Cerkak
Wedang Gangsa

Wedang Gangsa

Rumesep ing telenging ati. Swara seseg gamelan iku nuwuhake kapang kang tansaya ndadra. Wengi iki, kajat gedhen kagelar Pamarintah Kutha Sala. Tandhing Gendhing dadi cara nglebur rasa tresnane para panglaras lan komposer kang ngreksa gamelan ing saindenging jagad raya. Nanging, rasa nges kuwi katrajang kabar duhkita kang sumilir mlebu-metu kuping. Ana salah sawijining pangarsa gamelan main urik, main ala, gawe cara kang ngiwakake rasa kamanungsan. Pawongan iku tega mateni Mbah Rancak, komposer kondhang sangka tlatah Somadhadhap.

“Aku ya gumun kang! Jaman kreatip kok ijik wae main ora sehat” grenenge Supangat.

“Lha iya ta! Kok ijik ana seniman kaya bedhes ngono kuwi ya? Sik-sik kirane gawe cara apa?” pitakone Kang Dulah.

“Kabare gawe wedang gangsa kang!”

 “Wedang apa? Gangsa? Wedang apa maneh kuwi?.”

“Ha embuh! Wis ra usah ngreken! ndeleng kae wae apik!” wangsulane Supangat sinambi nduding pagelaran ing panggung.

“Aku iki takon temenan Ngat!”

“Aku ra weruh kang!”

“Tenan?”

“Tenan kang!” Supangat semu mangkel.

“Halah mung apus-apus!”

“Takon pisan maneh, tak tonyo lho! dikandhani malah maido” Supangat rodok mangkel karo pating clebunge Dulah.

Embuh Pak Serik weruh ilmu sangka ngendi. Kabar sedane Mbah Rancak dadi kembang lambe ana ing Kutha. Dhasare Mbah Rancak pancen seniman kang kondhang kaloka. Para seniman kang kepingin weruh babagan gamelan padha ngangsu kaweruh menyang Mbah Rancak.

***

Surat kabar kutha kebak tulisan kang ngandharake mati ngenese Mbah Rancak. Kadya bayu ing awang-awang, kabar kuwi sumebar menyang saindenging jagad. Ilmuwan, pulisi, para pamengku pamarintah lan para tenaga medis padha kebak pitakon, ngluru wangsulan. Jan-jane wedang gangsa iku racun jinis apa?

Pitakonan mau ora enggal pethuk pamanggih. Ing buku-buku kedokteran lan kasus-kasus ing kapulisian ora nate nemoni kasus ngenes kayadene kasus Mbah Rancak. Profesor, ahli medis ameh kabeh wus dijaluki pamawas babagan iki. Nanging, hasile nihil. Mas Naryo, salah sawijining mahasiswa kang update berita banjur melu gupuh. Mas Naryo mujudake mahasiswa sastra Jawa kang seneng karo babagan naskah-naskah lawas banjur melu brengkal-brengkal. “Menawa aku nemu ing naskah kuna iki, isa takgawe mangsuli para-para kana!” batine mas Naryo.

Perpustakaan Reksa Pustaka, Radya Pustaka, Sana Pustaka, kabeh perpustakaan kang nyimpen naskah lawas wis dileboni. Nanging, naskah kang nyathet babagan wedang gangsa durung kepethuk. Liya dina, mas Naryo lagi ana ing paturasan, nuruti karsa Gusti. Atase, wengine bubar mayoran rica menthok karo kanca-kanca kost. Pedes e ora jamak. Ya mesthi isuk wetenge loro, amarga sisa mangan wengi muntup-muntup ngundhang gugahe Mas Naryo.

Ana paturasan, mak ngregap eling karo simbahe ning desa. Dhasare ngepasi prei, mas Naryo gage bali kampung ana ing Tulungagung, 180 kilo saka kutha Sala. Ana dalan pikirane kebak barang ora genah kang aran wedang gangsa. Nganti ana dalan ameh nyundhul mobil Kijang kang parkir ing pinggir dalan. “Byuh-byuh! Sujune ora numbur” Mas Naryo ngucap syukur.

Sawise tekan Tulungagung, omahe Mbah Tosa sing dadi jujugan. Wedang teh tubruk wis cumepak ing lincak. Papan rerembugan ya mung tilas kandhang sing wus resik. Saiki, dadi panggon jagong lan nyangkrok dhayoh uga panggone mbah Tosa makarya natah Reyog Tulungagungan. Mbako wis lininting kertas, sinepit ing ron-ronaning driji. Mbah Tosa andum berkah.

“Slamet ya le?”

“Pangestunipun mbah”.

“Enek apa? Sajake kok wigati banget?”

“Jenengan sampun mireng, sedanipun mbah Rancak dereng mbah?”

“Ya uwis. Kabar gedhi kaya ngunu kok durung krungu ya lucu.”

Kukus rokok kumedul. Sleeep! ahh! Suara bayu teh kang kaunjuk mbah Tosa nggawa padhang pikire mas Naryo.

 “Lha niku e mbah, kang sinebut wedang gangsa sejatosipun napa nggih?” Mas Naryo mbacutke pitakonane.

“Wis pirang taun sekolah sastra Jawa? Mosok wedang gangsa wae ora weruh?”

Sajak abang mbranang semu isin ulate mas Naryo. Kadya ana bledheg nyamber ing sandhuwure sirah. Mesthi wae Mas Naryo kawirangan. Mbah Tosa kang ora nate sekolah tekan Perguruan Tinggi malah paring pitakon kang garai wirang ati.

“Dereng nate mireng mbah. Kula padosi wonten naskah-naskah kuna ing Sala nggih dereng kapanggih.” Mas Naryo mangsuli.

“Sing mbok waca pira?” Mbah Tosa ngulu ambegan. Banjur neruske rembugan.

“Kang aran wedang gangsa iku upas utawa racun kang digawe saka thethelan prunggu tilase gawe gamelan.  Besalen kae mesthi weruhe. Kuwi mbebayani yen mlebu ning awak. Matane malih abang, lumpuh, napase seseg. Banjur yen mutah getih, wong sing kena upas gangsa bisa mati.”

Mas Naryo ngrungokake wedharan sangka mbah Tosa kanthi wigati. Kadya lemah nela kang kasiram bayu udan wanci mangsa katiga. Mas Naryo wus oleh manise madu. Ati lan pikire wus padhang. Mbah Tosa bacutake wedharane.

“Miturut lontar Usada Rare kang ana ing Bali kana, upas sangka gangsa iku mau arane cethik. Gangsa dhewe, nduweni teges prunggu kang digunakake kanggo yasa gamelan. Lha, cethik utawa upas gangsa kang katulis ana ing lontar Usada Rare kuwi mau ndudohake manawa  pawongan kang kena cethik Gangsa duweni titikan, pucuking driji warnane kuning.”

Sinambi ngisep lintingane. Kanthi prigel mbah Tosa medhar ngilmu babagan Wedang Gangsa.

“Banjur apa obate? Lontar Usada Rare ya ngandharake obat kanggo penyakit kena kerikan Gangsa iku gawe kunir warangan, oyot pepe lan adas telung ler digodhog, Banjur diombe. Iku miturut naskah kuna, yen miturut medis ya kana golek ana.”

“Anu mbah, niki para ilmuwan taksih pados wangsulan, ning dereng kepanggih. Ketawise niki kasus enggal, belum ada sebelumnya.

“Mosok? ya kana diwarahi maca naskah kuna, ben mudheng apa kang wus dadi warisan leluhure. Banjur kon nliti miturut ilmune dhewe-dhewe. Ya, ngunu ora Yo?”

“Nggih mbah, hehehe” Sumaure Mas Naryo gumuyu semu isin.

“Rumangsane aku iki wis ra tau maca? Senajan tuwek elek, aku ya sik sregep bukak naskah-naskah lawas.”

Kukus ngebaki awang-awang kandhang. Semana uga pangawang-awang ilmu kang nyundhul langit sangka bangku sekolahan. Nyatane, wong desa lulusan Sekolah Rakyat malah nduweni pamawas ngelmu luhur kang arang kapranggulan ing dokumen tulis. Mas Naryo gupuh semu isin ndeleng awake dhewe kang sedhela maneh nyandhang gelar sarjana.


Frengki Nur Fariya Pratama, lahir di Ponorogo, 03 Mei 1993. Menyelesaikan gelar Sarjana Strata-1 Prodi Sastra Jawa Universitas Sebelas Maret  Surakarta. Sekarang sedang menempuh pendidikan Magister Ilmu Susastra di Undip Semarang. Komunitas, Sraddha Institute di Surakarta (ig: @sraddhasala). Email aktif  [email protected]. Instagram, frengkifariyapratama. Facebook, Franky Crissz.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *