Cerkak
Buron

Buron

Pawongan iku jeginggat tangi. Awake kebes kringet. Bengi kuwi ora kaya biasane. Turune ora isa angler amarga ana sing terus dipikirake. Jiwane ora tenang lan kuwatir. Dheweke tangi saka amben lan mlaku tumuju kolah. Saka kolah banjur mlaku ing ruang tengah, lungguh lemes ing kursi pojok cedhak meja. Njupuk rokok sak ler banjur disumet. Rokok disedhot jero banjur keluke disebulake alon-alon. Tanpa nunggu suwe, banjur ana kabut tipis ing ruangan kuwi. Dheweke banjur njupuk kertas lan bolpen ana ing meja ngarepe, banjur nulis.

Kanggo kowe sing lagi ing sangkan paran.

Sinting tenan! Kowe isih kaya biyen. Muga-muga kowe ora nesu yen aku ngarani mengkono. Wektu ana pawongan sing apik aten, kandha karo aku arep ngajak guneman mligi, aku kaget lan dheg-dhegan. Kaya-kaya aku lagi didakwa pasal metengi bojone liyan. Umpama nyata-nyata ndakwa, aku luwih milih diajar entek-entekan karo preman kampung amerga wani nresnani anake pak lurah tinimbang lungguh ana pengadilan nganggo stelan jas dasi amerga sidang korupsi.

Aku lega, amerga kuwi ora bener. Nyatane dheweke mung arep ngeterake layang saka kowe sing isine ngandhakake menawa saiki kowe lagi dadi buron. Jaremu amerga kamunafikan sing ana ing kuthamu kuwi. Ing layangmu, kutha iku mbok gambarake kayadene septictank. Ing kuthamu kuwi, kowe dadi korban. Kutha sing wis ndadekake kowe gembel, rebutan sisa panganan karo asu korep. Mangan ing kana, ngising ing kana bareng karo coro sing mambu apek. Jaremu awakmu asring kedher amerga keweden tumrap samubarang. Tumrap katresnan, getih, kaprawanan, polisi, etika lan tumrap coro sing saben-saben ngrubung kowe.

Blaka suta aku ora ngerti, iku amung pasemon apa kasunyatan. Uga bab kutha sing saiki lagi mbok enggoni kuwi. Bakune, kowe kudu ngerti pepandhingan iki; Aku luwih seneng entuk kabar saka kanca sing kere ning isih duwe rasa, tinimbang kabar kanca birokrat sing uteke kebak wesi teyeng lan senengane banjur nglego wesi iku menyang tukang rosok.

Wong lanang iku mandheg nulis. Dheweke gojag-gajeg, apa layang iku ana gunane kanggo kancane sing saiki buron, sing mestine kahanane mrihatinake, isa-isa saiki lagi kaliren. Layang kuwi amung kaya-kaya kanggo nggedhekake ati thok. Wong kuwi nyoba nerusake nulis, nanging jebulane malah wis ora bisa lancar maneh. Mungkin amarga atine ora yakin karo daya gunane omongane kuwi. Dheweke nyoba nulis nganggo kertas sing anyar.

Kancaku sing apik aten, kowe wis tau ngomong menawa sairing-iringane alur uripku kaya kali mili, banjur ngendhon ana rawa sing dawa banget. Siji jeneng sing kawetu, yaiku awakmu. Kowe ngomong menawa aku ora kaya biyen sing mbok kenal. Kowe uga ngomong menawa aku durung ngerti kowe tenane piye, Yen dianggep wis kenal, mungkin aku among kenal seprapat uripmu. Yen bener ngono, kowe ya ngerti aku amung seprapat uripku. Mungkin jumbuh karo anggonmu durung tutug nepungi kuthamu kuwi. Wis ya, ora usah dipermasalahake.

