Cerkak
Dhor!

Dhor!

Ruang tamu kuwi katon sepi. Lampu plenthon sing tumemplek blandar isih murub, ketang ora patiya padhang. Sajak setya ngancani wong lanang sing lagi turu nglipus ing kursi dawa. Ing meja sacedhake ana glathi gumlethak sing isih keleledan getih seger.   

Ora let suwe keprungu gumerite lawang dibukak. Ana wong wadon kanthi dandanan seksi mlebu ruangan mau, banjur nyelehake tas cilik lan wungkusan sega ing meja cedhake glathi. Wong wadon kuwi gedheg-gedheg dhewe nyawang wong lanang sing isih ketungkul dolanan impen-impene.

“Tangi! Tangi!” wong wadon kuwi nyuwara banter, banjur lungguh ing cedhake wong lanang kuwi.

Sing digugah obah wae ora.

“Bardan, tangi! Wis padhang!”

Wong lanang sing diceluk Bardan kuwi kruget-kruget ngobahake awake lan nyoba ngelekake mripate. Karo isih kriyip-kriyip dheweke nyawang wong wadon sing ana cedhake lan banjur nyuwara alon, “Wis suwe tekan omah?”

Wong wadon kuwi mencep. “Angger turu mesthi mbangkong. Angel gugahane!”

“Arini, wis suwe tekan omah?” Bardan takon maneh karo krengkang-krengkang tangi. Lungguh ing kursi sing sekawit dituroni.

“Lagi wae!” Arini, wong wadon kuwi ngucap sengol. “Kowe kuwi angger-angger kaya ngono. Ngawur! Tumindak sakarepmu dhewe!”

Bardan ora age-age mangsuli. Arini saikine disawang tajem.

“Gara-gara tumindakmu mau bengi, papan sing sasuwene iki dadi tuking pengasilan tumrape wong wadon kaya aku, sanalika geger. Urusane mbokmenawa bakal dawa.”

Bardan unjal ambegan, nuli kandhane, “Aku ora lila yen kowe dijejamah sawiyah-wiyah dening wong lanang liya.”

“Nanging dheweke pelangganku. Wong lanang sing mboktusuk glathi kuwi sing ajeg menehi dhuwit turah marang aku. Dhuwit kanggo nambel kabutuhane awake dhewe ing saben dinane.”

“Embuh ora idhep! Aku ora narimakake yen ana wong lanang sing tumindak sakerepe dhewe. Luwih-luwih kowe dipilara nganti bithu-bithu gosong raimu lan nganti saiki durung pulih. Kegawa panasing ati, aku nganti nekad tumindak kaya ngono, betek-beteke anggonku njaga lan ngayomi kowe.”

Arini meneng, ora nyambungi. Wong lanang sing ana sisihe kuwi disawang ora uwis-uwis.

“Arini, sapa wae kena ngarani kowe wong wadon letheg lan njejemberi utawa wong wadon sing nekad adol ajining dhiri. Wong-wong arep muni apa wae sakarepe. Nanging waton ana sing tumindak kliwat wates, nglarani awakmu, aku sing ora narimakake.”

Arini isih meneng. Saiki sirahe ndhingkluk, rasane dadi semedhot krungu tembunge Bardan sing kaya ngono. Semono uga Bardan, bubar omong kaya ngono banjur meneng, embuh apa sing lagi dipikirake. Kanggo sawetara wektu kahanan ing ruang tamu kuwi dadi sepi. Wong loro saiki kayadene patung rerenggan ruangan.

“Arini,” swarane Bardan keprungu lirih, mecah sepi, “Wong wadon ngendi sing gelem nglakoni kaya kowe, dakkira ora ana. Kowe nglakoni pakaryan sing kudu metu bengi lan mulih esuk, nglayani wong lanang siji banjur pindhah menyang wong lanang liyane, merga kegawa kahanan wae. Wong liya mesthi ora ngerti kepriye rasamu sing satenane. Ora ana sing ngerti kaya ngapa panjeriting atimu. Yen ditari, dakkira ora ana wong wadon liya sing gelem nglakoni kaya kowe.”

“Uwis, uwis! Awake dhewe ora perlu ngrembug sing kaya ngono. Karomaneh aku ora perduli swaraning wong liya sing katujokake marang aku. Perkara aku diarani lonthe, pelanyah utawa liyane, mung dak sekarep. Nyatane gaweyanku kaya ngono. Aku wis kadhung ngantebi donya sing dadi pilihanku,” swarane Arini keprungu kedher.

“Tembungmu ora luput. Mung sing ora dadi atiku, yen nganti ana wong lanang degsiya marang kowe. Aja dupeh dheweke bisa mbayar utawa menehi dhuwit banjur bisa sageleme dhewe njejamah awakmu.”

Arini unjal ambegan. Bardan disawang satleraman, nuli kandhane, “Ora perlu ngrembug apa sing daklakoni. Sing luwih penting dirembug saiki ora liya anggonmu nusuk pelangganku mau bengi. Ora wurunga kasuse mesthi dadi kedawan-dawan.”

Bardan mesem tipis. “Yen ana apa-apane merga tumindakku, dakadhepane. Karomaneh, kasus kaya ngono ora mung pisan-pindho dakalami.”

“Yen kowe ora grusa-grusu, mesthi ora ndadekake geger. Tumindakmu mau bengi mesthi ana buntute,” Arini menyat saka lungguhe lan banjur ninggalake Bardan, mlebu menyang kamare.

Bardan sing saiki ijen ana ruang tamu bisane mung kresah-kresuh dhewe. Ora let suwe tangane banjur grayah-grayah sega wungkus sing kawit mau ana meja. Dipangan, ora nyisa.

***

Cafe sing mapan ana pinggiran kutha kuwi bengi iki kahanane sepi. Ora kaya biasane sing tansah rame dening wong-wong sing kepengin mburu kasenengan. Ing sawijining ruangan mawa sunar lampu remeng-remeng katon Bardan lungguh ijen. Kawit mau dheweke mung kresah-kresuh dhewe. Jinggo, kancane sing bengi iki dienteni tekane ing papan kuwi nyatane durung teka.

“Bocah kuwi mesthi nyulayani angger janjian,” Bardan grenengan dhewe. Tangane grayah-grayah rokok sing gumlethak ana meja ngarepe. Dijuput sakler, disumet lan peluke dianggo dolanan.

Ora let suwe ana wong wadon ayu kanthi dandanan seksi nyedhaki prenahe Bardan. Nalika wong wadon mau nyelehake botol minuman pesenane, tangane Bardan usil nyiwel pupune. Nanging wong wadon mau ora nesu, kepara malah mesem nggemesake lan sengaja nggodha Bardan. “Aja maneh mung pupu, liyane uga bisa,” kandhane wong wadon mau sajak nggregetake.

Bardan sing wis kulina mlebu-metu cafe lan apal donyane hiburan wayah bengi, tangane banjur nggeret wong wadon mau supaya lungguh ing cedhake. “Anyaran, ya? Sapa jenengmu?” Bardan takon tanpa wigah-wigih.

“Silvi. Lagi telung dina ana kene. Isih kinyis-kinyis lan servise ditanggung gawe klepeg-klepeg,” wong wadon aran Silvi kaya sengaja narik kawigatene Bardan.

“Bisa digawa?”

“Waton cocok regane, kuwi bisa diatur. Nanging ya kuwi, angger aku ora ngepasi mlebu kerja neng kene.”

“Sesuk utawa………”

Durung nganti Bardan mbacutake guneme, Jinggo sing dienteni kawit mau ngerti-ngerti teka lan banjur lungguh ana ngarepe.

“Silvi, tutugna anggonmu nyambut gawe.” Bardan ngakon Silvi murih nyingkir karo menehi eketan ewon siji.

“Dengaren ngajak temu ana kene. Ana perkara?” Jinggo mbukak rembug sawise nyumet rokok.

Bardan ora age-age wangsulan. Tangane nyekel botol minuman lan ngiling menyang gelas cilik cacah loro. Sing siji dilungake Jinggo lan langsung ditenggak nganti gusis, sijine diombe dhewe.

“Piye, ana apa?” Jinggo takon maneh.

“Wingi bengi aku bar nusuk pelanggane Arini. Nganti gudras getih awake. Mulane kowe dakceluk, mengko yen urusane dawa lan nganti tekan aparat, kowe sing nangani kaya biasane.”

“Kelakuanmu ora mari-mari. Yen perkara kaya ngono gampang, mengko dakurusane. Beres, beres. Ora perlu kuwatir.”

“Wongmu rak isih duwe siyung, ta?”

Durung nganti Jinggo aweh wangsulan, ngerti-ngerti keprungu swara : Dhor! Dhor! Ora let suwe ana polisi cacah loro sing dumadakan mlebu menyang ruangan sing saiki dilungguhi Bardan lan Jinggo.

Jangan bergerak. Tempat ini sudah dikepung polisi!”

Senajan wis kulina ngadhepi kahanan kaya ngono, nanging kepriyea wae Bardan dadi wel-welan nalika mripate tumancep marang pistol sing ngarah menyang awake.

“Bardan, jangan coba-coba melarikan diri jika tak ingin ditembak!”

Bardan ora kumecap. Dheweke nglengganani, tekane polisi mau ora liya mesthi ana sambung-rapete karo kedadeyan sing wis dilakoni wingi bengi. Anggone dheweke sengaja gawe dhadhakan kanthi nusuk pelanggane Arini, wong wadon sing wis sawetara wektu dadi tanggungane.

Nalika salah sawijining polisi nyedhak lan arep ngrangket, Bardan nyoba bangga lan mlayu murih uwal saka polisi mau. Nanging polisi sijinel tansah siyaga lan tanpa ana sing ngabani banjur nembak sikile Bardan. Sakala Bardan ambruk karo sambat kelaran. Sabanjure ing wektu kang cepet, Bardan klakon dirangket. Nanging nalika Bardan diseret arep digawa metu saka ruangan, dumadakan Arini njedhul ing papan mau.

“Stop! Stop!” kandhane Arini keprungu rada banter.

Bardan, Jinggo lan polisi cacah loro ora kedhep nyawang Arini.

“Stop! Gerakane Bardan isih kaku nalika arep mlayu mau. Uga ana dialog sing lali diucapake polisi nalika arep nyeret Bardan metu saka ruangan. Saiki break dhisik, mengko dibaleni latihan sepisan maneh.”

Arini, wong wadon pelanyah mau ora liya sutradara drama rong babak kanthi lakon Dhor! sing bengi iki nglakoni latihan pungkasan sadurunge pentas sesuk bengi ing Taman Budaya.


Penulis:

Irul S. Budianto, Penulis tinggal di Boyolali, Jawa Tengah. Menulis dalam bahasa Jawa dan Indonesia.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *