
Geguritan St. Sri Emyani
Senajan ketiga manggang jagad rat pramudita
isih ana tuk netes nyegerake jiwa
ngelih ngelak nalika ngunggahi harda
mecaki laku lakon kang durung pana
SANG PANGRIPTA
Jiwa mabur methit mubeng kurep langit
prasetyaning sukma ngronce ukara tama
kekidung tembang edi luhung kababar tumangkar
tekan tlatah bumi cengkar
Wektu ukara ngrembaka
surasa lungit nggendera angkasa raya
perih tatu telenging kalbu wektu jangkahing laku
kesrimpet dhadhung kepluntir
sang pangripta nyebar mantra
lathi tuwa mesem
tentrem
Kalaning sukma aking kepanggang murenging dahana
kesembur tutur luhur saka lathining sang pangripta
jiwa bali nglenggana samirana ngepus hagni
adhem sarandhuning nurani
hastuti
Senajan ketiga manggang jagad rat pramudita
isih ana tuk netes nyegerake jiwa
ngelih ngelak nalika ngunggahi harda
mecaki laku lakon kang durung pana
Sang Pangripta
isih setya nyebar ukara
sarining laku utama
Panggul-Trenggalek, 04022021
ESEMU
Esemu rembulan pait madu
nyugata teka-teki sinandhi
saka kurep langit biru
lungite patembayan ora kena kagerba
kanthi batang carangan
pralambang
Awit lamising pangucap
hamung isa nyigar kulit
ninggal pangaji
werdi
Esemu rembulan
dak temu bali saka huruf-Mu
sagung dumadi
illahi
Panggul – Trenggalek 04022021
KETIGA
Ketiga manggang dhadha
kekidungan gambang iga
njempalik sandhuwure lemah garing
kebanting natap sela aking
weteng ngelih tanpa boga
gurung kasadan tetesing tirta
nelangsa
Ketiga njilma raja
Ngobat-ngabitake kalbu tatu
temangsang pucuk carang
ceblok kecubles alang-alang
wang
Ketiga aja jubriya
senajan hamung jiwa papa
sarining budaya arep dakdhadhagi
kanthi landheping nurani
suci
Panggul – Trenggalek 04022021
WANGSUL
Embuh tambuh-tambuh iki ana ngendi
ngupadi ngluru sangkaning pesthi
ngulandara natap mega malang megung
suwung
Rasa keduwung
amerga kang ndak temu mung impen semu
pakeliran sepi tanpa laku lakon
guru lagu wis keplayu onya ninggal yaga
blencong mbleret
upet
Gusti
pundi margi wangsul
dhateng kiblat
pangruwat
Panggul – Trenggalek 04022021
Penulis:
St. Sri Emyani. Lahir di bumi Panggul-Trenggalek 22 Agustus 1965. taun 1986-1996 banyak menulis: Laporan seni, budaya lan pariwisata. Tulisan sastranya, tersebar di majalah berbaha jawa dan Indonesia. Seperti: Mekar Sari, Djaka Lodang, Panyebar Semangat, Jaya Baya, Jawa Anyar, Damar Jati, Simphoni, Liberty, Surabaya Post, Sarinah, Jawa Post, Solo Post dan lain-lain Hingga taun 2020 ini sudah 32 buku sastra yang diterbitkan. Sekarang mengajar bahasa dan sastra di SMP Negeri 1 Panggul-Trenggalek.