Dheweke mandheg maneh. Dibolan-baleni maca tulisan kuwi. Batine ora sarujuk karo apa sing lagi wae ditulis. Yen ditliti kok isine malah kaya mojokake kancane. Isa-isa dheweke ora nulungi ning malah nambahi beban pikirane. Ujug-ujug kertas mau diremet-remet banjur diuncalake notog tembok. Isih kanthi ati semrawut, dheweke nyoba nulis nganggo kertas anyar maneh.

Kancaku, yen kowe pancen lagi ana panggonan sing mbok arani septictank kuwi, apa aku oleh nemoni kowe banjur bareng-bareng gerilya? muga-muga awake dhewe bisa nemokake paggonan sing pantes. Ning ya ora ngerti, isa-isa awake dhewe malah ketemu panggonan pawuhan sing wong pada jijik ngambah. Aku pancen ora isa janji lan ora duwe kakuwatan sing isa ngluwari kowe saka septictank kuwi. Ning sak ora-orane aku isa mbok dadekake kanca kanggo nggoleki trowongan saka lembah laknat kuwi tembus menyang pante ati sing mbok karepake.

Mara-mara kertas diuwel-uwel lan dibuwang maneh. Atine ketok emosi. Batine selak, saiki dudu wayahe ngomong ndakik-ndakik. Dheweke bingung. Disumet maneh rokoke, mbuh wis sumetan kaping pira. Wong lanang iku ndomblong. Kanthi tangan gemeter, dheweke miwiti nulis maneh. Kringete ngrembes saka bathuk tumuju gulu.

Kancaku, aku ora isa menehi samubarang kang murwat kanggo kowe. Aku mung isa titip weling siji: Aja ndhelik maneh. Ben awake dhewe isa lungguh bareng ngomongake apa wae, saka bab peniti nganti bab nggragase saperangan wong ing nagri iki. Kaya sing wis tau mbok omongke biyen, awake dhewe isa ngetung lintang sing pirang-pirang cacahe saka tengah-tengahing kreteg gedhe. Utawa milih-milih lemah sing kepenak kanggo lambaran lungguh sila, ngrembug bareng bab sing isa marai seneng ati, fabel, roman murahan utawa karya sastra jelata sing wusanane mung kanggo bungkus gorengan. Utawa mung saderma lungguh  jejer ana ing pinggir dalan, karo nggraita nasibe awake dhewe.

Apa kowe isih seneng marang thek kluwere ndonya kang kaya mangkono? Yen isih seneng, ngapa awake dhewe ora gage ketemu banjur bareng-bareng gawe komplotan apa wujud sing liyane. Mungkin lumantar kuwi awake dhewe isa dadi mitra sing hebat banjur nyigar bumi iki dadi loro, ngobrak-abrik isine, mung kepengin nggoleki neng ngendi dununge panggonan sawijining barang sing bisa katelah mutiaraning urip.

Kejaba kuwi, awake dhewe isa njlentrehake gegambaran maneka warna jajan pasar, dalan sing lenggak-lenggok kaya-kaya isa nuduhake wates gambar sing teges. Nggitar sinambi nembang lagu blero minangka obat rasa kangen. Utawa nyritakake wong-wong sing kita tresnani uga wong-wong sing wis ora kita tresnani. Bebas gegojegan utawa bebas ngelek-elek apa wae. Apa bab sing ngandhut petualangan kayadene nggoleki kuburane patung-patung pahlawan sing ilang.

Rampung nulis, kertas ditekuk banjur diselehake ana meja. Dheweke njupuk rokok sak ler banjur disumet. Rokok disedhot jero. Keluke disebulake alon-alon. Ora let suwe, keluk sing disebulake iku banjur njilma dadi kabut. Putih kabeh. Nanging bola-bali mripate tumuju marang layang iku. Layang banjur dijupuk, diwaca, diselehake maneh. Ora suwe layang iku dijupuk maneh banjur diwaca, diselehake, mangkono sak teruse. []


Penulis:

Yuditeha, Bapake Yos lan Yuan. Warga Jaten- Karanganyar.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *