
Geguritan Jefrianto
Parikena
Lan ana ing tanganmu
Dakliwati wali dalan-dalan kang
nate mbokcritakake
Babagan kang arep disawang
Babagan kadhangkala mujud
Minangka palang lan wahana
kanggo nglanglang
Apa ing tanganmu isih ana jenengku?
wasta kang dironce mawa lagu sajeroning atimu
Angidungake carita-carita liya
kang saiki dadi dohing papan palungguhan
ingsun kalawan sira
Sokanegara, 2020
Hestudriya
Mung dalan-dalan kang setya
lawan tulus angasungake
geguneman kalaning
angin sepi rasa
lan wewayangan
andhapuk dhiri
minangka wewacan
Ning ana pari
ana matari
ana idi
ana siji
kang ngawe-awe
anyaut laras
kang lepas
anglukis paras
Baturraden, 2019
Ing Pamulaning Sasi Juni
Sawise langit katon abang
ing brang kulon kana kae
dakeja maneh jenengmu
kadya meruhi pari
kang kalunturan sunar matari
sajeroning katiga dawa
kang angin-angine
anggurat kapangku
ing teja ing nora kinira
sapira tebane
Saiki wus manjing mring sasi Juni
: sasi kang nate dirantam
dening sawijining kawi
minangka tetembungan adi
Ing sasi iki
dakrembug maneh pangelingan
pangelingan kang nate denlakoni
Kasuwuna
dadi caos bekti
mring urip kang wus linambaran arsa
antara titah-titah kang mujudake sunyata
Baturraden, 2018
Ayodya Gatra
Tetuwuhan sesenggolan
natkala angin kemepyak
nakonake kabar mring awak
kang suwe tumegak
Keprungu swara-swara liya
sajerone dhadha memper
pawarta-pawara saka
mangsa kang tanpa nama
Swara-swara iku
dakrasa wus mbokrungu
nalikane hawa angrambati raga
amedhar sabda kang wus kayasa
Baturraden, 2017
Bengawan ing Puraketa
Kutha-kutha anganam carita-carita
kang diilekake lumantar bengawan
kang saba saka arga lan desa-desa
Carita iku tumeka
dadi wewayangan:
panguripan kang salin-sumalin
antara graita, jangka lelawan
sabda
Baturraden, 2017
Jefrianto, kelahiran Kroya, Cilacap. Menulis dalam dua bahasa, Jawa dan Indonesia. Buku berbahasa Jawanya yang telah terbit, Antologi Geguritan Prabayekti (2017) dan Antologi Esai Teja ing Ambara (2018).