Geguritan
Geguritan Andy Sri Wahyudi

Geguritan Andy Sri Wahyudi

Hanacaraka

Satenane ora ana carita.
Ora ana apa-apa.
Suwung blung
Awang-uwung. 

2021

 

Datasawala

Ora ana sing teka
Ora ana sing lunga
Ora ana sing ngutus
Kabeh meneng.
Ora aneng endi-endi
Mandheg. Manekung.

2021

 

Padhajayanya

Neng tengah alas gung liwang liwung
Sapa sing kuat sapa sing menang
Kabeh wegah dadi kuat lan wegah dadi menang
Kekarone sila semedi. Ing sajroning Ning.
Sajroning Gung.

2021

 

Magabathanga

Ganda kang arum wangi kagawa angin
Ngondar-andir arcapada.
Kabeh manungsa padha bungah.
Ora ana padudon.
Ora ana adu kasekten nganti tekan paten-patenan.
Siji lan sijine padha ndongakake.
Sapa sing salah dirangkul dadi sedulur.
Sapa sing bener ora daksiya. Dadi ati sing legawa.

2021


Penggurit

Andy Sri Wahyudi, Lair ing Kampung Mijen, Minggiran Barat Ngayogyakarta, tanggal 13 Desember 1980. Seneng nulis gurit/puisi, cerpen, naskah  lakon lan esai seni pertunjukan. Karya bukune Kumpulan Naskah Bahasa Jawa “Mak, Ana Asu Mlebu ngomah! ” oleh pangaji saka Balai Bahasa Yogyakarta minangka Karya Sastra Jawa Terbaik taun 2017. Taun 2019 buku karya naskah dramane kang asesirah “Merayakan Kefanaan” mimpang minangka Juwara Telu ana ing lomba kang diadani dening Balai Bahasa Yogyakarta. Dene prestasi sing paling anyar yaiku taun 2020 lumantar naskah drama “Bangun Pagi Bahagia” dheweke kasil nampa pangaji Penghargaan Sastra 2020 saka Mentri Pendidikan dan Kebudayaan. Saliyane nulis, dheweke aktif lan produktif ing kegiyatan seni pertunjukan minangka sutradara teater lan Pantomimer Karya pantomim kanthi irah-irahan “Kesibukan di Ruang Bawah” dadi salah siji Karya Terbaik Program Jejak VirtualAktor sing dianakake Kemendikbud taun 2020.

1 thought on “Geguritan Andy Sri Wahyudi

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *