
Geguritan Lintang WM
WENGINE LAGI WAE TEKA
wengine lagi wae teka
geneya sliramu kesusu mapan
ngenam impen wewentehan?
kamangka ing plataran
bocah-bocah isih katrem tetembangan
sinambi ngenteni tekane purnama
kanggo tamba njareme dhadha
dipulasara kahanan
: galengan sawah dikeprasi
kali-kali disumpeti dipageri
lan dalan-dalan dikebaki baliho
isi slogan kanggo waratane pembangunan
sajak angel dipaido
wengine lagi wae teka
becik lungguhan ing emperan omah
yen bocah-bocah nyedhak ngajak crita
ngenani dina-dinane sing ilang
lan wekasane ngaku kalah
tumuli bisikana ukara prasaja,
“Jamane pancen wis wuda
aluamah ora luput saka panyawang!”
wengine lagi wae teka
sapa kae teka karo ngekep dhadha?
2021
ELEGI PADINAN
sirine ambulan mbengok ora karuwan
saben wektu miyaki muyege dalan-dalan
ing kana-kene ora ana bedane
tangis layung-layung embuh kapan rampunge
gawe trataban sapa wae
yen wengine wis teka
bocah-bocah ngadeg ing tengah lawang
ngenteni rembulan mudhun ing plataran
sapa ngerti sunare bisa ngelus panandhang
ing suwalike dina-dinane sing wis ilang
nyisakake ngremite cangkriman
sirine ambulan mbengok ora karuwan
lan bocah-bocah ngadeg ing tengah lawang
dadi elegi padinan sing angel dijarwakake
nganggo ukara apa wae
2021
PANGUDARASANE DESTHARASTRA
yen kamukten mung titipan
aja takon ing endi lajere kawibawan
aja mbok salahake aku, Pandhu
yen lakune wektu kuwawa nyipta crita seje
anak-anakku kadhung mesem gumuyu
ngrasakake legine madu
kekucah bandha donya ora ana enteke
ketang gawe cingake sapa wae
nanging, sapa wae ora ana sing ngerti
rasa-pangrasa sing dakindhit saben wanci
antarane hak utawa barang sampiran
dadi pitakonan sing pijer kroncalan
lan aku kangelan nemokake sawujud wangsulan
Pandhu, yen Pandhawa takon prasaja
kapan Astina bali menyang sapa sing darbe
aku mung bisa ngelus dhadha
awit Gendari kebacut sumpah nutup netrane
bareng gurulakine ngrasakake muyege kahanan
selagine Kurawa satus tansah jejogedan
ngukuhi dhampar sing ana ngarepe
yen kamukten mung titipan
aja takon ing endi lajere kawibawan
yen wancine wis teka, Pandhu
aku bakal ngrangkul patung watu
sawise Bima nuduhake kaprawiran lan kajujurane
ing kono wahyu bakal bali marang sing wenang dadi ratu
sumandhing kanggo salawase
2021
FRAGMEN DESTHARASTRA
yen pangigit-igit kebacut angrerujit
yen kamurkan kadhung penthalitan
dheweke api-api ngreka ukara jembare langit
waton Bima gelem mapan ing kekepan
nanging Kresna ora ulap nyawang kahanan
reca watu dumadakan diseleh ing sangarepe
oh, nalika tangane ngrangkul sajak kebak katresnan
panenggak Pandhawa kaget nyipati reca watu ajur mumur
bareng dheweke dijarwani kahanan sanyatane
tumuli keprungu ngayut-ngayute tembang tlutur
miyak wewadine bharatayuda sing kober gawe
cingake sapa wae
2021
WENGI IKI DUWEKE SAPA
aku blangkemen ora bisa nyuwara
nalika ana sing nguncalake pitakon,
“Wengi iki duweke sapa
kalane sepi wis nothok cendhela
ngabarake wong-wong sing ketaton?”
kamangka wengi sing terus lumaku
nggoleki punjering sepi kang mrebawani
kanggoku mujudake jantraning wektu
ora bisa diselaki
ing punjering sepi kang mrebawani
sineksen wengi tansah setya ngancani
aku lan sliramu bisa cecaketan DhewekE
wadul lan njaluk apa wae
klebu kepengin mbilas tatu-tatu
sasuwene iki kuwawa njereng saru-siku
ora perlu takon wengi iki duweke sapa
awit dheweke pancen duweke sapa-sapa
becik ing wektu iki aku lan sliramu nyekseni
wengi sing tansah gandhengan karo sepi
nyuwarakake langgam kuwawa ndudut ati
2021
SLIRAMU BANOWATI?
apa sliramu Banowati sing saben wengi
tansah ngronce endahe impen mawar-melathi?
apa sliramu Banowati sing saben esuk
njlumati tumetese bun ing pang gapuk?
apa sliramu Banowati sing saben sore
nunggu leledhange panengah Pandhawa
nyangking esem kuwawa ngosikake dhadha?
yen muyege rasa angel dipithati
yen lajere kasetyan lan katresnan
bisa dianggo dolanan
ora ana gunane kapercayan sing kadhung cinathet
ing lembarane kitab purwa mawa sanggit njlimet
mesthine ora perlu ngenteni dina kaping wolulas
tumapake bharatayuda sing gawe kejoting maras
yen mung kanggo njereng rasa sawutuhe
antarane kelangan Kurupati utawa dheweke
saben sore anguk-anguk ing tamansari
sineksen mekare mawar lan melathi
sliramu Banowati?
2021
SKETSA MALEM JEMUWAH KLIWON
daktepeni wengi sepi bareng kandele donga
murih tekane sewu panggodha lan krenah ala
ora pijer jejingklakan lan sesongaran
ngosikake isen-isen bale katresnan
lan yen wis wancine dheweke sing tega
ngobarake geni memungsuhan
angluh ing ulengane rasa
angel disurasa
2021
SERENADE
aku kepengin mbaleni ngeja
ukara sing koktinggal nalika arep lunga,
“Menyang endi parane gegayuhan
nalika sore nyangoni abote sesanggan?”
sliramu mesthine ngerti
sore ora nate nyidrani janji
bareng sumilire angin nggelar sesawangan
endah dinulu saka saben papan
lan sapa wae wenang ngrasakake
samareme
ah, kadidene parodi
sliramu ngentha ukara nyencang ati
: sore dadi tumbal lamise janji
nganti saiki durung diwujudi
2021
SATIRE PANDEMI
ora kana ora kene
saben wektu ambulan mbengok sakayange
ngabarake sawujud kekalahan sing ora dingerteni
sapa wae sing kadhung kerem ing ulengane pandemi
glagepan kangelan mentas lan nata ati
suprandene sliramu malah ketungkul dolanan
endahe ukara rinengga sawernane kepentingan
lan gegayuhan sing durung maujud bali rinajut
sapa ngerti kahanan ngene pulung gelem sumuyud
mbilas tatu-tatu lawas
tanpa pituwas
Panggurit:
Lintang WM, menulis geguritan dan lainnya. Karya-karyanya dipublikasikan di berbagai media. Kini tinggal di Boyolali, Jawa Tengah.