
Geguritan Dyah Kurniawati
Ngluru Dununging Kamulyan
Sunare baskara saka brang wetan
Angete mrambat sajroning sukma
Ngaras saranduning sarira
Kang lagi tapa brata golek pangupa jiwa
Ing clepitan kinupeng gedhong magrong lan amba
Padha ceceker rekasane kaum papa sudra
Bebarengan kluruke jago nganti tumekaning angslupe sandyakala
Mung sadrema ngluru sapulukan upa
Wewalikane jagad liya
Para piyayi sajroning wisma bawera
Padha ongkang-ongkang ngguwaki brana
Nanging rasane urip rinasa sepa
Kuwi kabeh isine donya
Mung ngupadi urip mulya
Marsudi kabagyane jiwa raga
Kasampurnan kang tanpa upama
Pinggir sawah panggah mewah, 26122021
Ngranggeh kabagyan
Ing ngendi panggone kabagyan iku?
Ing adoh kana, semu
Diplayoni nganti keplayu
Dikiter nganti digeguyu
Direwangi tapa mbisu
Diranggeh nganggo kayu
Dioyak sadawane pandulu
Ditunggu gogroke katiup sang bayu
Yen durung tekaning wahyu
Tangeh lamun bisa kapangku
Nembus jroning kalbu
Madiun ing wanci dalu, 28122021
Nuladha Sunare Bagaskara
Semburat sumirat madhangi rat
Hambabar sunare tanpa kendhat
Mung mituhu dhawuhe kang nguwasani jagad
Sadrema nglakoni kuwajiban kanthi iklasing niyat
Kabeh iku patut tinulad
Leremna pikir supaya bregas sehat
Ngresepi peparingane Gusti kanthi nikmat
Ilangana watek sing doyan sambat
Ayo kabeh padha mertobat
Ngupadi sangu urip ing akhirat
Sadurunge tekane dina kiamat
Madiun karangkul angete srengenge, 31122021
Gurit Panglipur Wuyung
Kapang rinasa nembus jroning dhadha
Nunjem tekan pucuking rasa
Tan ana kang bisa paring usada
Ya mung sliramu dhuh …kusuma
Wis nyoba mertamba mréné mrana
Jampi Jawa tekan obat manca
Kabeh tan bisa pinercaya
Wuss…ora kaya sing diiklanna
Ing kene tansah tak pikirna
Kapan bisa nyuntak sakabehing rasa
Meh pedhot rasane nyawa
Nunggu sliramu tan ana warta
Jangkrik ngerik nambahi duhkita
Kodhok ngorek ora kendhat nyuwara
Sajak ngece si lara branta
Banyu mata pratandha jerune asmara
Madiun ngantu sigaraning nyawa 29122021
Gegadhangan ing Pasisir pelang
Jumlegure ombak nyempyok watu karang
Kasusul swara panjerit menggalih sing ana sebrang
Nangisi sakabehing panandhang
Kang tansah dadi pepalang
Samubarang sing digegadhang
Raga nglokro ora bisa tumandang
Arep sambat wedi tansaya kondhang
Trima nangis bae tinimbang wirang
Brebes mili pindha tirta saking tawang
gumrojog tumiba ing talang
Tak antu tekamu ing pasisir Pelang
Ngrakit dina endah tanpa was sumelang
Tak rewangi kaya wong ilang
Nanging sliramu tan bisa kesawang
Mabur ing awang-awang
Madiun rasa Pasisir Pelang, 31122021
Penggurit

Dyah Kurniawati. Seorang perempuan penikmat sastra Jawa juga penulis lepas di majalah sastra dan budaya Jawa. Lulusan Pend. Bahasa dan Sastra Daerah UNESA. Sekarang bekerja sebagai Guru di MTsN Kota Madiun.