
Geguritan Lintang WM
MAGETAN WAYAH AWAN
dumadakan ana sing nampeg dhadha
wayah awan nalika dakpecaki kuthamu,
“Lilakna aku methik sagagang gupitasari
wangine bakal daksimpen ing senthong ati,” kandhamu
sineksen mekare mawar melathi
lan aku ora bisa kumecap apa-apa
kasetyan lan katresnan
dudu crita kudu diumbar nganti byar-byaran
awit sapa wae wenang ndhedher lan ngrasakake
bareng prenthuling kekarepan sing ora bisa dikipatake
Magetan wayah awan
dakundha lungide donga panguripan
murih dina-dinamu rinengga esem-guyu
lajere sejarah cinathet anak putu
Magetan, 2021
KOPI SORE
ing meja cumawis kopi panas
nalika sore tumungkul ngarep-arep tekamu
mbabar crita ngremite laku nganti tuntas
senajan kadhangkala gawe kejoting maras
: pait utawa manis kudu diulu
ing meja cumawis kopi panas
kenthel utawa cuwer saderma pilihan
nanging kebule panggah nglarapake pituwas
dina-dina sing kebak gegadhangan
sore isih tumungkul ngarep-arep tekamu
lan kopi panas sing setya ngancani
wujud sanepa sing kudu diwiwiri
Tawangmangu, 2021
SKETSA BUN
kasetyane marang gegodhongan
angel dijarwakake nganggo ukara apa wae
dheweke lila lebur bareng wadhage
nalika srengenge ing bang wetan
anguk-anguk miwiti jejibahan
Sarangan, 2021
MANUK ELANG
manuk elang mabur dhuwur
mripate tajem nembus petenge wengi
cakare kuwawa njuwing-juwing kamunafikan
sasuwene iki ngongkrah-ongkrah laku ing padinan
aja pisan-pisan ngomong egois
ora duwe daya nganti ngenes kaya critane
Ismail sing kudu dibeleh bapake dhewe
yen rasa kebacut kaya watu
apa salah yen aku ngetes atose kekarepanmu
o, prawanku
geneya ora nate mbokpatri ing angen-angen
wis kaping pira aku kudu njerit kelaran
ngekep tatu-tatu
kena lading mingis-mingis sing saben wektu
mbokcublesake ing dhadhaku kanthi pawadan
iline getih bakal mambu dalil-dalil filsuf Yunani
sing mbokjupuk saka crita-crita lawas
manuk elang mabur dhuwur
mripate tajem ngungkuli ladingmu
kekasihku, katone muspra rasa ngungunmu
sing sengaja mbokbangun saka kepleke swiwiku
ketang mbokanggep mung kanggo mburu kebebasan
tanpa nglalekake sejarah
yen kacintrakan ora enggal dirampungi
pemberontakan kanthi paseksen langit mesthi njebluge
lan aja kaget yen mengkone gedhung cor-coran beton
nganti menara hipokrit sing mbok agung-agungake
bakal ajur bosah-baseh krana cakar-cakarku
sing tanpa sadhar wis mbokgawe sansaya mingis-mingis
aku kudu kandha apa anane, kekasihku
prasasti sing biyen ditancepake dadi seksi kalanggengan
ora bakal kejabut gladiator-gladiator kuwawa nyigar jiwa
o, welas asih lan nresnani rak luwih larang regane
katimbang nyungulake butarepan sing ora kawaca
mripate tajem nembus petenge wengi
cakar-cakare kuwawa njuwing-juwing apa wae
: aku manuk elang kuwi
ora nate mbokgagas sadurunge
2020
KWATRIN JAYADRATA
dheweke gumuyu sinambi nepuk dhadha
kalane srengenge wis ilang saka panyawang
sedhela maneh bakal disipati pati obonge Arjuna
ora ngertiya pasopati nigas gulune nganti adoh kabuncang
2021
JANUARI
esem kuwi pijer kawetu
bareng udan sing ora tepung wektu
lan kangen mung bisa glibedan
ing jero kamar
kamangka janji sing wis rinonce
sansaya nyedhaki wancine
saka cendhela kamar
dheweke banjur kandha alon,
“Kangen iki duweke sapa, Januari
nalika wengi pijer nguncalake sepi?”
esem kuwi pijer kawetu
apa sing ana jroning atimu?
2021
NGLUKIS LINTANG
pengin dakajari bocah-bocah
nglukis lintang ing kanvas wengi
murih peteng sing tansah glibedan ing sirah
ora latah nyeret sepi nukulake rasa wedi
gawe laku sasar-susur salah arah
bocah-bocah mesem prasaja
ing kanvas lintang-lintang wis katon ngegla
tharik-tharik endah banget nothol rasa
“Ora ana critane peteng ngendheg laku
selagine sliramu gelem nuntun saben wektu.”
pengin dakajari bocah-bocah
nglukis lintang ing kanvas wengi
yen wis wancine dheweke bakal ngguyu renyah
ngerti werdine lintang lan wengi
ora liya sliramu sing tansah dienteni
nggawa pepadhang kalane peteng ngiwi-iwi
2020
Lintang WM, menulis geguritan dan lainnya. Karya-karyanya dipublikasikan di berbagai media. Kini tinggal di Boyolali, Jawa Tengah.