Cerkak
Cilaka 12

Cilaka 12

Ora bisa turu. Ora ngantuk blas, kamangka wis tengah wengi. Embuh apa sing marai aku ora ngantuk. Biyasane jam wolu punjul sethithik wis ngantuk, nanging wengi iki….

Awakku ngadhep tembok, nyingkuri bojoku sing lagi turu ngorok. Pikiranku mubeng-minger dhewe. Aku banjur ambegan jero. Tanganku tengen nggoleki barang ing cedhake bantal. Ponsel. Iseng-iseng dakbukak media sosial Facebook. Bathukku langsung njengkerut, kepengin mesem lan ngakak. Werna-werna gaweyane wong-wong dumay utawa dunia maya, sing keranjingan nulis status. Apa wae dicritakake. Sithik-sithik ditanggapi, sithik-sithik didadekake masalah. Perkara politik, ekonomi, bandha donya, kulawarga, kanca, dhuwit, klambi, tas, sepatu, apamaneh mung isine kathok. Sing ora penting digawe status. Eh, ora penting kanggoku nanging kanggone dheweke mbokmenawa kabeh penting banget. Sregep banget nulis status, ya? Akeh wektu nganggur, ya? Penasaran. Apa wong-wong kuwi ora duwe gaweyan liya saben-saben nyekel ponsel nganti lali wektu? Hm, aku kok dadi juweh.

Awakku dak-obahake, saiki mlumah. Ndeleng plafon kamar sing peteng. Mbayangake sing lagi kedanan dumay. Lha aku, ora anti. Nanging ora tau suwe, mung sawetara menit lan dadi pengamat. Kuwi wae arang daklakoni. Kaya wengi iki, ponsel banjur dakpateni nuli dakseleh ing panggonane sekawit. Ora nulis status, ora menehi jempol apamaneh melu komentar. Yen ana sing ngirim pesen ing messenger, yen sekirane ora penting ora dakbales. Ana sing nakoni, aku ora nggagas. Mulane sok dianggep anggak.

Mripatku dak-eremake, nanging ora bisa, awit ora ngantuk. Biyen aku ya tau klelep ing dumay. Meh wae ora bisa mentas. Awan lan bengi kirim status, jempol, komen, inbokan lan apa wae ora tau keri. Wektu kuwi aku dadi ratune pengarang medsos. Kawentar ing jagad maya. Saben wengi akeh sing pengin kenal, saben dina akeh sing antri ngajak chating-an. Bojoku tau was-was ngerteni aku meh lali sing ana donya nyata. Yaiku bojo, anak, kulawarga, kanca-kanca sing dakadhepi ing saben dinane.

“Dakdelok saiki kok arang nyekel ponsel?” pitakone bojoku.

“Males,” wangsulanku.

“Pripun kabare Mas Ferry?” bojoku melu menyang pawon. “Ana maneh sing jeneng akun-e mirip penemu telepon.”

Aku meneng.

“Banjur piye… suwe ora krungu militer sing manut sliramu… gawe segere mripat katimbang mikir bojo otoriter.”

Aku mendelik. Males nanggapi. Dheweke ngungkit-ungkit maneh, banjur aku ngudhak kopi.

“Kayane tau maca chat saka … Bang sapa, ya … sing seneng ngundhang sliramu budayawan kawentar saka pulau Sumatera, ngono sing tau mbok kandhakake,” bojoku ngece aku. Lambeku mencep. Dakudhak kopi ing cangkir.

“Siji maneh… wong Bandung sing biyen arep menehi tas abang nanging ora sida merga selak…”

“Meneng!” swaraku rada dhuwur. Mangkel. Aku nuli menyang teras omah. Nggawa sacangkir kopi panas ing tangan tengen. Nuli lungguh ing kursi penjalin. Wegah ngrembug sing ora penting. Utamane ora penting kanggone kulawargaku. Padha wae ngajak padu.

Ing wektu telung taun, embuh piye mula-bukane, aku lali dumay. Ora tau ngeling-eling. Sing kober dakeling-eling, aku bener-bener repot ngedum wektu karo gaweyan. Kajaba kerja kantoran, aku duwe bisnis, bisnise wong wedok. Bisnis ing donya nyata dudu dumay lan bener-bener ketemu karo wong, dudu halusinasi. Merga saka kuwi uga aku dadi mandheg total nulis cerkak.

Sasuwene kuwi, kanca-kanca kuliah padha nguneni aku. Jarene, aku angel dihubungi. Aku pancen ora duwe akses komunikasi liyane kajaba telpun lan SMS. Ora duwe akses media sosial blas. Facebook wae dak-nonaktif-ke. Luwih becik ora duwe katimbang dadi ruwet karo bojo. Angger ana sing ngajak chating, padha wae miwiti padudon karo bojo. Males, aku kesel. Luwih-luwih saiki aku repot ngedum wektu karo gaweyan, wis dadi manager ing perusahaan asing. Duwe bisnis, duwe omah anyar, montor loro lagi wae lunas, deposito akeh ing bank. Wong lanang uga ora tau telat setor saben tanggal nom. Ya, ekonomiku wis owah satus wolung puluh derajat. Aku ora butuh maneh golek-golek honor saka nulis cerkak. Aku ora butuh kawentar ing media sosial. Sing penting saiki aku rumangsa ora angel golek dhuwit. Dadi, kanggo apa haha-hihi ing media sosial? Eksis nanging ora duwe dhuwit, kanggo apa? Urip saiki sing paling penting kuwi dhuwit, bener ora? Senajan dhuwit dudu sakabehe. Halah! Nanging, dhuwit duwe pangaribawa kang gedhe banget ing panguripan. Aku ora gelem dadi wong munafik.

Tiktak pandom jam ing tembok kamar ngganggu pangangenku. Kaget! Pandom cendhak nuduhake angka loro. Dhuh Gusti! Iki wis lingsir wengi. Hmm, ngene iki yen angel turu, angen-angen dadi ora karuwan.

Tanganku grayah-grayah ing kiwa-tengene sirah, wusanane entuk. Ponsel. Driji ngusap-usap layar ponsel. Daklirik media sosial Facebook. Iseng-iseng wae. Bojoku percaya yen aku saiki dudu aku lima taun kepungkur. Dudu pengkhianat. Dudu. Dudu banget. Ah, ora ana gaweyan. Ora arep melu-melu. Ora ana wektu. Ora ana gunane. Sing ana mung mudharat. Aku tobat. Wedi selak kiamat lan kena laknat.

“Teng pundi mawon? Pripun kabare?”

Batinku kebak pitakon nalika maca tulisan WA-ne. Sapa, ya? Jeneng akun-e asing, Sangkuriang Kerinan. Dakdelok profile, penasaran sithik. Hmm, jebule dheweke. Ora dakbales. Wedi rumangsa menehi ati.

“Kemayu sakniki.”

Batinku bali kebak pitakon maneh. Bales, aja? Bales, aja? Bales. “Sae. Kabare Sampeyan piyambak?”

Bener, rumangsa entuk kalodhangan, dadi mbrubul chating-ane. Jarene, aku lali ubaya. Ubaya? Ubaya apa?

“Ngapa angel dakhubungi? Pin BB, WA, lan nomer HP sampeyan ingkang lami boten aktif.”

“Whatsapp aktif”.

“Saniki kula nyuwun kontak WA, HP, sedaya kula nyuwun.”

Dheweke tetep ngeyel njaluk terus. Wenehi, aja? Wenehi, aja? Banjur kabeh dakwenehake. WhatsApp anyar sing menehi bojoku rong dina kepungkur, uga nomer ponsel. Sawise kuwi, aku dadi ngantuk. Aku ora eling apa-apa maneh. Kepati. Tangi-tangi merga swara mesin montor ing garasi. Dakucek mripatku. Dadi padhang jagadku. Daklirik bojoku wis rapi nganggo klambi kantore.

“Sliramu turu angler?” bojoku nglirik aku sinambi mbenerke dasine. Aku muter awak ngiwa-nengen, terus mudhun saka paturon. Aku ora njawab. Ngadeg arep menyang jedhing, nanging tembunge bojoku sanalika ngendheg jangkahku.

“Wangsulana dhisik kuwi chating-an ing Whatsapp, embuh saka kontake sapa merga ora ana jenenge. Malah wiwit aku tangi jam telu mau ora bisa turu maneh, keganggu karo wong sing ngeyel pengin nilpun sliramu.”

Kaget, aku lagi kelingan ponselku. Embuh ana ngendi, sajake wis ana tangane bojoku. Dheweke banjur menehake menyang aku. Bener, ana sawijining kontak sing nilpun bola-bali, kaya tujuwan dinas wae. Yaaa yen arep menehi aku dhuwit sak milyar. Ora ngerti wektu. Dhasar! Aku dadi mangkel.

“Sapa?” bojoku nyawang aku sajak cubriya.

“Kula boten ngertos,” Aku wedi yen atine dadi susah. Kaya maling sing kepergok warga. Dhuh Gusti, kamangka mung ngono. Nanging kaya wis nindakake kaluputan sing gedhe. Dhadhaku deg-degan, pengin ngujar-ujari wong sing ngeyel nilpun ora ngerti wektu. Luwih-luwih ing messenger ana ukara sing ora biyasa. Jeng Ayu, Mas kangen banget, pengin ketemu. Suk kapan awake dhewe ketemu, wurung terus, dhisik ora dadi-dadi. Utawa… Mas menyang omahmu wae, ya? Angkat, ta, telepone, Say….

Pengin dakbanting ponselku. Apamaneh pas daksawang polatane bojoku dadi mrengut. Aku banjur kelingan, wong sing ngeyel pengin nemoni telung taun kepungkur kuwi mau. Umure pitung taun luwih nom saka aku. Sawijining jejaka sing durung entuk jodho lan uga ngarep nyenengi aku. Sawetara jam mubeng terus, makhluk nyebeli kuwi ora mempan dakakali. Wadhuhh bisa-bisa dadi masalah. Gawe gendra wae!. Luwih-luwih yen nekad teka tenan menyang omah iki. Cilaka 12! Alamat perang donya kaping papat arep enggal mbledhos. Blokir, aja? Blokir, aja?  Blokir?  Aja.*** 

Bandung,  Juni 2020


Penulis

Komala Sutha, lahir di Bandung, 12 Juli 1974, menulis dalam bahasa Sunda, Jawa dan Indonesia. Tulisannya dimuat dalam  koran dan majalah  di antaranya Pikiran Rakyat, Tribun Jabar, Jawa Pos, Kompas.id, Republika, Kedaulatan Rakyat, Solopos, Merapi, Mercusuar, Harian Fajar, Harian Rakyat Sultra, Minggu Pagi, Radar Bromo, Denpasar Post, Lampung Post, Padang Ekspres, Malang Post, Bangka Post, Analisa, Medan Post, Radar Jombang, Diksi Jombang, Radar Banyuwangi, Madrasah Digital, Veasna, Ayobandung, Karebaindonesia, Lensa Rakyat, Redaksimagz, Kabar Cirebon, Tanjungpinang Post, Sinar Indonesia Baru, Tribun Kaltim, Radar Tasik, Kabar Priangan, Galura, Femina, Hadila, Potret, majalahAnak Cerdas, majalah Utusan, Mayara, SundaUrang, WartaSunda, Beat Chord Music, Manglé, SundaMidang, Djaka Lodang, Kandaga, Metrans, Buletin Selasa, Redaksi Jabar Publisher,Target, Mutiara Banten, Cakra Bangsa, Utusan Borneo dan New Sabah Times. Buku tunggalnya, novel”Separuh Sukmaku Tertinggal di Halmahera” (MujahidPress, 2018) dan kumpulan cerpen “Cinta yang Terbelah” (Mecca Publishing, 2018).

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *