Cerkak
Isih Ana Thukulan Anyar

Isih Ana Thukulan Anyar

Isih kelingan nalika sapatemon sanggar neng Babadan kepungkur, kang Narban pesen, yen isa suk ulang taun sing kaping patang puluh, saben anggota supaya gawe cerkak. Dudu antologi biasa kaya sadurunge, ning kumpulan cerkak sing isine minangka “kenangan” marang kanca-kanca sing wis sumare.

Wiwit aku gabung karo sanggar sastra Guyub Rukun, udakara awal taun rongewu wolu biyen, saka cacah anggota antarane patang puluh nganti seketan, taketung ana priyayi lima sing marak sowan ngarsane Gusti Allah. Kabeh sing wis sowan sesembahane kuwi klebu paraga sing dedikasine menyang lumakune sanggar ora baen-baen.

Kadang Irfan, tinggal donya kira-kira nem taun kawuri, ajeg rawuh gasik neng papan patemon. Embuh kono neng Blitar, Malang, Madiun, Kediri, Trenggalek, Ponorogo, apa maneh Tulungagung, dulur sing makarya neng Dinas Pertanian Kabupaten iki mesthi paling awal. Kerep sing kanggonan durung tata-tata ubarampe patemon kaya sound sistem, gelaran klasa apa karpet, kadang siji iki wis nyenuk sandhing lawang.

Rawuhe ora ijen, tapi mesthi dikinthil nyonyae. Yen ora ngono, asring uga diampingi putra-putrane, sing wis kerja utawa lagi sekolah. Cocog karo latar belakang pendhidhikane, kadang Irfi—ngono aku kerep nyeluk—mesthi nulis bab kawruh tetanen. Maklum, sarjana pertanian.

“Aku kurang sreg yen dikongkon nulis sastra. Senenge ati ya nalika aku ngetokake isi ati iki liwat sumbangsihku marang kanca tani,” ngono kadang Irfan tau kandha menyang aku.

“Rak malah sampun klop kan, Pak?” semaurku, nyemangati.

“Lha, iya,” mung kuwi sing kerep dikojahake esuk kuwi nalika sapatemon kawitan sing takeloni neng Blitar, embuh daleme sapa, aku lali.

Kesanku marang sedulur Sukono seje maneh. Anggota sanggar sing penulis cerkak lan geguritan sing makaping-kaping dadi juwara lomba iki, pengabdiane nyang lumakune sanggar pancen ora dibantah maneh. Neng ngendi wae, sedulur Sukono kena dipasthekake rawuhe. Anggene rawuh asring digandheng motor utawa mobil kanca liyane.

“Wong motor-motore dhewe, lek usaha dhewe, anggonku tuku ngangge dhuwitku dhewe, kok ndadak dikongkon “golek SIM”. Wegah,” iki ucapane penggurit sing tamatan Unesa, hobi rambut gondrong mau.

Kanthi alesan mengkono mau, anggota sanggar asli Ponorogo iki tetep ora nyekel SIM. Dadi upama metu nyang njaba kutha reog, sedulur Sukono ajeg nunut kanca. Mung yen nggulawenthah muride neng wewengkon Panggul, sedulur Sukono wani nyetir motor dhewe. Kira-kira dheweke duwe anggepan, wektu mulang kan ngagem seragam dhines. Kemungkinan kena momen polisi luwih cilik tinimbang nalika nggae pakaian preman.

Apa sing takeling-eling tumrap ustadz Amir—ngono sebutan marang Ahmad Amir—seje maneh. Dwija MIN saka wewengkon kecamatan Karangrejo iki pancen spesialis nyerat babagan kawruh agama. Neng kalawarti basa jawa utawa wektu nulis buku, ya tetep bab agama. Saben seminggu sepisan, ustadz mesthi hadir neng rubrik Kawruh Agama.

Ustadz Amir sing saben nekani adicara ajegan sanggar—loro utawa telung sasi sepisan—dikinthil garwane sing India face kuwi. Ora mung wanita sing setia ngampingi garwa kuwi thok. Kerep uga putra purine sing imut-imut kuwi ndherek wongtuwa lorone. Kesan keluarga harmonis, jelas bisa sinawang.

Kanca sanggar pawakan Werkudara iki, pirang-pirang taun sadurunge tinggal, lagi dibebana Sing Maha Kuwasa gerah diabetes.mellitus. Bawaan penyakit iki rak gampang pipis. Nalika ana acara rekreasi sekaligus mampir kantor redhaksi Djaka Lodhang, rencanane uga Kedaulatan Rakyat, budhal jam sanga bengi. Diangkah olehe teka nyang kantor media cithak loro kuwi ora kesusu, balik Tulungagung uga ora kewengen.

“Mengko yen kepethuk musholla utawa masjid pinggir dalan, aku omongana,” pesene ustadz Amir.

“Lha, wonten menapa ta, Pak?” aku ngguyoni.

“Ya, pipis no,” singkat jawabe ustadz Amir

“Oooo, alah. Yen niku, kula nggih mathuk,” semaurku.

“Apa sampeyan lara kaya aku?”

“Mboten. Ning kebiasaan kula niku “hobi” pipis yen ana lelungan.”

Ustadz Amir manthuk-manthuk, karo mesem. Tenan. Wektu numpak bus mini saka kutha marmer nganti tekan Yogyakarta, bola-bali mandheg pinggir dalan saperlu nunggu ustadz Amir melepas hajat. Kabeh kanca sing jumlahe telungpuluhan mau, ora eneng sing nggrundel, masiya kudu nunggu ana njero bus utawa ngaso kadhemen ana njaba. Solidaritas pertemanan.

“Nyekakak Sik…Ah”. Iki rubrik tetap sing digawangi kadang Amaryanto. Anggota sanggar sing wartawan ngrangkep kartunis ini, nalika nekani pertemuan sanggar kena dipesthekake nitih motor. Nyang Malang, Blitar, Trenggalek, Ponorogo, Madiun, kendharaan idolane ya kuwi. Maklum, kartunis sing wis takkenal wiwit taun pitung puluhan, pidalem neng Pare iki pancen ora duwe bala ana kutha tahu mau. Biyen eneng, penulis mudha taruna sing prodhuktif, tapi saiki wis ora nggabung sanggar.

Kanggo ngenang sepak-terjange neng sanggar, aku wis nulis cerkak mawa irah-irahan Sinthingan Layangan. Inti cerkak iki nyritakake kadang Amar Blangkon—julukane kang Amar—sing sawise sisihane tinggal donya, semangat uripe mlorot terus. Gambarane kaya layangan mumbul ngangkasa kae yen sinthingan sing sisih ilang, mumbule malih oling, ora anteng, ora endah sinawang. Malah, yen angine banter, layangan isa nungsep ana lemah, wusanane layangan edi-peni mau amoh, ora wujud.

Kanggo Jeng Rita—salah sijine paraga sing melu ngedekake sanggar—durung kober taktulis cerkak ngenani piyambake, krana pageblug korona sing nganti saiki panggah nekakake korban tanpa prei.

Sing jelas, jeng Rita wis ora usah ditakokake pengabdiane neng donyane sastra Jawa. Tropi penghargaan, piagam, bebana sing ditampa sadhabreg jumlahe. Ngarepake purna bakti minangka pendidik multi prestasi, Gusti Sing Murbeng Dumadi mundhut supaya sowan. Warga kutha kelairane Bung Karno kuwi wis ora nyawiji karo kanca-kanca maneh, merga dicoba pinaringan maneka-werna penyakit.

“Sauger pinter anggene ngolah, lelakon sederhana sing kita sumurupi saben dhetik, isa didadekake cerkak sing nengsemake,” ngono “welinge” jeng Rita Siswanti marang aku, mung telung sasi sadurunge panjenengane tinimbalan marak Gusti Sesembahane.

Dina iki sesepuh sanggar, Kung Tarjan lagi gerah. Biasa. Priyayi udzur ngene iki adate ketaman lelara degeneratif alias sudane werna-werna organ tubuh. Fungsi asline malih mlorot. Ibarat onderdil kendharaan ngono, kira-kira wae akeh sing wis aus. Onderdil mesin tetep ana suku cadhange, tapi yen menungsa, jelas ora tinemu pabrik peralatan tubuh. Usaha, ngati-ati anggene dhahar-ngunjuk, endinge mung pasrah, semendhe marang Gusti Allah, sinambi nekunake, nambah volume ibadah.

Nyawang kahanan mengkene, kadhangkala ana ati digubet rasa was-sumelang. Terus piye nasibe sanggar sing kiprah ana donyane sastra-budaya Jawa adiluhung kuwi? Apa isih isa kasawang rantak-rantake srengenge ing bangwetan sing sumunar padhang?

“Ora perlu kuwatir, ora usah melankolis, Bro. Wektu iki rak isih ana mas Jazi, mas Gandhang, mbak Ratih sing tansaya prodhuktif, inovatif, variatif, tansah eksis ambyur ana amba samodrane sastra Jawa. Tulisane ora mung neng media cetak, ning sadhabreg sing kamot media on-line.”

Kadhangkala dumeling bisikan kalbu ngono kuwi, nalika aku pas dhelog-dhelog neng teras ngarep, sebab pancen lagi ora ana kegiatan. Umur tambah akeh, sakujur awak kerep “mogok”, gerakane wis ora isa sat-set, sat-set kaya wingi kae.

Oh, ya. Aku eling yen mas Jazi jago banget nulis donyane bocah, mas Gandhang hebat bab geguritan lan alam misteri, mbak Ratih jempol neng babagan roman remaja.

Pupus ijo royo-royo, ora gampang pepes keterak angin gilir-gumanti swasana jagad raya iki, muga isa kita prangguli ing dina sing arep teka. Thukulan anyar sing potensial muga-muga tansaya mrajak..


Penulis:

Dawam, Lahir tgl 29 Agustus 1956, pensiun dari Pemkab Tulungagung tahun 2012, menulis—Jawa dan Indonesia—sejak 1978-saat ini. Bergabung di Sanggar Triwida Tulungagung sejak 2007 hingga sekarang.


Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *