya ketutup mendhung. Atine getem-getem jalaran ora kasil ngandhani bojone kuwi. Nanging sing dinesoni ora rumangsa salah. Ngupil iku disengguh tumindak sing lumrah wae. Kanthi refleks tangane Mas Lukminto sing kena upil terus diusap-usapake ngisor meja, sanalika upile tumemplek ing papan siningit kuwi. Ora rumangsa salah babar blas. Kaya pakulinan adate.

Siti Barokah wis ora peduli maneh. Dheweke trima mlengos, karo lunga ninggalake papan kuwi mlebu pawon arep olah-olah. Sidane Mas Lukminto kelakon ngupil. Rasane lega. Plong kaya bubar ngemut permen bolong sing semriwing rasane. Ora suwe terus leyeh-leyeh sinambi ngrungokne anggunge manuk perkutut sing gumantung ing kerekan ngarep omah. Rasane nyamleng temenan.

Wis seminggu Siti Barokah ora ngematake Mas Lukminto, nanging satemene anggone ngupil pancen durung mari, lan mbok menawa ora bakal bisa diilangi. Ngepasi Ahad esuk Siti Barokah resik-resik ruang tamu sing seminggu kepungkur dienggo lungguhan bareng Mas Lukminto. Ngepasi ngresiki ngisor meja Siti Barokah digawe kaget. Dheweke meruhi ana barang sing nyalawadi. Wujude mekrok jembar kaya kuping nanging empuk. Sakala Siti Barokah bengok-bengok njeluk Mas Lukminto sing lagi ana buri.

“Mas, coba mrene! Iki apa?” pambengoke Siti Barokah.

“Ana apa ta? Kok sajak gumun?” wangsulane Mas Lukminto karo mlayu nyedhaki ruang tamu.

“Coba tamatna iki Mas. Iki kok ana barang nyalawadi. Wujude mekrok kaya ngene?”

“Aneh temen. Apa ya? Oh, iki genah jinising jamur. Wujude kaya jamur kuping, ning warnane kok beda. Yen jamur kuping kuwi rak soklat tuwa semu ireng. Gindur-gindur. Pancen mirip. Ning iki kok warnane kuning semburat soklat. Wah aja-aja iki…..”

“Apa Mas?”

“Iki jamur upil Jeng.”

“Lha rak temenan. Aku wis mbatin mesthi iki gara-gara panjenengan wingenane ngusap-usap upil ana ngisor meja. Amarga lembab, terus thukul dadi jamur kaya ngene. Hii! Gawe jijik temenan. Iki coba panjenengan tamatne. Mekrok gedhe sajak subur kaya ngene.”

“Ora ngira yen upilku malah thukul dadi jamur ya Jeng? He…he..he..he…”

“Ya kaya kuwi akibate Mas. Yen nyimpen barang reged, mesthi tuwuh dadi memala. Iki jamure mesthi ana racune. Medeni temenan. Bisa gawe pepati.”

“Ora. Iki mesthi mung jamur biyasa. Coba disogrok nganggo sapu wae?”

“Emoh ah! Njijiki temenan kuwi. Aku emoh ngresiki jamur upil kuwi lho Mas. Jijik aku! Panjenengan wae sing ngresiki.”

“Ya uwis. Ora susah khawatir Jeng. Aku sing tanggung jawab. Karben takresiki dhewe,” kandhane Mas Lukminto karo mlaku menyang buri sajake arep njupuk piranti kanggo ngresiki jamur upil kuwi.

Let sedhela Mas Lukminto wis mlebu maneh menyang papane jamur upil sing ana ngisor meja kuwi. Dheweke nggawa centhong sing adate kanggo pasang bata karo udhak-udhakan semen, banyu, lan wedhi nalika gawe tembok omah. Ora lali dheweke uga nggawa cikrak saka plastic ijo. Jamur upil iku enggal dikikrik nganggo centhong  lan ditadhahi cikrak. Sawise lepas saka ngisor meja, katon jamur upil kuwi mekrok ana dhuwur cikrak ijo.

“Iki lho Jeng jamure mekrok. Gedhe temenan!”

“Emoh ah! Aku ora arep nyawang. Ndang dibuwang wae Mas.”

“Dibuwang ngendi ya apike? Ana kalen ngarep omah kana wae apa ngendi apike?”

“Aja Mas! Aja dibuwang kalen ngarep omah. Njejemberi.  Dibuwang sing adoh sisan. Karben ilang digawa iline banyu tekan kali gedhe, terus bablas keli anjok ing segara.”

