
Geguritan Wening Kusumastuti
Trotoar Kartonyono
Sabrangan dalan prapatan Kartonyono kang misuwur
Ana iline Nagari Ngawi Ramah tumapak saka pucuking gading gajah
Panggonan palereman suka, kanggo para tuwa mudha
Wanda kang njlentrehne sengsem sing tumama
Kartonyono kuwi dedege lan oyote Ngawi
Wondene Kartonyono ora theklek
Nduweni jejibahan ngayomi Nagarine Ramah, saka candhikala wayah surup nganti jumudhule srengenge
Gadhing putih memplak, rembet-rembet kuning emas., dadi rajane wektu, tumuju titi wanci kamulyan Nagari Ngawi Ramah
Mubeng seser lir ing sambikala
Ngadhepi mega kanthi prasetya
Sugeng rawuh ing kutha Ngawi ramah, ing sadengah titahe panguwasa
Cumawis gunungan sakloron magrong-magrong mratandani bektine marang Nagari, ngapit gendera abang putih
Jumangkah pitung langkah
Ana lelungguhan saka tatah watu kang estetik
Ana ukiran kayu jati nambahi sengsem
Jumangkah katon cetha ana topeng Penthul Melikan, sing nemplek ing kursi namnaman wesi
Abang branang kewan kepik, jejer tharik-tharik, ateges kewan sing nduweni filosofi nggawa kabegjan
Kabegjan tumprap Nagari Ngawi Ramah
Wayah wengi sumebar cahya saemper berlian mencorong
Cendhelane Nagari Ngawi Ramah
Taman Asoka Trotoar Kartonyono menehi rasa asih sing ora winates
Ngukir “senyum salam sapa sopan santun”
Rumesep njroning pulung ati
Kebak kekarepan ambabar ganda arum
Gugah gegulangan laku utama
Dak rasa, taman swargan Nagari Ngawi Ramah
Tumancep abyor ing wisiking wengi
Taman swargan Asoka, Trotoar Kartonyono
Nuruti krenteg atine warga amrih rena
Tambah tresna marang sadawane ratan sing gilar-gilar
Kaya dene lelakon sing kudu diayahi sabendina
Melikan, 19 Februari 2021
Aja aleman
Panjangkaku saiki
Mlakune jumangkah
Ngenut kahanan sing ana
Konjuk marang kahanan
Pancen jagat iki mesthi ana ura-ura
Sing panggah hamung obah osiking kekarepan
Mulane ayo sawega ngudi kawruh
Nganggo pepelinge simbah biyen
Aja gumunan
Aja kagedan
Aja aleman
Kabeh wis katata dhalang kauripan
Melikan, 10 April 2020
Rahwana Tulus
Dak ungak liwat cendhelaning rasa
Nalika Rahwana nggondhol Sinta
Kanthi memba-memba kidang kencana
Wusanane didunungake ing taman Argasoka
Sinta dieman-eman, dadi sawangane saben rina
Ngempet nepsu kang ngambra-ngambra
Dibanda rasa pingine nganti idune garing
Kebak tresna rasa metu saka celathune Rahwana saben dina ” “Wandamu wis njiret dhadhaku”
Melikan, 9 April 2020
Pring Ngawi
Yen keprungu keplok-keplok ing pojoking pendapa
Mesthi ora liya, awakmu lagi ing Nagari Ngawi Ramah
Nagari kang sumebar ing laladan papringan
Sinebut saka tembung “awi”
Nagari ing babad tanah Ngawi
Raden Ngabei Somodigdo
Raden Ngabehi Malang Nugraha
Raden Adipati Kertonegara
Palenggahan Raden Ngabei Somodigdo
Nagari Ngawi ramah, gemah ripah loh jinawi
Ing pamedhar sabda, Raden Ngabehi Malang Nugraha
Ana desa mawa cara, negara mawa tata
Ana tata lakune dhewe-dhewe
Dak ambali maneh yen Ngawi “awi ” tegese pring
Kepenak kandha ” papan sing akeh papringan”
Dak terusne ing pamarentahane, Raden Adipati Kertonegara tansah ngayomi
Rakyat makmur, tata tentem kerta raharja
Ora kepetung dumugi Bapak H.Ir. Budi Sulistyono
Mbangun Ngawi, Ngrumat Ngawi dadi Nagari nyengsemake
Ing punjere bisa murakapi kabeh kahanan Ngawi kondang kaloka
Saka pemerintahane, budayane,kulinere, panggonan wisatane
Ing jaman milenial kang ora bisa kabendung
Para winasis, ngetokake piawaiane dadekake Nagari Ngawi Ramah
Ramah marang samubarang
Lagek lageane,ing penggalihe kasimpen kuncarane ati suci
Ing sedhotane ambegan mlebu metu
Tansah nguri-uri pepadhang ing krentege gegayuhan dhuwur
Punjere maneka papan anggulang kalbu
Ana benteng pendem, Trinil, Jamus, Tawun, Taman Candi
Ana kebo ketan, pasar jadul, ganti langse, Penthul Melikan, lan Orek-orek Ngawi
Kabeh mau saglintire papan endah bumi Ngawi
Nagari Ngawi Ramah nambahi edi peni
Ana tugu Kartonyono
Tugu kuwi ana pucuking bestari, ngemu surasa budi pekerti
Ing gading gajah ana sejarah purba
Sumunar manjila ngubengi semesta
Kabeh cumawis ing Nagari Ngawi Ramah
Saka mangkono, ing ngendi paranmu, atimu tetep gondheli Nagarimu Ngawi Ramah.
Melikan, 3 April 2020
Swara manuk prenjak
Wanci isuk manuk prenjak ngganter wit asem
Lumrahe asung sasmita yen bakal ana dayuh
Sanadyan ora bisa grahita sapa sing teka
Panggahe pasangen tanggap sasmitamu nganti landhep
Kira-kira sapa sing bakal uluk salam
Apa hamung swara mangsa wae
Critane simbah biyen
Apa pener ya?
Niteni kahanan srana alam kang mratandani
“Jare dak tantang” batinku kandha
Jebule sabubare magrib
Ana dayuh sedulur Ponorogo rawuh
Kekadangan kemraket
Ora hamung crita lambe turah
Melikan, 27 Maret 2020
Kombongane Lik Darmi
Gedheg pring apus wis thothoren
Sawange kathing crenthel lengkok lengkik gumantung dadi pepaese usuk kandang
Lawange triplek nglonthok
Katemplekakan sisane katul pececeran
Kahanan kandang sing wis peyok
Doyong ngidul, gendenge wis padha mlorot
Usuk pringe akeh sing gapuk
Ananging kuwi istanane pitik, bebek, menthok lan banyak
Kating blasah ora kopen
Siji-sijine sing diduweni Lik Darmi
Ora sambat marang kahanan
Amarga syukure gedhe, kandange kuwi bandha sing diduweni
Melikan, 9 Maret 2020
Ing sawijining purnama
Aja kok omongne pawongan liya ya?
Mumpung purnama, aku arep nginceng Nawangwulan
Sing ngegla ciblon ing sendhang
Mumpung bulane padhang jingglang kaya rina
Mumpung samirana wis nyusuh ing seselaning lintang
Sepi, kepati jam siji wengi
Wadhuh, dik…
Pancen praupane mencorong tenan
Mula ora lidok, Jaka Tarub wani nyolong slendang
He, Jaka Tarub
Aku satriya milenial
Nyengkelit smartphone pusakaku
Dak sebar ing paran
Amrih awakmu wirang
Bacute, aja kok pek Nawangwulan
Kanthi cara njipuk barang
Kandhaa apik, kuwi luwih becik
Yen tresna sokna, aja dikunjara
Melikan, 18 Maret 2020
Penggurit:

Wening Kusumastuti, Lahir di Ngawi, karya Novel Dewi Kunthi Terlahir Kembali, Geguritan Kemlebatmu Penthul Melikan, Puisi Idaman Sang Negeri, Cerkak Dhuwit Rong Ewu