Cerkak
Remen Tanem

Remen Tanem

Nalika plakat sing tulisane ‘Remen Tanem’ ngadeg ing sacedhake gapura desa, atine Marni kebrongot. Polatane ngluwihi cacing kepanasen. Apa maneh nalika saben dina ana wae pawongan sing mampir omahe nakonake panggonan kanthi jeneng ‘’Remen Tanem’ kuwi mau.

Kaya dina Setu wage kae. Apa ya ngepasi wetone Marni dhewe, ulate peteng kaya pedhut nalika ana bocah nom-noman takon marang dheweke. Marni sing nalika kuwi ngedhep kumbahan sak ember gedhe, lambene mbecucu, kewer-kewer.

“Mbok pikir aku ki gugel map apa piye, Mas?” Marni malah bali takon nalika pawongan wadon sing bonceng, mudun banjur takon.

“Nggih, mpun, Bu. Menawi mekaten kula pareng. Matur nuwun.” bocah wadon kuwi mau gage-gage bali menyang pit montor sinambi batine grenengan ora uwis.

Plakat sing ngadeg antarane sepuluh meter saka omahe Marni kuwi sing masang ora keliya Baidi, bojone Minah. Omahe kira-kira rongatus meter saka omahe Marni. Marni lan Minah kuwi sejatine kekancan nalika cilik. Beda karo Marni sing lunga bara menyang Jakarta, Minah ora nate metu saka omah. Pagaweyane mung njait yen ana wong pesen klambi utawa kathok.

Sasuwene ing Jakarta, Marni dadi wong kepama. Sanajan kerjane mung ning pabrik, kabar sing mabur teka desa, bojone wong sugih mblegedhu. Tumpakane montor kinclong. Praupane kaya artis korea; putih, resik, kinclong kaya kaca benggala. Postingane Marni ing facebook dadi kembang lambe ing desa.

“Lha ya, wong kok bejane kaya ngono,” ukarane Prihatin nalika blanja ing warung. Krungu kaya mengkono, Minah mung mesem.

“Coba yen bojoku karo bojomu sugih ngono kuwi, ya, Nah. Awake dhewe mesthi mung kari ongkang-ongkang. Ora prelu saben dina menthelengi dom lan bolah,”

Yu Jami, sing nduwe warung malah ngguyu.
“Kok ngguyu ngapa, Yu?”

“Kowe kuwi lho, sing marake ngguyu. Yen bojomu sugih kaya Marni, mesthi wae kowe bancakan.”

“Lha kok ngono, Yu?”

“Iya. Mesthi jenengmu mbok ganti dadi Sugihatin ora Prihatin. Hahahah.” Guyune Yu Jami sansaya banter. Minah melu kemekelen.

Kuwi guyonan setaun kapungkur sadurunge kabar sing luwih gayeng mlebu desa. Pranyata, telung sasi sawise rabi, bojone Marni kecekel polisi. Dheweke kesrimpet perkara korupsi dana bantuan sosial. Kabeh wong ing desa wis ngerti, ora keliya Minah. Ananging, sajake Marni isih nutup-nutupi.

Rong dina wingi, Minah kepethuk Marni ing warunge Yu Jami. Wong loro kuwi mau mesem. Eseme Marni katon kaku, sanajan wiwit cilik, wis padha kekancan lan dolan menyang ngendi wae. Minah eling, jaman semana nalika padha dolan menyang kali, dheweke seneng golek kangkung utawa sumpil. Dheweke uga nate ngidak beling nalika arep nggayoh kangkung ing cedhak kedhung. Marni sing weruh banjur mlayu, golek bekicot, banyune ditetesake ing sikile Minah sing mlowek. Marni uga gage-gage naleni sikile Minah nganggo gombal saka suwekane roke.

“Ayo mampir, Mar,” pangajake Minah. Marni mung mesem, sithik, banjur lunga.

“Oalah ya, Nah. Urip kuwi sawang sinawang. Saka njaba katon mulya, ora ngerti njerone kaya ngapa.” Yu Jami urun rembug tanpa dijaluki.

“Ngomong apa, ta, Yu?”

“Gandheng kowe kancane Marni wiwit cilik, aku dakngomong. Utange Marni kuwi akeh sasuwene ditinggal ning penjara bojone. Wingi ana pegawe bank mara ning omahe.”

“Halah! Tenan ora Sampeyan kuwi, Yu?!”

“Iya.”


“Alhamdulillah, Bu. Kepayon maneh limangatus ewu. Pillowdendron karo monstera wis ludhes” ujare Baidi. Sing dijak ngomong malah ndomblong. Minah isih kepikiran omongane Yu Jami.

Baidi mandheg anggone njejer pot sing ditanduri keladi maneka werna. Pancen, wiwit ndhisik, Baidi lan Minah kuwi seneng tetanduran. Tanduran apa wae diceblokake ing latar. Latare sing pancen ora amba, saiki wis kebak tanduran. Maneka werna kembang kayadene bugenvil, kemuning, keladi, utawa aglonema sing saiki lagi kawentar ya ana. Nganti maneka werna bumbon ya tumancep ing latar kono. Sasuwene ana korona, Baidi malah nlateni bakul kembang. Kabeh gara-gara ana wong takon, banjur suwe-suwe malah bisa aweh pengasilan.

Saka panemune Minah, banjur ngarep omahe dipasangi umbul-umbul kanthi tulisan ‘Remen Tanem’ pinangka jeneng bakulan tandurane. Semana uga plakat sing cedhak gapura mlebu kae ya saka panemune Minah. Kersane Gusti, tanduran sing maune mung dadi panglipur yen lagi kesel, saiki malah bisa dadi dalan rejeki. Baidi leren anggone dodol es, lan milih nlateni bakul tanduran.

“Dhik, dijak ngomong kok meneng wae.”

“Heh, piye, Mas?”

“Iki lho, kepayon maneh.” Baidi ngelungake dhuwit sing lagi wae ditampa saka nom-noman loro sing maune tuku kembang. Ndilalahe sing dipilih sing larang.

“Aku lagi kepikiran Marni, Mas,”

“Ana apa, ta?”

“Sampeyan kan ngerti, dheweke kancaku wiwit cilik, ananging kok sajake saiki ngedoh saka aku, ya,”

“Apa ya ngono. Wingi pas aku masang plakat cedhak omahe, dheweke mlengos weruh aku. Malah langsung mlebu omah.”

“Gek apa salahe awake dhewe, ya, Mas?”

Baidi isih mindhahi keladi saka pot cilik ning pot sing luwih gedhe. Ing wayah udan kaya ngene, tanduran pancen cepet gedhene. Oyote padha ngebaki pot. Yen ora diganti, mundhak pote pecah lan tandurane ora apik.

Dumadakan ana wong lanang loro sing sandhangane necis mandheg ing ngarepan. Wong lanang kuwi mau takon omahe Marni, ananging wis duduhi bola-bali, dheweke katon bingung. Kepeksa, Minah ngeterake wong lanang mau.

Marni kaget. Pawongan lanang sing pranyata pegawe bank mau banjur lunga sawise diwenehi dhuwit. Minah isih ngadeg ing cedhak kono. Karepe, dheweke arep sisan dolan, ananging tanggepane Marni beda.

“Kok ndadak mbok terake, ta, Nah?”

Meneng sawetara. Atine Minah krasa, menawa tembunge Marni kuwi mau arep miwiti perkara sing ora apik.
“Ngene, Mar…”

“Dadi wong kuwi aja seneng ikut campur, kepingin ngerti urusane tangga,”

Minah meneng klakep, raine abang ireng. Ora nyangka yen Marni bakal ngomong kaya ngono. Sawetara wektu, dheweke mung meneng, ngunjal ambegan. Ngatur atine kareben ora kebrongot.

“Saiki uripmu kepama. Tanduran lan masker jaitanmu pancen rame. Ananging kowe ora berhak ngurusi uripku,” Marni banjur lungguh ing kursi. Nalika Minah mandeng dheweke, Marni malah mlengos.

“Mar, sithik-sithika aku ora kepingin ngurus urusane wong liya. Mas-mase mau pancen sing ngakon aku supaya ngeterake menyang omahmu amarga bingung ora ngerti lor kidul.”

Marni ngelek idu, dene Minah gage ngadeg lan lunga kanthi kesusu.


Nalika Marni teka, Minah lan Baidi lagi wae rampung ngedoli wong tuku wit jeruk lan pakis. Keprungu totalane nganti petangatus ewu. Marni ngadeg ing sisih lor, ketutupan kembang kemuning sing ngrembuyung.

“Nah,”

Minah clingak-clinguk. Minah apal menawa kuwi swarane Marni.
“Eh, Mar, ayo pinarak dolan kene,”

Baidi mesem, banjur mlebu ninggalake Marni lan Minah ing latar. Minah ngajak Marni lungguh ing lincak ngisor wit pelem. Sawetara wektu Baidi bali nggawa wedang lan roti. Sesawangan kaya ngono wis lumrah ing omahe Minah. Yen ana tamu, ora kudu Minah sing nyepaki sugatan. Sapa sing longgar bisa ngrewangi kerepotane sijine. Apa maneh, Baidi ngerti manawa sing lagi mara kanca lawase bojone.

“Sepuramu, Nah, wingi aku ngomong sing ora mranani atimu,”

“Halah, Mar, wis, ora usah dipikir,”

“Tetepa aku ya kepikiran, Nah. Ngomong kok gaco njeplak, ya?” Marni dhingkluk. Ngguyu ananging rodok ndredheg.

“Mar,” Mripate Minah mandeng Marni sing isih ndhingkluk. “Kowe wis gelem dolan mrene wae, senengku ora karuan, Mar,”

Marni mesem. Minah weruh ana sing mbambeg ing tlapukane.
“Aja lebay, Nah. Kowe kuwi kaya ketekan sapa wae.”

“Yen ana apa-apa dolano mrene. Aku isih Minah sing ndhisik. Ora maleh.” wangsulane Minah. Saiki bambegan sing ana ing tlapukane Marni, mili ing pipi.

Marni nangis. Eling lakon uripe dhewe sing ndhisik sasate arep keblinger nalika kepama. Lali marang wong-wong desa. Lali marang kanca. Dheweke ora mungkiri menawa nate meri karo Minah lan Baidi sing saiki lagi diparingi rejeki luwih.

Ora let suwe, Marni pamit. Praupane isih katon sedhih, ananging atine lega. Dheweke, semana uga Minah, ora bisa mungkir menawa apa-apa sing wis dilakoni bebarengan nalika cilik, bakal dadi lem sing ngraketake tali kekancan.

“Mar,” ujare Minah nalika Marni wis teka cedhak pager. Marni mandheg.

“Mar, aja piye-piye, aku ora kepingin kowe tersinggung. Iki tampanen. Ora akeh, tapi muga wae guna,”

Dhuwit sithik payon kembang mau dicekelake Marni. Marni malah ndomblong, ora bisa mangsuli apa-apa. Kembang-kembang sing lagi mekar ing latar, esuk kuwi mau nyekseni menawa rasa tresna kekancan, sejatine ora bisa luntur merga apa wae.[]


Latif Nur Janah, lahir tahun 1990. Sutresna Basa Jawa. Cerkake ‘Tatu’ kapilih dadi lima cerkak terbaik Sayembara Sastra Sanggar Triwida, Tulungagung (2020). Cerkake liyane kanthi judhul ‘Sigar’ uga kadhapuk ing buku ‘Nalika Rembulan Bunder’, Balai Bahasa Jawa Tengah (2021). Saiki netep ing Gemolong, Sragen, Jawa Tengah.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *