Cerkak
Lakon Sinetron

Lakon Sinetron

Saka eskalator Arini munggah ing lantai telu mbarengi Antono. Ndeleng maneka jinis busana kanggo wadon. Embuh wis pirang toko ing Jembatan Nerah Plaza dienggoki. Mung sawetara ndeleng saklebatan. Siji loro, embuh nganti pira ora ana sing mathuk.

Mampir ndeleng klambi jinis broklat kanthi plisket bathik, wiru lan plisket sotgan. Dicel wola-wali ing papan gantungan sisih ngarep. Sinambi ngrungokake bakule ngomong ngethuprus ora ana enteke. Dheweke mung mesam-mesem nglegani sing tawa. Antono mung lungguh karo nguwasi saka kadohan.

Sawetara swasana ing pusat perbelanjaan awan iku rame banget. Pengunjung katon suk-sukan kanthi keperluan sowang-sowang. Nadyan sing paling akeh para nom-noman lan bocah cilik.

Arini menganggo busana jubah ules abu-abu dijangkepi deker utawa manset werna ireng kanggo nutupi tangan kareben katon luwih brukut. Katon wiwit kemringet. Wola-wali ngusapi riwe ing rai. Nganti make up sing nutup praupane luntur.Wusana sida ndhuwiti busana sing wiwit mau diolak-alik.

Bali munggah lantai ndhuwur ganti liwat lift. Tumuju food corner. Mampir ing stand makanan Pak Dullah. Masakan khas Jawa Timur.

Lungguh meja nomer sanga. Ndeleng daftar mangsakan ing lembaran ndhuwur meja. Ana pelayan sragam ijo nggawa cathetan. Wong loro nuding jinis ayam bakar jawa. Minuman juice apokat.

Sinambi ngrantu pesenan mangsakan teka. Gelis mbukak androit sowang-sowang. Banjur nutup maneh telpon genggam sing wis wola-wali dijingglengi. Mbukak maneka platform twitter, facebook, instagran nganti whatsApp. Ana sing ngomentari status lan ana sing winates like.

“Ar, aku wis ngomong marang wong tuwa yen kepengin enggal omah-omah. Wis blaka yen wanita sing nedya tak rengkuh kuwi kowe,” tembunge Antono karo mandeng wadon lungguh ing ngarepe.

“Ton? Apa wis kok pikir temenan niat mau. Apa wong tuwamu bisa nampa wadon kaya aku. Jalaran ing pangangenku, sing digadhang wong tuwa kanggo anake lanang mesthi sing slaras karo kekudangane,” wangsulane Arini semu nggrayang isi atine wong lanang sing wis luwih saka limang taun ngrenggani uripe.

Wong loro mung pandeng-pandengan suwe tanpa kumecap. Adu panyawang. Nylulupi isi atine. Kawistara saka sorot mripat sing padha ngemu teges jero banget.

“Aku wis dhiwasa, Ar. Bisa milih dalan urip ngendi sing paling apik kanggo mbangun sesomahan. Nadyan aku ngerti, wong tuwa uga wis duwe pilihan,” pratelane Antono kanthi mripat kaca-kaca. Ndadak ora krasa tangan pengkuhe ngregem tangan wanodya ayu sing lungguh adhep-adhepan wiwit mau.

Mripate Antono mandeng wanita ing ngarepe kebak teges. Nylulupi tumekan njero telenge ati. Sing disawang krasa kecipuhan. Enggal manglung praupane. Ndhingkluk ora terwaca apa sing dipandeng lan dipikir. Banjur ndhengengek maneh nyoba nyawang mripat tajem pindha mata elang kuwi.

Sabanjure Antono sing luruh panyawange. Nguwasi regeman tangane sing wiwit mau durung uwal. Saka tangan lumer sing digegem kuwi krasa ana rasa aeng sing mrambat ing njero dhadhane. Sedhela pengangene mlumpat marang kedadeyan limang taun kepungkur. Nalika isih lungguh ing bangku SMA.  Rikala mambu ati kambi Arini Pergiwati. Kanca sakelas sing banjur ditepungake karo wong tuwane.

“Ton, ibu lan bapak ora nyekolahake kowe kanggo grudag-grudug pacaran. Nanging pepenginane wong tuwa bisaa kowe golek ilmu sing cukup kanggo masa dhepanmu,” panyaruwe ibune nalika sore iku ngajak dolan Arini menyang omahe.

“Niki wau nembe rampung nggarap tugas kelompok Bu. Saking wangsul sekolahan langsung ngempal ing griyanipun Arlita. Nembe nuju griya ngiras ngajak mampir Arini,” wangsulan kanthi ngadeg ing sandhinge Arini. Patrap dhingkluk nyangklong tas punggung werna biru tuwa. Terus ngejejer ing ngarep lawang.

“Kuwi mung alesan sing kok gawe-gawe. Sing baku ibu emoh ndeleng kowe runtang-runtung karo cah wadon,” ujar mangkono wong atuwane karo malangkerik. Panyawange nuju marang wadon sing isih nganggo seragam sekolah putih abu-abu.

Arini krasa yen nembe dadi pesakitan. Arep klepat ninggal papan kono. Nanging digondheli. Uleng rebut mlayu. Antono Prisdianto ora kuwawa menggak maneh. Mung bisa nyawang kekasihe mlaku rikat setengah mlayu. Nuju dalan gedhe nyegat angkutan umum.

Nyeleh tas sekolah ing kamar gelis nutup lawang. Ngglethakake awak ing kasur durung ganti penganggo. Seragam sekolah isih tumemplek ing sapandurat awake. Mulih sekolah padatan njur nuju meja makan. Ning sore iki ora duwe selera makan. Pikirane nembe kisruh. Bruwet nanduki pasemone wong tuwa sing ora karenan yen dheweke tepung wadon.

Nanging ing batin dheweke kadhang nglenggana. Ora luput yen nyaruwe anggone pacaran krana isih sekolah. Luwih-luwih dheweke urip ing satengahing keluarga priyayi. Isih ana jalur turunan kraton nadyan wis adoh.

Saliyane kuwi dheweke lan kabeh dulure nenem wiwit cilik diajari urip disiplin. Bapake sing cekel wedana nalika semana, banget merdi kanthi pendidikan kaya kraton.Isih krasa diskriminasi nglungguhake sugih lan mlarat.

Klebu dheweke, ora antuk sesambungan karo wadon lumrah nadyan nembe panduga. Nanging dheweke wis ngrasa yen ora disarujuki kalamun sesambungan karo Arini sing bocah ndesa.

Njenggirat sanalika. Lamunane jugar. Ndadak peladen rumah makan kanthi sragam ijo nyuguhake menu mangsakan sing di pesen wiwit mau. Arini sing wiwit mau meneng-meneng uga ngumbar lamunan gurawalan. Sapungkure nyeleh ayam bakar jawa lan jus apokat peladen gelis ninggal meja nomer sanga.

Lanang wadon sing nembe nandhang wuyung pilih  meneng tanpa nywara. Mung keprungu sendhok garpu ing ndhuwur piring. Padha ngrahabi mangsakan sing wis dipesen. Sinartan uleng pikirane sowang-sowang.Mung kadhangkala nglirik sinambi nguncalake esem.

Kekarone banget migunakake wektu kanthi tumemen. Krana mung dina minggu bisane ketemu. Iku bae ora bisa saben ahad kangsen krana kesibukane ing papan pakaryane dhewe-dhewe. Antono lagi telung sasi iki makarya ing rumah produksi sarampunge kuliah. Akeh proyek gedhe sing ditangani lan kejar tayang.

Wondene Arini malah wis ngancik limang taun nyambutgawe ing salah siji rumah kecantikan. Lulus SMA nalika semana langsung kursus njur nyambutgawe ing Surabaya.

Sejatine Arini wis mbudidaya nglalekake Antono. Tetaunan ora aweh kabar ing ngendi papane. Ora kepengen wong sing ditresnani kuwi dadi panacade keluarga krana sesambungan karo wadon ora sadrajat.

Nanging Antono pancen lanang setya. Datan gampang nglokro nadyan antuk panyendhu. Ora kengguh marang panduwa. Nadyan saka wong tuwa. Mula anggone nglacak wanita sing diboti tanpa tupung wayah. Engga ketemu ing sawiji kontes kecantikan. Nalika semana Arini kagabung ing salah siji tim peserta kontestasi. Wondene Antono melu teka krana tugas saka rumah produksi. Golek bakat lan talenta ing perhelatan mau kanggo diorbitake ing salah siji sinetron.

“Ar, aku duwe gagasan mbokmenawa kowe sarujuk. Nanging aku ora meksa krana kabeh mau gumantung keputusanmu,” semantane Antono sawise rampung mangan bareng.

“Ngenani apa kuwi, Ton? Aku kok penasaran.” Suwe ora ana wangsulan. Arini kapiadreng pengin ngrungu bab wigati apa sing ditawakake.

“Ing rumah produksi nggonku nyambutgawe, aku duwe tugas golek talenta – talenta sing bisa direkrut kanggo naskah sinetron…”

“Njur apa gandhenge karo aku? Aku isih durung mudheng.”

“Maksudku kowe tak lebokake salah siji talenta sing dilist melu audisi,” Arini kaget. Ora percaya karo ide sing dianggep ngayawara mau.

“Ah!! Aja guyon kowe. Aku iki ora duwe bakat melu ngono kuwi.”

“Iku rak jaremu. Ning aku wis biasa dadi pemandhu bakat. Ngorbitake maneka kabisan kanggo njangkepi karakter peran ing saben judhul sinetron.”

Sekawit kabotan diorbitake pacangane dhewe. Nanging pepuntone tetep nyanggupi. Nadyan ana rasa sanggarunggi anggone arep nglakoni. Sapa ngerti duweni nasib apik. Bisa klebu salah siji pemeran ing rumah produksi.

Kesaguhane tansaya manteb lan kenceng. Sawise dijlentrehake dawa gegayutan karo proyek sinetron sing nedya diproduksi. Ngenani donyaning sinetron sing butuh maneka karakter lan bakat kanggo nguripake crita.

Pranyata Arini duwe talenta manjila. Ora nguciwakake. Asile dheweke kepilih dadi salah siji pemeran sing dibutuhake. Atine seneng. Ora kenyana sakdurunge yen dheweke bisa dadi salah siji artis sinetron. Malah babar blas ora kepikir nganti tekan semono.

Sinetron wiwit produksi. Arini pilih totalitas dadi artis anyaran. Ninggal papan panggonan nyambugawe sadurunge. Kareben fokus lan konsentrasi. Saben wektu bisa ketemu karo pacangane.

Sawise kasil ing proyek sinetron. Pancen jenenge njur populer. Gelis kawentar kadidene salah siji talenta anyar katon.Akeh pandhemen. Nanging kuciwane, rencana anggone enggal adeg pelaminan mbangun bale somah kudu disumenekake. Diundur nganti wektu sing ora bisa ditemtokake.

Semune wong loro padha nglenggana yen cita-cita mau disumenekake ndhisik. Ing pangangkah bisa klumpuk ragat kanggo pawitan adeg bale somah sing dadi ancas tujuane. Mundur ora masalah, anggere kabeh gegayuhan mau bisa lumaku kanthi gangsar lancar tanpa pambengan.

Nanging kabeh mau slenca karo rencana sekawit. Karana ketungkul aktivitase sowang sowang. Kwalitas sapatemon dadi tansaya kurang. Jarang bisa nglonggarake wektu kanggo jalan-jalan kaya adat sabene. Rasa tresna sing arum angambar kaya kesilep gebyar donyaning keartisan. Kawigaten genti-genten kaya mbiyen wis jarang kebukten. Malah Antono ngrasa sujana yen Arini wis kegiwang salah siji aktor sing kerja bareng sajudul sinetron..

