Cerkak
Bedhil

Bedhil

Tangga kiwa-tengene padha kresah-kresuh. Sing dirembug ora liya ngenani swara tangis sing wis pirang-pirang bengi tansah keprungu. Asale saka papan sing ajeg, omahe Mbah Sun. Warga sing durung suwe manggon ana kampung kono.

Kamangka sadurunge lemah duweke Mbah Parman kuwi dituku dening anake Mbah Sun sing dadi tentara lan banjur didegi omah, ora tau ana kedadeyan sing nganeh-anehi. Nanging bareng omah kuwi dadi dan dienggoni Mbah Sun, embuh ngapa keri-keri iki ing wayah wengi kerep keprungu swara tangis.

Wiworo sing omahe adoh saka pekarangane Mbah Sun maune ora patiya nggagas, awit pancen durung tau krungu dhewe. Nanging bareng warga padha kresah-kresuh ngrembug anane swara tangis mau, dheweke dadi penasaran. Mula bengi iki sawise ngeterake bojone jagong menyang nggone kanca kantor, Wiworo sengaja sanja menyang gerdhu sing ora patiya adoh saka omahe. Sapa ngerti entuk kabar sing bisa njawab rasa penasarane.

Lagi wae Wiworo tekan gerdhu, Sukat lan Surono sing wis ana kono katon lagi ngganyik rembugan. Sing dirembug ora liya ngenani swara tangis sing asale saka omahe Mbah Sun.

“Manut Mas Wi, kudu piye?” pitakone Sukat nalika Wiworo lagi wae nyelehake awak ing buk gerdhu.

“Aku mrene ki arep golek kabar ngenani kuwi, nanging kok malah mboktakoni kudu piye,” Wiworo kandha alon.

“Sing cetha, wis pirang-pirang bengi iki yen ana warga sing kebeneran liwat dalan ngarep omahe Mbah Sun mesthi krungu swarane wong nangis,” semaute Surono.

“Dadi kedadeyane bener kaya ngono?”

“Iya, Mas Wi.”

“Yen swara aneh kuwi memedi dakkira ora mungkin. Ambak-ambak omahe Mbah Sun ana pojok kampung, nanging kawit mbiyen papan kuwi anteng-anteng wae. Ora tau ana kedadeyan sing nganeh-anehi,” Wiworo nyoba ngeling-eling sejarahe lemah sing saiki dipanggoni Mbah Sun.

“Yen dudu memedi, banjur kuwi swara apa? Apa mungkin Mbah Sun utawa bojone nangis? Yen kepeksane nangis, banjur apa sing ditangisi?” Sukat gedheg-gedheg.

“Ngene wae,” kandhane Surono, “Kareben warga ngerti lan ora mung kresah-kresuh terus, becike digoleki apa satemene kedadeyan kuwi. Piye, Mas Wi?”

Wiworo ora gage-gage wangsulan. Tangane grayah-grayah rokok ing sak kathoke. Dijupuk sakler, banjur disumet lan peluke dianggo dolanan.

“Piye, Mas Wi?” Sukat genti takon.

“Ngene wae. Sesuk esuk mumpung prei kerja, aku dak sanja menyang omahe Mbah Sun. Sapa ngerti entuk sisik-melik ngenani swara aneh kuwi. Yen Mbah Sun ngerti, dakkira gelem crita karo aku. Kepriyea wae aku sing mbiyen ndalani lemah sing dituku anake lanang lan saiki dienggoni kuwi.”

“Mathuk yen ngono,” Sukat lan Surono manthuk-manthuk.

Wiworo banjur pamit mulih, merga wancine pancen wis wengi. Sukat lan Surono katone isih katrem lungguhan ing gerdhu, embuh apa sing dirembug.

Esuke Wiworo nyelakake menyang omahe Mbah Sun. Kebeneran Mbah Sun lan Mbah Darwi, bojone lagi lungguhan ana teras omahe. Ngerteni Wiworo kledhang-kledhang mlebu plataran omahe, wong loro banjur gupuh ngacarani tekane Wiworo. Sawise kuwi Mbah Darwi mlebu omah lan ora let suwe wis metu maneh nggawa wedang panas rong gelas. Sawise diseleh ing meja lan manggakake marang Wiworo, wong wadon kuwi banjur bali mlebu omah maneh.

“Kadingaren Mas Wi enjing ngaten tindak mriki?” kandhane Mbah Sun sawise Wiworo nyruput wedang ginastel sing mentas disuguhake.

Wiworo mesem, nuli kandhane, “Kepengin dolan mawon, Mbah. Sisan-sisan pados sesawangan kahananipun tegalan kidul kampung.”

“Kula kinten wonten kaperluwan ingkang wigati.”

Wiworo lan Mbah Sun banjur crita akeh-akeh. Embuh crita ngenani kulawarga, kahanane kampung lan liya-liyane. Kadhangkala diselani guyonan sing njalari anggone jagongan ora kaku.

“Menapa Mas Wi kepengin ngertos ngenani swara tangis ingkang asalipun saking griya mriki?”

Wiworo njegreg nalika ngerti-ngerti Mbah Sun duwe tembung kaya ngono. Ora ngira ora nyana yen Mbah Sun malah miwiti mbukak rembug ngenani swara tangis iku. Nanging rasa kaya ngono sengaja didhelikake Wiworo, nuli ethok-ethok takon, “Swara napa ta, Mbah?”

Mbah Sun ora gage-gage wangsulan. Panyawange malah ngener menyang gumelare langit. Nanging ora suwe, banjur kandhane, “Jan-jane kula ngertos yen tangga kiwa-tengen mriki sami taken-taken piyambak ngenani swara tangis ingkang asalipun saking mriki.”

“Lha estunipun wonten menapa, Mbah?”

“Diarani aneh nggih mangga, mboten nggih mboten menapa-menapa.”

Wiworo ora gage-gage kumecap. Panyawange katujokake marang Mbah Sun. Senajan wis sepuh, ana yen mung wolung puluh taunan umure, nanging isih katon ethes.

“Ngaten Mas Wi, jujur mawon swara tangis ingkang keprungu pinten-pinten dalu niki sejatinipun saking kula.”

“Saking Mbah Sun?” Wiworo njomblak.

“Critanipun panjang, Mas Wi. Cekak aosipun, puluhan taun sesampunipun kula pensiun saking tentara, kadosipun wonten ewah-ewahan ing awak kula. Angger ngertos bedhil laras panjang, duka kenging menapa kula lajeng trenyuh lan mboten saged ngampet rasaning ati. Wekasanipun dados prembik-prembik lan nangis piyambak, malah ngantos pirang-pirang dinten.”

“Mbah Sun nangis mergi sumerep bedhil?”

“Inggih, Mas. Kapan nika mboten njarag ing dalan pinggir tegalan kidul kampung kula sumerep tentara latihan kalih mbeta bedhil laras panjang. Dugi griya ati kula mboten karuwan, lan njalari pinten-pinten dalu niki kula dados nangis piyambak.”

“Kok saged ngaten, Mbah Sun?

Mbah Sun banjur crita akeh-akeh. Sawise pensiun saka tentara, maune weruh bedhil rasane ora piye-piye. Dianggep barang lumrah. Kepriyea wae sing jenenge bedhil dudu barang aneh tumrape tentara. Nanging bareng anake ragil klakon dadi tentara kaya sing dadi kekudangane, kaya mas-mase sing uga dadi tentara, ana rasa-pangrasa seje sing dumadakan ngrenggani dhadhane angger nyawang bedhil. Luwih-luwih nalika anake ragil kerep ditugasake menyang dhaerah rawan konflik lan pemberontakan, rasa-pangrasa kaya ngono sansaya nyesegi dhadhane.  

Bedhil kuwi uga ngelingake Mbah Sun jamane dadi tentara. Minangka tentara, Mbah Sun kaya-kaya wis tepung gelang ditugaske ing dhaerah-dhaerah rawan konflik lan pemberontakan kaya sing dialami anak-anake. Ora kepetung dheweke kudu ngangkat bedhil ngadhepi kelompok sing kepengin ngrusak kawutuhan lan jejege negara. Bedhil paribasan ora tau ucul saka tangane.

“Kula mboten ngertos kenging menapa saniki angger sumerep bedhil, raos kula dados pripun ngaten. Tundhone mung dados tangis.”

Wiworo meneng, ora ngerti kudu kumecap apa.

“Perkawis tiyang sanes ngarani kula aneh, sumangga. Wong nyatanipun kados ngaten,” panyawange Mbah Sun banjur ngener gumelare langit sing wektu kuwi katon resik. Nanging embuh ngapa, sawise sawetara wektu nyawang langit mau, polatane Mbah Sun dadi peteng lan mripate dadi kaca-kaca. Kaya ana sing ngebot-eboti pengangene. “Sejatinipun wonten bab sanes ingkang njalari kula pinten-pinten dalu niki nangis.”

Wiworo kaget nalika Mbah Sun saiki duwe tembung kaya ngono. “Bab menapa, Mbah?”

“Kedadeyan pait ingkang ugi wonten sasambetanipun kalih bedhil. Kula nangis pinten-pinten dalu niki mergi kula kemutan anak ragil kula ingkang gugur wonten papan tugas awit kabedhil kelompok pengacau keamanan. Senajan niku resikonipun tentara ingkang ngayahi tugas, nanging raos kelangan mboten saged disingidaken, ” mripate Mbah Sun sing mau kaca-kaca saiki ambrol dadi tangis.

Wiworo meneng. Ana rasa seje bareng krungu crita kaya ngono.

“Niku crita sanyatanipun, Mas Wi,” tembunge Mbah Sun groyok.

Wiworo noleh jam tangane, wis jam sewelas kurang sethithik. Wiworo gage-gage pamitan. Ing dalan-dalan tumuju omah atine Wiworo dadi lega. Pitakonan ngenani swara tangis sing asale saka omahe Mbah Sun wis kecekel wangsulane.  

Bengine Wiworo metu saka omah, nyelakake sanja menyang gerdhu. Asile anggone nemoni Mbah Sun mesthi tansah diarep-arep dening warga sing maune padha kresah-kresuh nggagas swara tangis sing pirang-pirang bengi tansah keprungu.

“Piye asile, Mas Wi?” lagi wae Wiworo tekan gerdhu lan durung kober lungguh, Sukat sing wis ana kono karo Surono lan Slamet langsung nguncalake pitakon sing sajak kepengin cepet entuk wangsulan.

Wiworo mung klecam-klecem. “Ora ana sing kudu disujanani karo swara tangis kuwi.”

“Karepe piye?” Surono genti takon.

Wiworo banjur njereng crita apa anane. Lire, swara tangis sing keprungu saben bengi kuwi ora liya tangise Mbah Sun merga weruh bedhil. Uga kegawa atine sing dumadakan kelingan anake ragil sing gugur kabedhil kelompok pengacau keamaan nalika ngayahi tugas. Wong-wong sing ngrungokake padha ngungun dhewe lan ora percaya geneya Mbah Sun nganti bisa kaya ngono.

“Dhor! Dhor!”

Wiworo lan wong-wong sing ana gerdhu sanalika kaget nalika dumadakan krungu swarane bedhil bola-bali. Asale saka tegalan kidul kampung. Kanggo mangerteni kedadeyan sing satemene, wong-wong kuwi banjur njranthal mlayu menyang asale swara. Bareng digatekake jebul swarane bedhil tentara sing lagi latihan ana kono.

“Swara dhor-dhor niku aweh semangat, Mas Wi,”

Wiworo kaget nalika ngerti-ngerti Mbah Sun wis ngadeg ana sandhinge karo sedhakep lan nyawang prenahe tentara sing lagi latihan.

“Kok saged, Mbah Sun?”

“Swara bedhil niku aweh semangat kangge sinten mawon, mligine tentara. Semangat kangge nindakaken jejibahanipun piyambak-piyambak.”

Wiworo manggut-manggut.

“Sumerep bedhil niku ati kula saniki mboten kontrang-kantringan malih. Saniki pun biyasa malih, tenang. Kula mboten kedah nangis terus-terusan sauger nyawang bedhil lan ngelingi kedadeyan ingkang ditemah anak kula.”

Wiworo meneng. Ora bisa kumecap apa-apa.


Penulis:

Irul S. Budianto, menulis dengan bahasa Jawa dan Indonesia. Kini tinggal di Boyolali, Jawa Tengah.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *