Cerkak
Manuk Emprit

Manuk Emprit

Saiki ana pameran lukisan neng baleseni kutha. Aku karo Iniesta arep ndelok pagelaran kuwi lan kangsen ketemu langsung neng panggonan pameran.

Aku teka dhisik. Nganti aku wis ndeloki limang gambar, nanging Iniesta durung uga njedhul. Saiki aku nuju neng gambar liyane, yaiku gambar sagrombolan manuk emprit sing lagi mabur neng ngangkasa. Katon amung kaya gambar titik-titik ireng cilik.

Gambar aneh, batinku.

Ngepasi wektu kuwi hapeku muni. Aku ndelok layar hape, jebul Iniesta sing ngebel. Bel dakangkat. Iniesta njaluk ngapura amarga kepeksa mblenjani janji. Iniesta kandha menawa ibuke nembe kumat lara hipertensine.

Gandheng aku wis bacut tekan pameran kuwi, mulane kepeksa aku mbacutate ndelok dhewekan. Kanthi rasa males, aku mbaleni ndeloki gambar manuk emprit maneh. Senajan mripatku tumuju neng gambar iku, nanging pikiranku ora mangkono. Aku isih mikir apa sing diomongake Iniesta mau.

“Napa ingkang nembe panjenengan galih?” pitakone wong lanang sing mara-mara wis ana neng sandhekku.

“Inggih?” aku kaget.

“Napa ingkang panjenengan galih babagan gambar menika? kok anggenipun mirsani ngantos mekaten?” pitakone maneh.

Aku durung ngerti apa karepe pitakone kuwi. Jujur wae, asline pikiranku nembe ora neng kene. Meneng-meneng aku nggatekake dheweke. Ganteng. Sabanjure aku lan wong lanang mau kenalan. Saka asil jagongan ngalor-ngidul, dakweruhi jenenge Kompi. Saliyane kuwi, aku dadi ngerti menawa dheweke uga tukang gambar sing wis nduweni galeri dhewe.

“Kok mesem?” pitakone dheweke

“Asmane panjenengan lucu. Kula dados kemutan bab pasukan lengkap sagamane,” wangsulanku.

Dheweke malah ngguyu ngakak. “Tiyang sepuh pancen kepengin kula dados tentara.”

Aku mesem amba.

“Kula saestu, hlo.”

“Kula mesem sanes amargi boten percaya, kok.”

“Kula matur ugi saestu, inggih mergi pancen niku kasunyatane.”

Kajaba nggantheng, dheweke uga priya sing nyenengake. Apa wae sing dadi wohing guneman bisa nyandhak lan gayeng. Lumayan, bisa kanggo kanca ngobrol gantine Iniesta. Nanika lagi gayeng-gayenge guneman, hapeku muni maneh.

***

Esuk iki kahanane katon sumringah. Cendhela kamar dakbukak. Sawah sing jembar katon sumilak. Perumahan iki pancen cedhak karo sawah. Saktleraman saka kadohan aku ndelok sagrombolan manuk emprit mabur ditundhung Pak Tani. Dumadakan aku kelingan bab lukisan neng pameran sing dak tekani biyen.

Janjane apa tegese gambar iku? batinku, Gambare prasaja ning ana rasa aeng, katon endah ning ngandhut misteri. Sanajan mangkono, aku seneng ndelokine. Merga iku uga aku dadi bungah banget nalika esuk iki nemoni abure manuk emprit neng sawah kae.

Lawang kamarku didhodhok saka njaba. Ana swara nyeluk jenengku. Swara sing wis dakapali, yaiku swarane ibukku. Lawang kamar banjur dakbukak. Ibuk mlebu kamar nggawa bubur sepiring lan sagelas susu sing digawa nganggo tepak.

“Kanggo sapa, ta Buk?” pitakonku marang ibuk.

Ibuk ora wangsulan. Ibuk malah kaya kaget nalika keprungu pitakonku. Ibuk noleh marang aku, ndeloki aku nganti mblolo, sing dakrasakake pandulune Ibuk beda. Bubar ngono, Ibuk banjur kaya cepet-cepet nyelehake tepak neng meja banjur nyedhaki aku. Tangane Ibuk kekaro nyekeli pundhakku kiwa tengen. Pandulune Ibuk nyawang nuju mripatku. Netrane Ibuk saya suwe saya kebak luh. Aku bingung karo kadadeyan iku. Aku kaya wis suwe ora ndelok pandulu kaya mangkono.  Ana apa sejatine?, batinku.

“Ana apa, Buk?” pitakonku.  

Ibuk isih tetep durung ngendika, nanging Ibuk banjur nggandheng tanganku. Aku diajak tumuju menyang lemari sing ana pengilone. Aku lan Ibuk banjur lungguh ana kursi sangarepe pengilon kuwi. Suwe aku lan ibuk lungguh ana kono. Ibuk tetep durung ngendika babar blas, mung meneng wae. Aku banjur melu-melu meneng. Wektu kuwi aku kober nggatekake pasuryane ibuk. Ibuk katon wus sepuh, uwan rikmane ibuk kaya-kaya cepet tambahe. Ah, mbok menawa aku pancen wis suwe ora nggatekake ibuk tenanan.

Aku genten nyawang awakku dhewe. Ana apa iki? batinku.

Aku kaya ora tepung wewayangane wong ing sisihe ibuk kaya kang kagambar ing pengilon lemari kuwi. Sing kagambar ing pengilon iku ora kaya aku sing ana neng pangrasaku. Rambute cepak, awut-awutan. Awake kuru. Mripate complong jero. Beda karo aku sing ana neng angen-angenku. Aku kaget banjur noleh marang ibuk. Ibuk semana uga, noleh marang aku. Ibuk mesem. Ujug-ujug irungku kaya mambu apek. Aku banjur nggoleki apa sing marai mambu kuwi.

“Sing mambu aku ya, Buk?” pitakonku.

Ibu tetep durung ngendika nanging meseme ibuk saya amba.

“Anakku, Ndhuk cah ayu. Kowe wis bali, Ndhuk,” ngendika ibuk banjur ndhekep awakku kenceng banget. Dakdelok ibuk banjur nangis.

“Aku edan ta, Buk?” pitakonku.

Sepasar saka baline kewarasanku, aku krasa jiwaku wis kuwat. Banjur dakwanek-wanekake nyuwun pirsa marang ibuk bab musibah sing wus dakpecaki.

“Wis setaun. Ibuk isih eling wektu kuwi pas wiwitane taun. Ibuk wis nambakake kowe neng ngendi-ngendi, ya neng dokter, ya neng wong pinter, kareben kowe ndang mari. Nanging ora kasil-kasil,” ngendikane ibuk.

“Kandhane dokter, apa sing dadi sebabe, Buk?” pitakonku.

“Menawa sebabe kowe dadi mangkono, ora usah dokter, ibuk dhewe wis ngerti. Muga-muga kowe wis bener-bener kuwat yen dakkandhani mengko.”

“Inggih Buk. Kula kiyat,” wangsulanku mantep.

“Bengi kuwi kowe ditemokake ngglethak semaput ing wewangunan suwung wates kutha. Nalika ditemokake, sandhanganmu ora karuwan wujude. Sawise awakmu dipriksa dokter, kabukti kowe bubar digagahi. Mbok menawa wektu kuwi kowe ora kuwat nampa pacoban iku, mulane banjur owah jiwamu,” kandhane ibuk mingseg-mingseg. Ngendikane pedhot-pedhot amarga ngampet tangis.

“Apa pelakune wis kecekel, Buk?” pitakonku maneh.

“Durung Ndhuk.”

Krungu ngendikane ibuk, dakpetani pangeling-elingku ngenani prastawa iku. Samar-samar kaya kebukak wewadine.

***

“Nyuwun ngapunten, kula badhe nampi telpun rumiyin,” kandhaku marang Kompi.

“Inggih, mangga,” wangsulane santun.

Telpun kuwi saka Iniesta maneh. Wektu guneman karo Iniesta, aku kaget. Dheweke ngabarake menawa Ibuke nembe wae seda. Aku banjur crita marang Kompi. Kompi kandha menawa dheweke melu prihatin karo kahanane Iniesta. Malah nalika aku kandha manawa arep menyang omahe Iniesta, Kompi banjur nawani aku ngeterake tekan omahe Iniesta. Aku nampa tawarane Kompi. Wusanane wengi kuwi aku digoncengake Kompi nuju omahe Iniesta. Nanging neng tengah ndalan aku kober udur-uduran bab arahe dalan sing kudu dilewati.  Bubar kuwi, aku wis ora isa ngeling-ngeling maneh. Sing cetha kagambar ana ing pangrasaku malah bab lukisan manuk emprit sing nate agawe aku gumun. []


Penulis:

Yuditeha, Bojone Anti. Warga Jaten-Karanganyar

1 thought on “Manuk Emprit

Leave a Reply

Your email address will not be published.