Cerkak
Nglangut

Nglangut

Sasuwene telung minggu iki, sakbare Magrib, aku lelungguhan ing ngisor wit waru. Saka kene, angin ketiga krasa garing, panas, lan nggawa rasa kangen sing asing ananging kenthel. Saka panggonan lungguhku kene, swarane Hanan, bocah pitung taun, keprungu cetha tur nelangsa, katindhihan swara bapake, Kaji Margono. Ing padatan, swara kuwi mau banjur ditututi karo swara bocah-bocah sing pada ngaji ing langgar. Sanajan cilik, langgar kuwi mau dadi siji-sijine panggonan sing paling rame nalika Magrib. Nalika korona durung teka.

Daksumet rokokku. Wis nganti telung ler lan aku isih lelungguhan ing kene. Angin ketiga sansaya adhem. Godhong-godhong waru gogrok katerak angin. Semana uga kembange sing werna kuning tuwa padha kabur kanginan. Aku ngambu ganda sing kulina. Kaya-kaya, ganda kuwi mau dakambu saben dina. Aku isih ngeling-eling, ananging ora ketemu. Apa maneh, Kaji Margono katon nyedhak mrene. Angenku dadi buyar.

Nalika weruh Kaji Margono sansaya nyedhak, aku wis ora krungu swarane Hanan. Bocah kuwi mau mrenges nalika adu rai karo aku saka kadohan sinambi ngacungake jempol tangane. Kaya-kaya muni, “Yes, Mas. Ngajiku ora prelu suwe-suwe.”

Dhasar bocah!

Sadurunge Kaji Margono teka, ana rong perkara sing dakpikirake. Sing sepisan, dheweke nyedhaki aku kaya padatan. Kepingin jagongan kayadene yen nunggu wayah Ngisak. Lumayan, bisa ngrokok raketang sak ler. Ngomong apa wae sing kepingin diomongake. Rega jagung sing mudhun, Hanan sing sansaya keset ngajine, utawa samubarang sing bisa gawe pikiran lega sawetara wektu. Pindho, dheweke kepingin ngabarake, mungkin luwih pas yen daksebut ngaturake belasungkawa karo aku amarga kabar sing daktampa esuk mau: Bapak tilar ndonya.

Kaji Margono lungguh ing sisihku. Sadurunge dheweke ngendika, aku luwih dhisik nawani rokok sing gari sak ler. “Kantun setunggal, Pak.” aturku.

“Iya, matur nuwun. Aku dak leren sik.”

Kembang waru werna kuning kuceh jiglok ing ngarepku. Angin sumilir saka kidul. Rambutku mobat mabit sanajan wis dakkucir. Rokok sing isih murup ing drijiku muni kletak-kletik dibrongot angin.

“Muga-muga wae bapakmu diparingi dalan padhang. Kowe uga sing sabar. Aku melu belasungkawa.”

Ngono ngendikane Kaji Margono. Ora dakwangsuli. Aku malah blangkemen. Ora bisa mangsuli apa-apa. Ora merga rasa kangenku karo Bapak wis nancep-nancep, ananging merga ora ana sing dakkangeni saka Bapak. Blas, ora ana!

“Bapakmu wis teka dalan pungkasan. Dene awake dhewe, isih kudu napaki embuh sepira dawa lan suwene.” ngendikane maneh. Aku isih meneng.

Kaji Margono banjur ngadeg nalika swarane Hanan krungu saka langgar. Rokok sing gari sak pucuk driji dakguwak. Dakiles nganggo sandhal. Pang-pang wit waru ing cedhakku obah kanginan. Ana sing tangsang ing empyak, uga keli melu banyu ing kalenan. Mbok menawa, atiku uga semana. Separo wis kepenak ing kene, dene separo maneh isih keri, lan tetep wae manggon ing omah. Ing omah sing isine mung aku karo Ibu. Tanpa Bapak.

Bapak mung ginambar ing atiku saka poto-poto sing disimpen Ibu. Mbiyen, nalika isih cilik, poto-poto kuwi mau dipasang ing tembok, ing dhuwur lawang. Sing paling dakeling, Bapak nate poto kanthi mesem, ngrangkul Ibu sing nalika kuwi lagi mbobot aku. Ora ana gambaran sakliyane rasa tresna lan bungah.

Sawijining dina, aku weruh Ibu nangis ing kamar nalika oleh kabar Bapak lara lan mlebu rumah sakit. Poto-poto ing tembok wis dakcopoti. Aku ora mentala nyawang wong sing nglarani ibuku, sanajan kuwi bapakku dhewe. Apa maneh yen ora amarga tumindake sing ora becik. Ora ana sing luwih nglarani tinimbang nemoni bojo senengan karo wong liya nalika bojone mbobot. Kuwi sing dirasakake Ibu nalika mbobot aku. Mula, nganti seprene, aku durung nate weruh raine Bapak. Sanajan dheweke lara, atiku durung legawa teka.

Ibu terus wae nangis. Ing selane, panjenengane ngendika menawa sakelek-eleke tumindake Bapak mbiyen, ya tetep wae bapakku. Aku manthuk, tanpa  ana rasa trenyuh sing bisa ndlesep ing atiku. Atiku malah sansaya tawar, sansaya getar. Nganti aku nekat lunga bara ing kene amarga ora kuwat nyawang Ibu sing ditekak kanelangsan.

Ing kene, aku manggon ing kontrakane Kaji Margono. Antarane wis limang taun anggonku ngontrak ing kene. Saben wayah Magrib, nalika Hanan lan Kaji Margono lungguh ing ngemper langgar, aku lungguh ing ngisor waru. Nalika Hanan lekas nderes kitab, aku banjur nyumet rokok. Kaji Margono nate ngendika, kanthi nderes kitab, ati bisa lejar. Bisa ngubungake marang Gusti Sing Murbeng Dumadi. Aku mesem, amarga sing bisa gawe ati lejar, kanggoku mung siji yaiku rokok.

“Ora apa-apa.” Kaji Margono mesem nalika semana, “Muga wae jangkahmu isih dawa.”

Aku mesem. Mesthi wae. Aku isih selawe taun. Yen gelem, aku wis mulih. Netep ing omah karo Ibu. Ngancani dheweke ngentekake wayah ‘surup’ sing bakal teka. Ananging, yen kelingan Ibu, aku banjur eling tangise, eling kuciwane. Kabeh kuwi mau sak nalika marakake atiku sansaya getar. Apa maneh, saiki aku pancen ora bisa mulih. Wis kasep ing kene. Dikrangkeng kahanan amarga korona. Ora bisa nangdi-nangdi.

***

Langit ing sisih kulon katon peteng. Werna kuning emas katindhih semburat abang sing sansaya cetha. Aku wis lungguh ing ngisor waru, sanajan durung Magrib. Hanan lan Kaji Margono katon lelungguhan ing lincak omahe. Saka kene, bocah pitung taun kuwi mau katon mondhong kitab. Esuk mau, aku oleh kabar menawa Ibu gerah. Mriang pirang-pirang dina. Ora bisa turu pirang-prang wengi. Sing dirasakake mung lemes.

Hanan lan Kaji Margono mlaku bebarengan tumuju langgar. Peteng teka ing kulon kana. Godhong-godhong waru ambyuk nalika angin saka kidul nggawa ganda sing kulina. Sajake, sesawangan kaya ngono kuwi mau sing nekakake ganda sing kulina ananging ora bisa dirasa. Embuh apa, isih dakgrayaki. Aku weruh Kaji Margono mernahake kupluke Hanan. Nalika kuwi, saka kene, cetha menawa rasa tresnane karo Hanan ora bisa diukur nganggo ukara. Rasa sing ora bisa dakrasakake nganti umurku selawe taun. Rasane dielus Bapak. Dituntun Bapak. Apa maneh, diajak menyang langgar karo Bapak. Rasa kasepen mblebet atiku sak nalika. Rasa kasepen dadi manungsa.

Aku isih lungguh sumendhe ing wit waru. Mripatku sansaya sepet nalika swarane Hanan keprungu saka langgar. Bebarengan karo swarane Hanan lan mripatku sing sansaya lamur, aku weruh Ibu. Ibu mesem. Ngawe-awe. Dene, ing mburine, Bapak ngadeg kanthi esem sing padha. Padha bungahe. Nalika kuwi, sing dakrasakake mung seneng. Yen bisa digambarake, mungkin wae, kangen sing nglumpuk sasuwene selawe taun, saiki ambyar. Kepethuk sing dituju.

Antarane turu lan ora, aku ngadeg. Hape ing sisihku muni. Hanan lan Kaji Margono uga wis ngadeg ing sacedhake wit waru. Aku mesem, ananging padha meneng wae. Aku weruh Kaji Margono njupuk hapeku, banjur maca pesen ing whatsapp. Saka mburi, aku bisa maca pesen kuwi mau. Kabar sing sak nalika gawe aku nangis. Ibu tilar ndonya.

Sik, sik….

Aku nangis, ananging ora ana sing mili saka mripatku. Kaji Margono lan Hanan uga meneng wae. Kaji Margono malah ngoyog-oyog tanganku, banjur nggrayaki pok tlapakan tangan. Pasuryane ora bisa digambarake. Dene, saiki, sing ana ing ngarepanku mung Ibu. Saiki Ibu ora mesem, ananging nangis lan terus ngawe-awe.[]

Gemolong, 2021/2022


Penulis:

Latif Nur Janah, lahir dan besar di Sragen, Jawa Tengah. Menulis fiksi dalam bahasa Indonesia dan bahasa Jawa. Cerpennya berjudul “Awan di Pelupuk Mata” menjadi juara pertama lomba menulis gebyar kedaulatan santri (Oktober, 2021).

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *