
Geguritan Sunardi KS
Geneya Ya?
akeh pitakon kelangan wangsalan
nemu jawaban adoh wangsulan
ora maton
gawe pamikir kebentus-bentus waton
sasar mblasar-mblasar
ing pasar-pasar dadi gethok tular
tinarbuka dadi wigati
supaya padha ngerti satemene sejati
supaya cubriya ora ngrembaka dadi wisa
akeh pitakon
ketatap-tatap cagak beton
ing senthong peturon
jawaban dhedhelikan
umpet-umpetan
Jepara, 2020.
Menungsa-menungsa
menungsa-menungsa njelma lebu
njelma awu mawut kagawa angin
pandulu-pandulu gampang klawu
kablithuk pepingin-pepingin
pingin sarwa bisa
nggayuh lintang
ngrawuki mega
senajan tanpa daya dhemen sulaya
bumi tansaya panas langit tansaya getas
jiwa-jiwa ranggas
Jepara, 2020.
Keladuk
aja keladuk irunge liyan didumuk
senajan ana regete kisinan dielikake
aja kumawani ngaran-arani
senajan iya
jamane wis beda langit kang disawang
katon kebak mega
geni mblungka ora ngawistara
kang katon mung pega
Jepara, 2020.
Iwak-iwak ing Akuarium
iwak-iwak ing akuarium pating klesik
“jalaran tekdirmu lan tekdirku kang
endah malah digawe pasren digawe
klangenan digawe bebungah
nglali-nglali ati susah
nylamur congkrah kang gampang bubrah
o, ing ngendi kamardikanmu kamardikanku?”
“malah enak dadi lele wae senajan tegel dipecel
ora kedawa-dawa panandhange paedahe luwih
gedhe dagingmu lan dagingku nyawiji daginge
menungsa katut saobah-polahe saben dina
bisa nyekseni ing tingkah becik apa ala”
Jepara, 2020.
Manuk-manuk Prenjak
blakaa, manuk-manuk prenjak
kang pethakilan, penculitan ing pang-pang
bakal ana tamu agung sapa kang bakal teka
supaya aku ora lena
tansah siyaga mapag kanthi tatag
blakaa, manuk-manuk prenjak
kang jejogedan ing pang-pang
apa aku isih bisa tetembangan
apa wis wancine kudu jenjem anteng meneng
blakaa, manuk-manuk prenjak
apa saklungamu
bakal genti kang teka
yaiku manuk-manuk gagak
Jepara, 2021.
Wiwit Mrepegi
daktekani omah iku
kang saka rumangsaku
tansah kancingan
kanggo aku
apa kang tansah kagembok
iku mung aku
mung dhadhaku
mung atiku
kang tatu kebak lebu
embun tumetes
ing mangsa ketiga
lemah-lemah nela
sesenggukan aku
ngantu-ngantu tekamu
Jepara 2021.
Embuh Wis Kaping Pira?
embuh wis kaping pira?
aku gemes marang tenyuh
angel ing etungan
nanging kang paling angel
ngendhani angkluh
embuh wis kaping pira?
sesambat mrambat
ora mbangkat ora kuwat
ngedohi laku
kang dituju
embuh wis kaping pira?
ilange dina-dina
muspra
ing umur sisa
kelangan daya
embuh wis kaping pira?
anggonku dora, sulaya
ketara ora ketara
Jepara, 2021.
Tilik Sedulur ing Ndesa
godhogan godhong tela
didulitke sambel gula
o rasane wis mirasa
dipangan ing ndesa
kang adoh saka pawarta
kang kerep ngusungi kahanan
sarwa bledig-bledigan
sinambi nyawang bocah-bocah dolanan
jaranan saka papah gedhang
ngglandhang pangeling-eling
nalika jaman wis kepungkur
ing rasa kahanan kebak kamardikan
kalis saka mbenteyonge pikiran
kang tansah dibebengek gegadhang
sinambi ngrungokake kodhok ngorek
ing wanci bengi sepi
bisa nentremake ati
senajan sauntara
nalika lagi tilik kuwarasane sedulur ing ndesa
Jepara, 2020.
Ora Ana Bedane
apa bedane rina karo bengi
pitakon kang nyalawadi
jalaran cetha beda
nanging tumrap kang uripe sarwa rekasa
kaya-kaya bengi lan rina
kabeh padha
apa-apa bisa mlengse saka umume
bengi dadi rina, rina dadi bengi
sikil dadi sirah, sirah dadi sikil
wareg lan luwe
kerep dislamur-slamurake
senajan srengenge
ora pilah-pilah marang sapa wae
ing wanci tengange
kabe melu nduwe
Jepara, 2020.
Saben-saben Perang
saben perang
janaka kerep menang
jalaran wani rekaya
dhemen maratapa
(nanging iki ing pewayangan)
saben perang
cakil kerep nemahi pati
nanging cakil tansah ana
ing saben lakon apa-apa
(kanggo pangelik-elik
yen urip kerep nemoni panyaruwe)
saben perang
buta-buta begasakan, bedhigasan
nanging nyatane gampang kasoran
(nanging iki ing pewayangan)
Jepara, 2020.
Penggurit

Sunardi KS, lahir di Mayong, Jepara, Jawa Tengah. Tulisan-tulisannya berupa puisi, cerpen, esay, berbahasa Jawa maupun Indonesia dan pernah dimuat di berbagai media. Buku kumpulan geguritannya berjudul Wegah Dadi Semar (2012) hasil suntingan temannya bernama Asyhari Muhammad. Kini masih bermukim di Jepara bersama istri dan kedua putrinya.