
Geguritan Apriyanto Dwi Santoso
Ngalaming Kalbu
Saniskara budi ngalaming kalbu
Bumedhah ing ratri sepi asamun
Kalamun ingsun tumuju Gusti
Tinitah seba jatining dhiri
Gusti, sun titah tan sampurna
Nampa sih samudana kebak jiwaning tresna
Suka-parisuka seba ing ngarsa
Sawijining tekad tekun memuji
Mugya Gusti hangrangkul kalbu suniki
Wedhar Pitutur
Wedhar kawedhar pitutur becik
Cikaling manungsa luhur ing budi
Dinapuk dadya satriya pinuji
Jiwa suci wening ing ati
Pitutur donya samar samur
Saindhenging tumindak luhur
Dadya jalma kawruh sing dhuwur
Sejatining titah utameng dhiri
Kawruh Sejati
Sejatining kawruh, tan kudu weruh
Jawuh sadina-dina ing lumantar dhiri
Pribadi hanyawang sakabehing kadadeyan
Tumindak becik ala kajupuk netra
Mbebujung donya sapira lawase
Ibarat urip mung mampir ngombe
Kudu digegem kawruh sejatine
Donya kacepeng lan tembe burine
Kadya toya kang bali
neng segarane
Swaraning Toya
Dakgoleki wernaning mega
Akasa kang wiyar kuwasa
Amung nyawang wewayangan Gung
Gunging Gusti ing sakabehing Bumi
Dakgoleki endahing maruta
Kang mbeksa sadalane laku uripku
Hangiteri sasuwene neng Bumi iki
Gunging Gusti mbeksa lumantar sliramu
Dakgoleki swaraning toya
Kang mudhun, mili, lan nguripi
Satibaning jalma, ngiyup
Tan gelem menehi salam
Salam gunging Gusti kang mirah mring sakabehe
Toyaning Illahi
Toya tuk kang hamili
Sangisore wit gedhe
Inggil parane
Mudhun, tumut dalane
Lurus, kala-kala mbelok
Ora tau hanyingkiri
Mung tumut dalane Illahi
Toya Nyawiji
Kukutane banyu mili sajroning segara
Ing segara jembar nyawiji dadi siji
Gumathuk kersaning Hyang mahamirah
Dadya pepindhaning manungsa
Donya mung anggonmu mili
Kala-kala ana sampah sing nyegat
Kala-kala dalane gedhe, mili banter
Bakalan nyawiji ing samudra sih tembe buri
Toyaning Kalbu
Kalbu sun nut dalaning Illahi
Lumantar donga-donga suci
Hambabar pitutur luhur iku
Mugya dadya satriya utama
Ambeg budi utama saniskara
Kawruh wanuh kautaman jiwa
Nut Gusti, ingsun iki toya bakal bali
Penulis:
Apriyanto Dwi Santoso, lahir di Klaten, 7 April 1991. Penulis senang membaca buku, baik fiksi maupun nonfiksi. Penulis menulis cerkak dan geguritan. Beberapa cerkak dan geguritan penulis pernah dimuat di media, baik cetak maupun elektronik, seperti Djaka Lodang, Panjebar Semangat, Perwara Dinamika, dan Jawasastra. Saat ini penulis bekerja sebagai editor di PT Intan Pariwara, Klaten.