“Kok sajak mbebayani temen. Wong mung jamur samene wae kok ndadak dibuwang adoh.”

“Tenan Mas. Manuta aku. Aja dianggep sepele! Kuwi dudu sembarang jamur!”

“Saiki takmanut wae aku. Jamur upil iki arep dakwadhahi kresek terus dakguwak ana saluran banyu sing adoh saka omah kene. Wis terusna anggonmu reresik omah!” kandhane Mas Lukminto karo mlaku ana buri saperlu njupuk pit motor.

Mas Lukminto kelakon nuntun motor bebek metu omah. Jamur upil sing wis mekrok iku wis diwadhahi kresek ireng. Bubar iku dheweke nggeblas tumuju saluran banyu kulon desa Karang Kabanaran sing adoh saka omah. Butuh wektu limalas menit numpak motor kanggo mbuwang jamur upil kuwi ana saluran banyu kulon desa.

Kocapa nalika mbuwang jamur upil kuwi, Mas Lukminto lali ora naleni kresek ireng kanthi kenceng. Jamur upil iku kelakon kecemplung banyu. Uwal saka kresek ireng. Kumambang ing banyu, terus katut ilining banyu. Ora let suwe jamur iku tumangsang ing carang pring kang mentiyung ing saluran banyu. Jamur upil mandhek ing papan kono terus tumemplek. Spora jamur upil terus sumebar. Spora-spora banjur mecah lan tuwuh dadi jamur-jamur upil anyar sing akeh. Sakala jamur upil tuthul subur ngebaki saluran banyu. Wong-wong Karang Kabanaran sakala padha cluluk saka akehe jamur kang nyumpeli saluran-saluran banyu.

Udan nggrejeh ing mangsa rendheng. Hawa adhem njekut. Banyu mili ngebaki saluran, kalen, blumbang, lan kali. Banyu kang anjok saking wiyati nggrujuk bantala. Saka gedhene banyu kang tumiba ing bumi, sakala kali sakulone Karang Kabanaran luber, mleber ngebaki sawah, tegal, kebon, kalen, lan dalan-dalan desa. Kenthongan padha dithuthuk kanggo menehi tandha tumekane banjir. Ana barang aneh sing katon ing banyu banjir taun iki. Jebul jamur upil katut kesempyok banyu banjir ngebaki desa Karang Kabanaran. Sakala padha cingak sarwi bengok-bengok, “Banjir upil! Banjir upil! Banjir upil!”

Sawetara iku Mas Lukminto karo Siti Barokah sing melu kesempyok banjir mung bisa arerasan. Sinambi nyawang akehe jamur upil sing katut banyu nganti tekan latar omah, kekarone mung bisa ngudarasa.

“Mas, coba panjenengan sawang banyu banjir kuwi!”

“Kebak jamur upil, Jeng.”

“Bener. Banjir taun iki kebak jamur upil. Sing dadi underaning perkara ora ana liya amarga saka pakulinan ala. Pakulinan ngupil sing dianggep remeh, nyata wis mahanani banjir kang ngelebi desa.”

“Iya Jeng. Aku rumangsa gela. Kenangapa aku kudu ngupil? Kenangapa pakulinan ala iku tansah daklakoni saben dina,” celathune Mas Lukminto karo ngangkat tangane arep ngupil maneh. Nanging Siti Barokah tanggap. Durung kelakon ngupil, tangane bojone iku langsung disaut. Sakala Mas Lukminto wurung anggone ngupil.[]

Wadaslintang, 9 Februari 2021


Ki Sudadi. Lahir di Sukoharjo, 19 Maret 1969. Pendidikan S-2 UNNES (2001). Pekerjaan : Guru SMP Negeri 1 Wadaslintang (1992 – 2019), dosen UMP (2001 – 2014), Kepala SMP Negeri 4 Wadaslintang (2019 – sekarang). Penerima penghargaan Penulis GLN Kemendikbud Tahun 2017 & 2018, IC-Claw Green Pen Award 2019, Pemenang Lomba Penulisan Esai Nulis Di Rumah Kemenparekraf 2020, Pemenang LPNSR Dinas Kebudayaan DIY 2020, Penerima Anargya Serayu Penawara 2020, Pemenang Lomba Nulis Geguritan Yayasan Podhang 2020.

2 thoughts on “BANJIR UPIL

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *