
Geguritan Anjrah Lelono Broto
1/
Lakon Watugunung
krikil sapucuk driji
sun regem keket wutuh nyawiji
kelingan mangsa kawuri
krikil iki siji saka pirang aksoini
krikil kang sun klumpukake nuli
sun sebyar turut margi
saka guwa garba tekan titi wanci
sowan ngarsaning gusti
yen ta kaya muspra tanpa tanja
ora ana kang luput ing panggraita
krana krikil bisa uga manik kencana
ing mripat kang cegah merem nalika
samirana pethit ratri mbabar usada
2021
2/
Lakon Sumantri
nora gampang
ngilangake wewayangan
sumantri saka pasuryan
simbah, bapak, paman,
garwa, anak, uga para kadang
aja mung sriwedari
kang den aburake mumbul wiyati
pawongan-pawongan kang den tresnani
bisa jejer sukasrana kang den singkiri
krana rupa tan mbejaji
senajan tansah ngampingi
nganti atus kringet lan ati
tan kendhat ngumandhang rina wengi
lelagon lali sumantri
padha lali.. padha lali.. padha lali..
yen drajat, pangkat, semat tan ginawa mati
2021
3/
Lakon Nakula
tumuruning banyu udan
pindha cebloking kahyangan
antaraning gegodhongan
lan rapeting wit-witan
alas kamyaka
nuli aku bisa
ing lemah ngrakit ukara
; “kenengapa kudu ana
kakang puntadewa, bima, arjuna,
uga kembaran sadewa,
kang ngregoni lakonku jejer satriya?
2021
4/
Sedulur(ku) Sanja
dakwenehake ambenku
kanggo dheweke, sedulurku
siji saka papat pancer lima
kang sanja nalika
brongot ati sansaya digdaya
tugelan wedang kopi
kang densruput sedulurku kuwi
sun irup keluke klawan sewu panyandra
krana lathine nora gage ngumbar ukara
tutur sembur kaya liyaning dina
ing cecegan uthis kalima
dheweke nembe ngelikake prasaja
; “Bapang wis ora butuh den simpangi,
mungkuring catur kuwi
palagan kanggoning priya sejati,”
2021
5/
Mitra Sejati
mitra sejati ora mung siji
dudu mung kang taberi nyapa
nalika jaja bengkah
lan nyangking tamba
mitra sejati ora mung siki kuwi
dudu mung kang setya ngancani
ngudud uga ngopi ing warung wifi
klawan jembaring esem, jembaring ati
sedulur sejati kuwi mayuta-mayuta
sauger kita ora suthik mbuka jaja
kanggo nampani pralampita
lan tansah prasaja
methik bun-bun esuk
nyapa sadengah titah tanpa ngesuk
2021
6/
Sinau Saka Swara “Meong”
aja nyatur yen donyane bakal kiamat
mung krana swara “meong” ngebaki jagad
senadyan akeh titah kaya kelangan keblat
nanging isih ana kang rinegem minangka jimat
swaraning “meong” kuwi ngalamat
becik ketitik, kang ala bakal rinuwat
2021
7/
Kori Putih
ing kene
kori putih lungguh sumendhe
katon lungkrah, lan mengkis ambegane
dene
swara surak para titah keprungu gumerah
rebut dhucung wani anjarah rayah
krana kori-kori liyane nggodha ati tanpa sayah
panjurunge nepsu
nyigar langit tekan sap kapitu
apa kang den lari umpama karakit jejer gurit klawu
bakal nyuwek entek maewu dluwang buku
bakal ngasatake samodraning mangsi biru
lan, kori putih mung bisa nyawang
anggane sansaya lungkrah lan kelangan
2021
9/
Ing Antaraning Gegodhongan
sun sawang lintang
ing antaraning gegodhongan
cahyaning sumilak padhang
nadjan sacliritan
ing antaraning gegodhongan
kadangkala mripat iki uga nyawang
playoning para pawongan
nguber impene kang mabur tanpa pamitan
aku mung bisa nyawang
impenku dhewe ilang jroning ulegan
sangisoring cahyaning lintang
ing antaraning gegodhongan
2021
Penulis:
Anjrah Lelono Broto, lair ing Jombang lan sakmenika cumondhok ing Trowulan, Mojokerto. Wiwit SMA ajar nyerat esai, cerpen, uga puisi kang asring kapacak ing media massa lan online (abasa Indonesia lan abasa Jawa). Sawetara geguritane klebu buku-buku antologi bebarengan. Buku anggitane yakuwi Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak (kumpulan crita cekak, 2015), Nampan Pencakan (antologi puisi, 2017), Permintaan Hujan Jingga (antologi puisi, 2018), lan Kontra Diksi Laporan Terkini (antologi puisi, 2020). Naskah teater anggitane kang asesirah Nyonya Cayo kapilih minangka Nominasi Pilihan jroning Sayembara Naskah Lakon Dewan Kesenian Jawa Timur 2018. Piyambake nate kacathet minangka undangan Kongres Sastra Jawa III (Surabaya, 2011), Kongres Sastra Jawa IV (Yogyakarta, 2016), Muktamar Sastra Nasional (Situbondo, 2018), panelis jroning Kongres Budaya Jawa II (Surabaya, 2018), lan peserta Musyawarah Nasional Sastrawan Indonesia III (Jakarta, 2020). Saged dipun sapa ing e-mail: [email protected], FB:anjrahlelonobroto, Twitter: anjrah_lelono_b, dalah IG: anjrahlelonobroto.