
Geguritan Apriyanto Dwi Santoso
Tidha-Tidha
Dheg thik thik wektu alon lumaku
Kumanthil ing jero kalbu
Buka tinarbuka kopong tan isi
Sinartan cahya kang wus musni
Esem manis sing nyesekke dhadha
Ingsun jalma hina asoring donya
Rinangkul kenceng nyikep jiwa
Jiwa ingsun bagya rahsa
Cedhak mrambat wektu terus gumanti
Tidha-tidha keh lara suka
Kaya urip sun banyu kang mili
Mili nuju samudra jembar-Mu
Donya
“Bujung-binujung donya terus-terusan,” jaremu.
Nyatane kabeh mung sawala
kasunyatan tan bisa napaki jeroning ati
sinimpen jero kalawan wadi
“Donya iki isine apa?” jaremu.
Nyatane mung blong kanthong bolong
prasasat duwe mung sakadare
lila ora lila bakal ilang pungkasane
“Donya iku kanggo apa?” jaremu.
Nyatane mung semu
pasemon kanggo nggayuh jatining sejati
urip langgeng ing kalanggengan
Kalanggengan
Ingkang kabeh kinira langgeng
Bakale bali, bakale ilang
Ingkang kebeh kinira seneng
Bakale susah, bakale ilang
Ingkang kabeh kinira gampang
Bakale angel, bakale ilang
Ingkang kabeh kinira ilang
Bakale bali, bakale langgeng
Candhik Ala
Umure srengenge
Ayu angslupe ywa
Hanyimpen ing nala
Ywang bagaskara sinalin
Maruta turun, hanggawa
Sepi, sepah-sepahing jiwa
Wiji sae aosing jalma
Jalma tinitah urip
Tan dadya candhala
Kang sumamar
Ing candhik ala,
donya Paduka
Layung
Layung mapag manahku
Lumaku tumuju sunya
Donya tan ana culika
Amung rahsa ayem rinasa
Layung mapag manahku
Tumuju wayah surub tinemu
Sumuruping manah mrang kasih-Mu
Amung jiwa kebak kasih dinulu
Layung-layung, kapang kinasihan lawan slira-Mu
Penggurit

Apriyanto Dwi Santoso, Penulis lahir di Klaten, 7 April 1991. Penulis senang membaca buku, baik fiksi maupun nonfiksi. Penulis menulis cerkak dan geguritan. Beberapa cerkak dan geguritan penulis pernah dimuat di media, baik cetak maupun elektronik, seperti Djaka Lodang, Panjebar Semangat, Perwara Dinamika, dan Jawasastra. Saat ini penulis bekerja sebagai editor di PT Intan Pariwara, Klaten.