“Aku kuciwa Ar. Kabeh mleset saka pengangenku sekawit. Kowe wis  dudu Arini mbiyen kae. Prasaja, setya lan jujur ing samubarange,” tembunge Antono nalika antuk kalodhangan mangan bareng. Rikala padha-padha antuk rehat saka papan nyambutgawene.

“Aku ora mudheng karo tembung-tembungmu sing aneh kuwi, Ton. Yogene ndadak idhep-idhep ngomong nglantur kaya ngono? Rumangsaku apa sing tak lakoni ora ana sing owah”

“Nanging iki pancen luputku dhewe. Mbiyen aku sing nyurung-nyurung kowe njegur ing donyaning entertainment,” panglocitane kambi nyedhot jus apokat ing ngarepe.

“Terserah kowe, Ton. Kepriye olehmu ngarani aku. Nanging aku tetep kepengin sesambungan iki lumaku endah kaya mbiyen kae,”

Sapatemon sing krasa amem. Tanpa greget. Krana kekarone padha rebut benere dhewe-dhewe. Embuh iku mung kegawa saka hawa butarepan apa keluke gebyar rumah produksi. Panguripan sing identik karo swasana glamour mburu popularitas.

Wusana lelakone wong loro memper lelakon sinetron sing dibintangi. Antono metu saka rumah produksi papan dheweke ngrintis karier ing donyaning entertainmen.Arini dhewe klelep ing ulegan ombaking keartisan. Popularitase asring viral ing dunia virtual. Cinta lokasi dadi kasunyatan. Lali purwaduksina. Anane mung seneng-seneng tanpa merduli pranatan bebrayan.

Pepuntone Antono bali mulih marang wong tuwane. Nggawa ati semplah. Apa sing diangkah jugar wigar. Mula sawetara kepengin ngaso saka donyaning entertainment. Getun lan kuciwa campur dadi siji. Ngebaki lakune dina sing dirasa tanpa pengarep.

Pranyata apa sing mbiyen diwulangake dening wong tuwane ora luput. Ngenani kepiye kudune milih wadon kadidene kanca urip. Karana bareng dilelimbang kabeh pituturr wong tuwa mbiyen kae dadi kasunyatan.

“Le, aja kelantur anggonmu nggetuni lelakon sing wis kawuri. Urip pancen kaya endahing samodra. Biru maya-maya. Nanging ing kana ana ombak sing mbentus watu karang panguripan.”

Bengi kuwi dheweke sapejagong karo biyunge. Akeh akeh pitutur lan pambonbong sing dirungu kanthi saksama. Ndhingkluk meneng ngresepi kabeh tembung-tembung adiluhung. Ana rasa edhum nalika cecedhakan kambi wadon sepuh sing nglairake dheweke.

“Ibu bombong ndeleng kowe wis kesdu ikhtiar golek ilmu lan nyambut gawe. Nadyan banjur kebentus sandhungane urip. Nanging kowe wong gagah aja nglokro mung krana gagar wigare katresnan. Krana sesuk isih ana srengenge anyar. Isih akeh pengarep-arep sing bisa digayuh kanggo bebadra ing ndonya sing jembar”

Ngrungu swara endah saka biyung sing ditresnani. Ndadak ora sengaja tangane kumlawe ngrangkul wadon ing sandhinge. Kaya bocah cilik sing pengin dikekep dening biyunge.


Nono Warnono: Adalah cerpenis lahir dan tinggal di Bojonegoro. Karya-karyanya memperoleh penghargaan Rancage dan Anugerah Sutasoma. Tinggal di Sanggar Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB)

1 thought on “Lakon Sinetron

    • Author gravatar

      Suka dengan cerkak ini. Memberi pesan bahwa firasat orang tua, khususnya ibu di kemudian hari lebih sering benarnya. Bagaimanapun, tidak ada seorang ibu yang ingin menjerumuskan anaknya.

      Btw, cerpen sudah ada 11 tetapi cerkak baru 2. Kalau boleh tahu, berapa lama jeda pemuatan Cerkaknya, Kak?

Leave a Reply

Your email address will not be published.