
Geguritan Sharina Ananda
DOLANAN TEMBUNG
dolanan tembung, kothekan lesung
tembang ngumandhang
saka pinggir kampung
abang-ijone lelakon kepungkur
dadi sulihe panglipur
mangsa paceklik
dolanan tembung ing alas jati
uler, enthung, lan kupu
isih bisa daksawang
dadi tambaning tatu
ah, isih akeh sing ketriwal
tetembungan kececeran sadalan-dalan
Tanjung, 2021
W E K T U
wektumu entek
ing warung kopi
wiwit esuk nganti awan
wiwit sore nganti tengah wengi
apa sing kokgoleki
apa sing kokbundheli
warung kopi pinggir kali
dalan cilik lan wit trembesi
ing kene sewu tembung krasa cekak
ilining wektu dadi cendhak
Tanjung, 2021
PETILASAN
lemah geneng tengah sawah
ngisor trembesi, bata kawak pating blasah
iki petilasane mbah simbar jaya
sing babad desa tanjung
dhek jaman semana
lanang pengkuh pilih tandhing
iket putih surjane lurik
iki lho prajurit diponegaran
keplantrang tekan tlatah wetan
awit pokale rowang pribadi
sing kegiwang akale welandi
lemah geneng lan wit trembesi
sawah ngilak-ilak lan kali apur
mbah simbar jaya wis ora menangi
rejane jaman lan dawane sepur
Tanjung, 2021
DALAN CILIK
dalan cilik pinggir sawah
bocah lanang numpak sepedhah
suket gajah ing goncengan
pakan sapi mangsa rendhengan
iki tembang kanyatan
dudu lelagon ati tatu
tembung sing rinakit dadi guritan
paseksen abadi jroning buku
dalan cilik iku dalanmu
bocah lanang iku sedulurmu
guritan lugu aja digeguyu
eling-eling sing nulis wong ayu
Tanjung, 2021
WIS TEKA
sing diranti wis teka
taun anyar mungkure mangsa ketiga
udan ngrecih sedina-dina
nglarung sakehe memala
langit klawu
esem lan guyumu mung kanggo aku
taun anyar
dina-dina sing bakal teka
katon jentrek-jentrek
ing pandoming netra
yen sesuk sikil wiwit jumangkah
nempuh laku ngetungi wektu
taun anyar sing dienteni
ora beda wektu-wektu kepungkur
sing tau dilakoni
Tanjung, 2021
Penulis:
Sharina Ananda, mahasiswa Sekolah Tinggi Ilmu Administrasi Lembaga Administrasi Negara (STIA LAN) Bandung. Lahir di Nganjuk 13 Juni 2001. Suka membaca dan menulis.