
Geguritan Irul S. Budianto
Bocah Bajang Nyunggi Srengenge
bocah bajang nyunggi srengenge
kalane lemah pidakan nangisi nasibe
ora awan ora bengi wong-wong gedandaban
mbujung gegayuhan naker kekarepan
nganti nggadhekake kapitayan
nganti lali asal-usule
bocah bajang nyunggi srengenge
pisambat lan panjerit wis ora ana gunane
dheweke sing kadhung ancik-ancik mega
bisane mung nebah dhadha
sapa sira sapa ingsun
ora jamake wong cilik kumingsun
“Marang sapa aku kudu sumendhe lan wadul
yen dhampar pengayoman wis modhal-madhul?”
tembang megatruh keprungu gemontang
ngiring lakune bocah sing ngindhit kapang
kapan lemah pidakan bali pulih
nukulake welas asih sing tanpa pilah-pilih
lan srengenge ajeg mesem ngumbar sunare
tan nate mbedakake sapa aku sapa kowe
bocah bajang nyunggi srengenge
wujud sanepa sing perlu ditegesi
mawa weninging ati
2020
Ibu
ing netramu, daktemu
cahya padhang tetrawangan
ing astamu, dakambu
amrik wangine kekudangan
Ibu, ing ulengane donga
aku nemu gambaran swarga
2020
Elegi Sore
sore iki becik lungguhan ana kene
nggelar klasa ketang suwek-suwek pinggire
crita ngenani kasangsayane bojah bajang
sedina-dina wetenge mung kisenan larahan
dijumput saka sadhengah papan
oh, sapa sing gelem nyawang?
sore iki becik lungguhan ana kene
nanging aja ngungal satumpuk pitakon
geneya dewa-dewa ketungkul dolanan dhakon
kecik-kecik diitungi ora ana sing keri
mlebu lumbung gedhe sing wis dicepakake
kanthi premati
sore iki becik lungguhan ana kene
mithati nasib sing adoh sungsate
bocah bajang lan dewa-dewa
bareng nglebur rupa jroning dhadha
yen wis wancine bakal njilma elegi
nantang sapa wae sing bisa negesi
2020
Anak Lanang
ing pundhakmu daksampirake
perjuwangan ora ana rampunge
cathetan sejarah ajega wutuh
ketang nguras kringet ngetus eluh
ing mbun-mbunanmu daksebulake
donga-donga lungid ngranggeh langit
ana kalane muyege laku angel dibadhe
nanging ora ana critane
pisambat lan panjerit
kapitayan lan kateguhan
ngadeg jejeg ing padinan!
2020
Elegi Saka Gunungkidul
tansah gumawang unine prajanjen
kawiwitan saka degan sing dipethik Ki Ageng Giring
wekasan diombe Ki Pemanahan
nalika ditinggal sedhela menyang tegalan
“Adhi Pemanahan, lilanana anak turunku
bisa nempil kamukten saka lajere wahyu.”
Ki Wanakusuma nggentur tapane
sing diajab murih lulus gegayuhane
wahyu ratu bisa ana regemane anak putu
ketang kudu ngenteni turun kaping pitu
Gunungkidul wayahe kembang padha mekar
eseme Ki Wanakusuma sansaya tumangkar
panguwasa Mataram saiki wis turun kaping enem
kari saturunan lajere wahyu klakon rinegem
sore wayahe srengenge ngglewang
Ki Wanakusuma dumadakan dadi mamang
Jayaparusa Jayalelana ndheprok ing ngarepe
nelakake kekarepane sing tan bisa dipenggak sapa wae
“Rama, ora ndadak ngenteni turun kaping pitu
aku sing duwe garis keturunan wenang njabel wahyu.”
Ki Wanakusuma ora bisa suwala
tut wuri kekarepane anak sakloron
barisan Gunungkidul klakon budhal alon
sinambi golek tambahan wadyabala
nggebug Kartasura
kaya wis tinulis cetha ing babad Jawa
jenenge wahyu pancen ora kena digege mangsa
Jayaparusa Jayalelana dadi wadaling kekarepan
nalika perang campuh awut-awutan
kalane barisan Gunungkidul mlayu salang tunjang
Ki Wanakusuma dumadakan ilang saka panyawang
ninggalake elegi ngeres-eresi ati
gemontang nganti saiki
2020
Sisihan
ing dhadhamu dumunung samodra
ngemot apa wae kang ana tanpa tidha-tidha
senajan ombak teka saben dina
ora ana critane srengenge ngesat samodramu
saka kene, daksawang garis nyawiji langit biru
2020
Bapak
saka pangrengkuhmu gegayuhan tumuju
anak lanang bisa lelayaran ing langit biru
saka semburmu urip sarwa prasaja
rasa panarima ngrembuleng jroning dhadha
ing wingide wengi
donga-donga ora nate keri
2020
Rembulan
rembulan, ora perlu ndadak klewa-klewa
nalika ana sing ngundha pitakon prasaja
apa maknane pepadhang sing sumampir
kalane wengi sepine kebacut nitir
rembulan, aja ndadak sanggarunggi mangsuli
yen bocah-bocah ngadeg ing plataran bengi iki
takon ngenani kapan tekane purnama
wis pirang-pirang candra ora nate seba
“Aku mung kepengin nggelar jelungan
wujud satire tumrape sapa wae sing wis nate janji
nganti saiki ora ana buktine, kabur kanginan!”
rembulan, aja kaget yen penggurit takon
geneya wengi lan sepi njalari akeh sing ketaton
2020
Anak Wadon
ing atimu dakdhedher mawar mlathi
wangine ora nate mblenjani janji
dina-dina nyurasa aluse rasa-pangrasa
lan welas asih tanpa upama
ing angenmu daktitipake kapang
asmaradana murih ajeg gemontang
garis keturunan cetha sinawang
ora ngaburake panyawang
2020
Penulis:
Irul S. Budianto, lahir dan tinggal di Boyolali, Jawa Tengah. Selain geguritan, juga menulis cerpen, cerkak, puisi dan lainnya. Buku yang telah diterbitkan: Sing Jujur Mesthi Mujur (Kumpulan Crita Anak), Cathetan Kanggo Lintang (Kumpulan Geguritan), Rembulan Sacuwil (Kumpulan Crita Cekak) dan Kalung (Kumpulan Crita Cekak). Penulis bisa dihubungi lewat akun facebook : irul s budianto atau nomor WA : 081567836672