
Geguritan Keliek S.W.
Ranobad
Ranobad dudu paraga anyar katon
utawa pawongan nyalawadi sing pantes disujanani
lan kudu tansah diawasi.
Ranobad iku aku, sliramu, dheweke
lan sapa wae
sing kulina nyekukruk dadi siji
ing ngarep layar televisi,
nekani rapat akbar ing lapangan, ngrungokake sesorah
ngemu provokasi sing slewah klayan ideologi
tinggalane para pepundhen kang kinurmat,
sing saiki wis suwargi.
Ranobad iku aku, sliramu, dheweke
lan sapa wae
golongane kaum rucah,
sing gampang digiring lan dicacah-cacah
nganti kelangan nalar
lan kobong dening nepsu makantar-kantar.
Ranobad iku cetha wela-wela ing ngarep mata;
rame-rame nonton badhut
nganti mutah cecek lan kepentut-pentut
terkadhang njleput nganti semaput.
Kertosono, Desember 2021
Pragmen Perang Kembang
satengahe alas sengkeran,
gendir penjalin kiprah pencilakan
ngadhang lakune satriya madukara
sing tekane tanpa kula nuwun, tanpa udanegara
togog si tejamantri mbudidaya ngelingake bendarane
nanging gendir penjalin wangkal atine
ing alas sengkeran,
gendir penjalin lan satriya madukara adhep-adhepan
adu katiyasan ngliga gegaman
netepi tugas lan kuwajiban
aku lan sliramu nyawang saka kadohan
kentir ing pagelaran
ewuh-aya nintingi pasemone ki dhalang
Nganjuk, November 2021
Lila
mayar wae ngucapake tembung lila
senadyan batine ora legawa
gampang wae ajak-ajak tresna marang sapadha-padha
mangka sadina-dina tansah ngundhamana
natoni liyan mung jalaran beda keyakinan
sandiwara mbaka sandiwara
gumelar ing dhuwur panggung
pitutur becik diobral lawaran
dadi barang dagangan
mesthine lila iku dudu pocapan
legawa dudu watak besutan
yagene isih ana getun saturun-turun
nalika kelangan;
yagene sliramu danadriyah mengku pamrih rereyongan?
timba kang pijer nyemplung sumur kae,
lan nyidhuk banyu sacukupe,
ora nate kanggo awake dhewe
nanging kanggo sapa wae sing mbutuhake
Surabaya, November 2021
Jiyarah
jiyarah ing makame simbah
kelingan maneh dongeng sejarah
yen bangsa iki nate dijajah
senadyan puluhan taun wis mardika
nyatane gendera abang-putih katon blawuk
kegawa saya ngunduri tuwa
jiyarah ing makame para leluhur
katon cetha adohe jarak
antarane biyen lan saiki
seje slagane antarane sukinem lan sherly
sokngonoa, gendera dwiwarna bakal tansah dakpanjer
senadyan sing dakoyak nglengkara bisa kecekel
Wonogiri, Agustus 2021
Saka Pinggir Bengawan
wit trembesi ngrembuyung pinggir bengawan iku
dumadakan wewayangane ilang
nalika iline banyu malih butheg
campur larahan, carang, lan endheg-endheg
banjir mangsa rendheng wis dadi langgam taunan
selagine bocah umbelen iya wis dhamang
ora mung wit trembesi ngrembuyung wae
sing ilang wewayangane;
kabeh sing ana tepining bengawan
mung njegreg tanpa sambat piya-piye
wewayangan ora mung tinemu ing kene
banyu bengawan sing butheg iku
ngajak sliramu nyisih,
jiyarah marang dina-dina kawuri
nyemak cathetan lawas, negesi jatidhiri
Pinggir Brantas, Desember 2021
Bima Kunthing
Bapa Resi nate paring wejangan,
“Wewayanganmu iku dudu sliramu. Wewayanganmu iku
peranganing kapribadenmu.”
Aku Bima Kunthing, siswane Bapa Resi,
mbudidaya ngugemi lan ngestokake
piwulang aji.
Wayah esuk, aku mlaku ngetan,
wewayanganku nututi ing mburiku;
wayah sore aku mlaku ngulon,
wewayanganku isih setya ngetutake lakuku;
wayah awan tengange, aku mlaku embuh parane
wewayanganku dakidak-idak dhewe.
Aku Bima Kunthing,
mataun-taun meguru marang Bapa Resi;
aku tetep bocah, durung gaduk kuping.
Kertosono, Agustus 2021
Penggurit
Keliek S.W., pengarang lan pengamat sastra Jawa.