Geguritan
Geguritan Daladi Ahmad

Geguritan Daladi Ahmad

ING MANGGILINGE CAKRA

lakuku lan lakumu sing kebak lelakon
amung sadrema anut manggilinge cakra
kang lumaku ing saurute wektu
kalamangsa antuk dalan dhingkil rumpil
ing wektu lan papan seje
ngliwati dalan alus, lempeng lan lempar

ing saurute wektu
lakune srengenge nggarit titi wanci
jumedhul ing wayah esuk
angslup ing wanci surup
mbabar kahanan padhang lan peteng
molak-malik gumantine rina lan wengi

lelakonku lan lelakonmu
uga mung sadrema nunut lan anut
ing gilir gumantine manggilinge cakra
ing beja sing agawe bungah
utawa kapituna sing njalari susah
dadi sandhangan lakon uripe menungsa
lamun beja aja lali lan lena
lamun tuna prayoga bisoa narima
Omah Sastra Monthit, 2022

ING SASMITANE RATRI

sing gawe giris atiku
dudu ibere teluh braja ing wayah wengi
pijer midar-mider golek limpe lan lena
sapa kena bakal lara nganti tumekeng palastra
nanging luwih gedhe kesamaranku
yen nganti ati iki dadi lali
marang rasa eling ing ngarsane gusti
kang wus mbabar nugraha ing urip iki

aku ora nggadhang udan lintang sumebar ing latar
mungguhku wis cukup lamun bisa nyawang
akasa sing tansah sumilak padhang
dina-dina sing dakpecaki
tinemu gampang dalane rejeki
jumbuh ginayuh kang kajangka lan kaesthi

sing dakadhang ing wengi iki
dudu cumlorote pulung kalungguhan
sing tedhak ing dhuwur wuwungan
siji kang dadi sedyaku
bisa nrawaca ing sasmitane ratri
wicak ngreksa mobah mosike ati
mapakake saben tumapake laku
murih tresna asihe gusti
manjing nyawiji ing awak mami
Omah Sastra Monthit, 2022

GURIT RIMANG

angen iki nglambrang ing awang-awang
nututi keplase gawang-gawang
playune luwih banter katimbang kidang
mung ing sakedhepan mata nuli ilang

wengi iki tanpa ana siji-sijiya lintang
wewayanganmu pijer ndhelik saka panyawang
mendhung ireng sing nyaput ing tawang
njalari rasane ati tambah sumelang

dhuh tresna sing tansah dakgegadhang
dlancang putih sing biyen dakrakit gurit rimang
ngantiya lungset aja pisan-pisan kokbuwang
aku ora kuwawa yen siji-sijene tresnaku nganti ilang
Omah Sastra Monthit, 2022

P A C U L

pirantine kadang tani kang aran pacul
mengku werdi sipat papat sing aja nganti ucul
doran tandhing bawak landhep
ditamakake bebarengan madyaning agesang

doran,
aja ninggal sujud lan ndedonga marang pengeran
uga aja pisan-pisan maido marang dhawuh pangandikane
krana sabarang kang wus dadi pesthine mesthi bakal kelakon

tandhing,
urip iku kaumpama tetandhingan
mula kudu tansah siyaga sadhengah wayah
ora gampang nglokro uga ora gampang susah

bawak,
awak kudu dinggo obah lan polah
murih bisane ngemplok lan mamah
sengkut gumregut murih rejeki anut lan lulut

landhep,
ati lan pikiran kudu tansah ditata lan diasah
murih bisa wicaksana, lantip lan tumama
wekasan tansah murakabi lan piguna
Omah Sastra Monthit, 2022

RIKMA PUTIH

dakeja werdine sasmita nugraha yuswa
sing kababar ing putihe rikma
tumrape kukila kang mabur ngumbara
wis pirang-pirang mangsa anggonku lunga
mbathik lelakon maneka warna

rikma putih sing gemrayah ing sirah iki
ngemu pepeling murih tansah eling
marang sejatine jangka lan sedyane laku
ngiling nadhahi iline tuk banyu bening
murih tentreme urip bisa kasandhing

rikma putih ora bakal malih ireng
tumrape dina wis manjing surup
wis ora wayahe umbar-umbaran
kudu tegen mugen nggemeni wektu
kanggo cangkingan samangsa mulih
Omah Sastra Monthit, 2022

PEDHOTE TALI TRESNA

dlancang putih kuwi bokremet nganti lunyet
kamangka ing kono tinulis lelakon
nalika sakloron ati mecaki dalan rumpil
nrajang sabarang pepalang lan reridhu
nglabuhi plengkunge janur kuning

janur kuning durung nganti tumelung
dlancang putih selak malih dadi abang
ketungka ubyare geni saka gedhene sujana
kang kinasih jare merong marang ati liya

sega liwet kadhung dadi bubur
nggetuni lelakon kang kepungkur
amung saya ngrajang ati tambah ancur
kupu sing diencup lunga mabur
panyingsete tresna wis ajur mumur
Omah Sastra Monthit, 2022

MARANG CITRAKSI

kowe ki apa utawa sapa
kathik jogedmu banget ngewak-ewakake
kaya-kaya sarwa bisa mrantasi gawe
kaya-kaya minangka jejere satriya kang mrawira

gek kowe ki apa utawa sapa
lha kok angger-angger ngajak adu perang
kabeh-kabeh arep kokjur-jur dadi sewalang-walang
kaya-kaya daging kulitmu wis ora tedhas landhepe pedhang

citraksi,
yen tundhone ora bisa sembada
kepara mung tinggal glanggang colong playu
yagene pijer mbarung sinang jejogedan sesumbaran
apa ora isin marang sidhem kaprawirane jalma sinatriya
sing ora tau nawakake kadigdayan lan kasantosan
uga ora nate mbiwarakake gedhene kadarman lan lelabuhan

ngertenana, citraksi
godhong jati aking iku yekti luwih aji lan migunani
katimbang wong asor sing sumengah lan sesongaran
Omah Sastra Monthit, 2022


Penulis:

Daladi Ahmad lahir di Sleman-Yogyakarta, tinggal di Magelang. Selain menulis puisi juga menulis cerpen, geguritan (puisi Jawa) dan cerkak. Karyanya dimuat di beberapa media, di antaranya Bali Pos, Nusa Bali, Pikiran Rakyat, Suara Pembaruan, Jawa Pos Radar Banyuwani, Kedaulatan Rakyat, Solopos, Merdeka, UTUSAN, Karas, Swaratama, Djaka Lodang, Mekar Sari, Panjebar Semangat, Jaya Baya.

Juga sering mengikuti antologi bersama, di antaranya Angkatan Milenial, Jejak Waktu, Plengkung, Lentera Sastra II (Asean), Titian Sastra Malaysia-Yogyakarta, Dari Negeri Poci, Jentera Terkasa, Memo Anti Terorisme, 121 Purnama, Cincin Api, Borobudur Writers Festival, Jalan Remang Kesaksian, Banjarbaru Rain’s Day, Risalah Usia Kata,, Cermin Waktu, Merangkai Damai, Menoreh, Taman di Seberang Ingatan, Langkah Kita, Hujan di Bulan Purnama, Puisi Menolak Korupsi, Memo Untuk Presiden, Tetap Berkarya di Usia Senja, Wadista.

1 thought on “Geguritan Daladi Ahmad

    • Author gravatar

      Matur nuwun Mas redaksi, dene sampun kepareng ngawrat geguritan kula ing Lensa Sastra. Mugi wonten gina mumpangatipun.
      Katur kadang redaksi, mugi tansah sehat lan berkah.
      Sugeng Riyadi, sekathahing lepat nyuwun agunging pangapunten.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *