Cerkak
ELPIS

ELPIS

Palakramane wong tuwaku, sang Dalu lan Yadu wis dadi karsane Gusti kang Maha Agung. Palakrama kasebut katujokake kanggo ngasilake tedhak turun sing bakal aweh pangimbang marang traju katentremaning jagad. Kita, tedhak turune sang Dalu lan Yadu cinipta kanggo nyampurnakake jagad. Ing ngarcapada kana, sang Bagya Kemayangan wis kesuwen ngubengi donya lan agawe lena para pendhudhuke. Lena marang dhawuh para Dewa sing nitahake. Saiki tumeka titi wancine kanggo aku lan para sedulurku, para trah samsara, teka kanggo ngimbangi trajune jagad iki. Ngelingake para pendhudhuk donya supaya nglenggana mring kuwasane para Dewa. Supaya padha atur pisungsung maneh marang para Dewa. Supaya padha ngucapake puji pandonga marang Kang Maha Kuwasa.

Aku, sing paling enom saka trah samsara, ora patia eling kaya ngapa wujude sedulur-sedulurku. Jarene jare, aku lan sedulur-sedulurku dilairake ana sajrone guwa garba kang awujud selaput tembus tanpa hawa, Aku lan para sedulurku bisa uwal saka kahanan tanpa hawa banjur bisa maujud dadi bentuk kang sampurna nalika ketaman cahya lan hawa seger saka njaba.Tanpa rong unsur kuwi, aku lan para sedulurku panggah kakurung ing panggon tanpa hawa kuwi kanthi wujud kang adoh saka sampurna. Mung memper wujud neker kang tembus cahya.

Aku lan para sedulurku pancen kudu ngaturake panuwun marang sang Dora. Tanpa laku apus-apuse, kita ora bakal bisa mujudake takdir dadi titah kang nduweni tugas mligi ing donya iki. Sang Dora, kanthi dhawuhe Gusti, nuwuhake wiji gumun ngungun marang sawijine wanita ayu kang cinipta dening Gusti minangka bebungah kanggo adhine sang Raja Manungsa. Wanodya ayu kang nduweni rambut warna emas kuwi kacipta kanthi sampurna jiwa-raga satemah rayi Sang Prabu sanalika ketaman asmara. Ora gantalan suwe, pahargyan dhaup manten dianakake kanthi mewah. Kabeh uwong padha suka parisuka ngrahabi pista dhauping pinanganten kekaro sing padha dene nandhang asmara kadya manuk dara sepasang sing ora bisa pinisaha. Para Dewa maringi bebungah kanggo temanten kekalih arupa kothak sing dilapis emas lan lazuli kanthi pepali ora oleh mbukak isine kothak manawa kepengin urip bagya mulya tumeka kukut mangsa.

Temanten putri seneng banget nampa kanugrahan arupa kothak kasebut lan banget ngaturake panuwun. Ora let suwe, sang temanten putri wus lali marang bungahing atine marang kothak emas amarga keslimur rasa bungah-rasa bungah liyane kang tansah lumintu ngrenggani dina-dinane. Kabegjane wis ditemokake karo jatu kramane njalari rasa bungah tanpa upama. Dina-dina anane mung seneng lan seneng. Dheweke ora ngerti manawa takdir kang dilakoni iki minangka srana nulungi para Dewa kang miwiti rencana kanggo ngelingake manungsa marang sing nitahake.

Si Dora kadhawuhan ndeder wiji gumun ngungun nalika wanodya rambut emas ngenteni tekane bojone saka dagang. Wiji gumun ngungun kuwi bakal didadekake sanjata supaya wanodya ayu kuwi nerak wewalere dewata nalika semana. Si Dora memba dadi kanca lawase wanodya rambut emas. Dheweke banjur nglebokake wiji ing wedang sing digawa nalika dheweke nyamar dadi kanca lawase wanita ayu kasebut. Kanthi yakin, si Dora ngandhakake manawa banyu kang digawa mau nduwe kasiyat bisa nuwuhake rasa pangrasa sing banget ndudut ati, kang durung nate dirasakake dening manungsa. Kanggo ngajeni kancane, wanodya rambut emas mau age-age ngombe tanpa prasangka. Sawise ngombe, pranyata ora ana rasa pangrasa apa-apa. Wanodya rambut emas meh arep nutuh kancane minangka tukang ngapusi.

Pranyata rasa pangrasa kasebut ora goroh. Sanalika tuwuh rasa kang pancen durung tau dirasakake dening sang wanodya, nanging dudu rasa ndudut ati kaya kang dikandhakake mau. Ora suwe sawise kancane pamitan mulih, wanodya rambut emas mau ngrasakake hawa kang adhem banget. Saking adheme kaya-kaya balung sungsume katrajang tujesan es mawa bentuk jarum-jarum alus. Pangrasa kuwi nuwuhake rasa adhem njekut sing terus neter tanpa mandheg. Wanodya ayu kuwi banjur age-age njupuk kemul sing paling anget lan langsung nggulungake awake sing kadhemen ing kasure sing kagawe saka wulu domba kang direnggani kemul Kashmir alus.

Wanodya rambut emas lagi tangi nalika srengenge meh klelep ing brang kulon. Dheweke ngrasakake rasa kang aeng. Rasa kuwi beda banget karo sing dirasakake esuk mau utawa dina-dina sadurunge. Ana rasa aneh sing kacampur karo rasa dheg-dhegan sing ndadekake rada trataban lan rasa aneh liyane sing sumebar ing sarandune awake. Pangrasa anehe lan uga dheg-dhegane tambah krasa nalika dheweke weruh kothak emas lazuli hadiah mantenane biyen. Kaya-kaya atine dithothog kenceng kudu-kudu enggal ngranggeh kothak kuwi banjur nliti, ngrungokake, ngambu lan ndemek kabeh bageyan-bageyane.

Wanodya rambut emas mau banjur nyekel kothak lazuli emas. Dipriksa kanthi ati-ati kabeh sisi, kabeh lapisan, kabeh ukiran, kabeh mas picis raja brana kang ngrenggani kothak edi peni kuwi. Kothak kuwi pancen tenanan yasane para dewa. Kabeh bageyane sampurna ora ana cacade babar pisan. Malah kothak kasebut katon ajaib. Katon kaya kothak urip, utawa paling ora, ana donya panguripan ing sajerone. Mengkono wanodya ayu kuwi njupuk dudutan. Dheweke percaya marang dudutane kuwi. Nalika kothak dicedhakake menyang kupinge, dheweke krungu swara alus merak ati kang asale saka njero. Kayadene swara sawijine lagu sing ditembangake dening Putri Duyung kang nate dicritakake bojone durung suwe iki. Sansaya suwe ngrungokake tetembangan kuwi, dheweke sansaya kepengin mbukak kothak, nrajang wewalere para dewa. Swara tetembangan alus merak ati kuwi banget ndudut atine nganti njalari ora bisa turu ing wayah wengi. Mripate angel merem amarga atine tansah mbengok sora supaya enggal-enggal mbukak isine kothak.

Wewaler sing didhawuhake para dewa nalika maringake kothak jaman semana malah banget ndadekake dheweke kudu-kudu pengen enggal weruh isine.

“Kenangapa aku ora oleh mbukak kothak iki?. Kothak iki rak wis diwenehake marang aku, dadi aku nduweni hak kanggo mbukak lan mangerteni isine” grenenge wanodya rambut emas njaluk dhukungan saka awake dhewe. Dheweke wis gawe putusan. Nalika sunaring srengenge sepisanan nyorot mlebu lumantar cendhela omahe, wanodya rambut emas kuwi wis mapanake kothak ing cedhak kupinge. Swara tetembangan alus merak ati kuwi keprungu maneh. Nuwuhake rasa sengsem makantar-kantar kang njilma dadi undheran nepsu kepengin enggal mangerteni panguripan kang dumadi ing sajrone kothak. Ora mungkin barang sing sampurna kaendahane bisa ndhelikake samubarang kang ala lang awe cintraka.

Drijine sing mucuk eri gegancangan mbukak tutupe kothak. Ora ana sing aeng nalika driji alus kuwi nyandhak pucuking kothak sinambi ngungak isine. Nanging nalika sunare srengenge nyedhak menyang njero kothak, swara pating jlerit wiwit ngrenggani isen-isen kothak. Jeritan kasebut keprungu cetha banget lan ngrujit ati kayadene ketaman pedhang ing njero pulung ati. Wanodya rambut emas banjur goreh atine, rumangsa wis nindakake perkara kang ora bener. Dumadakan krasa sarwa kleru lan getun. Emane, kakuwatan tangane wanodya ayu kuwi ora bisa menggak pepenginane para sedulurku sing wis suwe ngenteni titi wanci malih rupa dadi wujud sampurnane.

Sedulurku mbarep, sang Piala, sing paling dhisik entuk wujud sampurna. Ora let suwe, adhiku liyane nututi dheweke, langsung padha njerit lan mabur menyang saindhenging jagad saprelu nindakake tugase, nyaiku nyebarake lara lapa ing madyane jagad kabegjan sing wis kebacut kliwat sampurna. Emane, aku ora nate nemokake wujudku sing sampurna, amarga sadurunge srengenge nyedhaki selaput bungkusku, wanodya rambut emas kuwi kasil nutup kothak. Kothak sing sasuwene iki dadi papan pandhelikanku lan para sedulurku. Aku ditinggal dhewe ing kene, tanpa wujud kang sampurna.

“Aku uga kepengin kaya sedulur-sedulurku liyane. Aku uga kepengin lelungan ngubengi jagad,” jeritku ing petenging kothak. Kenangapa nasibku beda karo para sedulurku? Geneya aku ditinggal dhewe ing kene?. Pitakonan kuwi tansah ngebaki pikiranku. Saking suwene olehku ngenteni wangsulane, awakku kesel banget. Katambahan kahananku kang pancen durung nduweni kakuwatan kang sampurna uga. Rasa kesel kang banget dakrasakake wusanane ndadekake awakku turu kepati.

Nalika aku lagi nglokro mikirake nasibku sing ora cetha, bapakku sang Dalu dumadakan rawuh. Rawuhe kanggo nglipur atiku lan nerangake manawa kahananku pancen beda karo para sedulurku. Ngendikane, aku tinitah ngemban tugas kan ora padha karo para dulurku. Carane Bapak paring katrangan njlentrehake tugas lan kahananku, ndadekake aku marem lan wiwit nampa takdirku.

Aku pancen wis tinakdir ora bakal bisa metu saka kothak iki. Aku didhawuhi manggon ing kono kanthi bentuk sing ora sampurna. Aku kudu tetep disimpen sanajan ing papan panyimpenan sing beda. Aku pancen mligi. Aku, bocah wuragil saka trah samsara, saka kabeh papa cintrakane manungsa, dicipta kanggo ngobong greget gumregahe para manungsa. Hawa lan cahya ora bisa nemtokake sampurnaning wujudku. Ora kaya para sedulurku liyane sing bisa maujud sampurna manawa kabiyantu hawa njaba lan cahya. Kasampurnan wujudku gumantung marang sing ngrumati awakku lan ing ngendi aku disimpen. Sansaya teteg tanggon wong sing ngrumat aku, sansaya bakoh kukuh papan panyimpenanku lan sansaya sampurna wujudku. []

*Elpis = pangarep-arep, bab pungkasan sing isih sumimpen nalika Pandora mbukak kothak bebungah dhaupe karo Ephimetheus


Penulis:

Ratri Harida. Penulis adalah Dosen Kampus Literasi STKIP PGRI Ponorogo. Tinggal di Jl. Sekar Pudak 3 Tonatan Ponorogo

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *