Cerkak
Mendhung ing Dina Riyaya

Mendhung ing Dina Riyaya

Dina Riyaya taun iki, aku kepeksa mulih dhewe sanajan dhuwit lan kabutuhan liyane wis dakcepakake wingi-wingi. Dakrewangi nabung wiwit setaun kapungkur, kanggo jaga-jaga mulih kampung bareng Lastri, bojoku. Nanging, kekarepan ora mesthi jumbuh karo kahanan. Kabeh gara-gara Lastri njaluk pisahan.

Aku lan Lastri bara ing Jakarta wis sepuluh taun. Daktlateni bakulan mie ayam kanggo nyambung panguripan. Mbiyen, nalika aku isih kerja ing pabrik, dhuwite pancen bisa dijagakake. Bisa kanggo ongkos mulih lan caos sangu marang Bapak lan Ibu. Nanging, kerja ing pabrik ora bisa prei utawa cuti sewayah-wayah.

Aku isih eling, nalika semana ora bisa mulih nalika Ibu gerah ing rumah sakit amarga aku lagi wae ketampa dadi karyawan anyar. Dhuh, larane atiku nalika kae. Saben eling Ibu telpun, atiku kelara-lara. Ora ana rasa lara sing bisa ngluwihi larane nalika ora bisa ngancani wong tuwa sing lagi nandhang gerah.

Mula kuwi, sakwise telung taun aku kerja ing pabrik, aku metu banjur bakulan mie ayam. Rasa isin mesthi wae ana. Nanging, ilang dhewe suwening-suwe. Kabeh amarga kedhesuk kabutuhan. Apa maneh, yen eling nalika ora bisa mulih ing dina-dina nalika para sanak kadang padha ngumpul.

Isih benter ing pangelingku nalika budheku mantu. Para sanak kadang padha rame crita ing grup whatsApp kaluwarga. Aku lan Lastri mung maca kanthi ati nelangsa amarga ora bisa mulih.

Bapak lan Ibu pancen gela karo pilihanku sawetara wektu. Nanging, sakwise dakjelasake apa sing marakake aku salin pagaweyan, panjenengane banjur ngerti lan maklum. Apa maneh, alesanku sing paling pen yaiku supayane bisa mulih sewayah-wayah, utamane kanggo sowan marang wong tuwa.

Mulih sepisanan sakwise metu saka pabrik dudu perkara gampang. Wektu kae nganti dakrewangi nyilih dhuwit kancaku. Pancen ora akeh. Sing penting bisa kanggo ongkos mlaku. Prekara-prekara liyane, ora dakpikir.

“Yen ora bisa bali, ora usah dipeksa, ta, Mas.” ngono kandhane Lastri. Sanajan ngayem-ayem aku, aku luwih ngerti menawa dheweke uga kepengin sowan bapak lan ibune ing Purbalingga kana. Sawijining wengi, dakaturake pangapuraku marang Lastri sebab aku durung bisa ngragadi mulih menyang Purbalingga.

*

“Kerja ing pabrik kok malah metu ki kenapa?”
“Bakulan mie ayam ing Jakarta apa dhuwite akeh pa piye nganti direwangi metu pabrik?”
“Ealah, piye ta kowe iki, wis ketampa ing pabrik malah metu?”
“Menyang Jakarta ngaya-aya kok mung bakul mie ayam?”

Ana wae pitakonan-pitakonan ngono kuwi saben kepethuk sanak kadang. Kupingku nganti apal. Nanging, aku mung mesem. Arep mangsuli ora tekan. Ora ana gunane. Aku emoh menawa nganti ana sing ngarani aku nggaya amarga ninggalake pagaweyanku ing pabrik. Apa maneh yen nganti padha krungu yen alesanku siji-sijine metu supaya bisa sowan Bapak lan Ibu sewayah-wayah. Mesthi wae aku diarani lebai. Mula aku mung meneng, dakwangsuli kanthi mesem sanajan sok kadhang atiku mumpal-mumpal.

*

Wiwit sasi pasa, aku wis nyepakake dhuwit lan kaperluan liyane kanggo mulih. Aku seneng banget amarga pasa iki bakulanku laris. Sangu kanggo Bapak, Ibu, lan ponakan-ponakanku wis daktata ing amplop. Kabeh wis cumepak ing tas lan koper.

Nanging kabeh ambyar. Ing malem selawe pasa, nalika aku nata salin ing koper, Lastri dumadakan gawe atiku kepyar. Dheweke ngomong yen lila legawa menawa pisahan karo aku.

Aku meneng klakep.

Panemu kuwi mau pancen wis tau diomongake karo aku. Nanging aku ora nate nduweni pepenginan kaya ngono. Aku lan dheweke pancen durung diparingi anak. Sepuluh taun dudu wektu sing sedhela kanggo nunggu momongan. Aku sabar, mung wae, Lastri katon nglokro sawetara taun kapungkur. Dheweke malah nate ngomong marang aku manawa aku oleh rabi karo wong liya.

“Ora, Dhik. Aku ora bakal golek sisihan liyane. Gusti Allah pancen lagi nguji sabarmu lan sabarku.” wangsulanku nalika Lastri ngomong ing selane tangis.

Dheweke pancen bisa lerem sawetara wektu, nanging sasi pasa iki, pas malem selawe, panemune kuwi mau ditokake maneh. Kekarepanku mulih kanthi rasa bungah, saknalika ilang. Sansaya maneh, nalika Lastri malah milih mulih menyang Purbalingga.

Wis dakpenging, nanging Lastri mekengkeng karepe. Yen aku kudu mulih dhewe, mesthi wae aku ora bisa jawab yen Bapak lan Ibu nakoni. Wong lanang sing kudune bisa ngayomi, nyatane ora bisa ngusadani kahanan kaya ngene.

Eling nalika semana aku ketemu Lastri, eluhku netes. Nalika kae aku lagi wae bali menyang Jakarta. Ing ndalan, pit montorku kenyunyuk bemper montor. Ya Lastri kuwi sing nulungi lan ngobati aku. Dheweke lagi wae nutup warung mie ayam ing pinggir dalan karo bapak ibune.

Bisaku dodolan mie ayam, saka ngracik bumbu lan uba rampene ya saka Lastri. Banjur tresnaku mrembet saka pakulinanku karo bakule. Nganti saiki nalika mie ayam bisa dadi dalan panguripan, tresnaku sansaya raket.

Sedina sakdurunge Riyaya, aku budhal. Kanthi rasa ing ati sing ora bisa dakgambarake, aku menyang stasiun, numpak sepur jurusan Solo. Saksuwene ing jero sepur, ing pikiranku mung ana Lastri, Lastri, lan Lastri.

Tekane omah, Bapak lan Ibu takon. Padha ngira menawa Lastri lara. Malah Bapak lan Ibu kepengin menyang Jakarta saprelu tilik aku lan Lastri.

“Mboten, Pak, Bu. Wonten kahanan ingkang langkung wigati saking pangira-irane panjenengan.”
“Oalah, Ngger, apa kuwi?“

Dakcekel astane Bapak lan Ibu sakwise sungkeman. Aku matur apa anane, babagan Lastri sing kepengin pisahan karo aku.

“Sabarna atimu. Aku ngerti tresnamu karo Lastri. Mula, sesuk, dakterake awakmu menyang Purbalingga. Aku ora kepingin kelangan mantu sing gematine kayadene Lastri.” mgono ngendikane Bapak.

 Niyatku kepengin ndhelikake masalahku, nyatane ora bisa sakwise sowan menyang ngarsane Bapak lan Ibu. Aku sadhar, menawa ora ana masalah sing bisa dakdhelikake saka wong tuwa. Amarga sejatine, wong tuwa kuwi siji-sijine sing bisa nampa kahanane anak apa anane.[]

Gemolong, Syawal 2019-2022


Latif Nur Janah, lahir 1990. Pencinta Bahasa Indonesia dan Bahasa Jawa. Beberapa tulisannya dalam dua bahasa tersebut tersiar di berbagai media cetak maupun online. Cerpennya berjudul Awan di Pelupuk Mata terpilih sebagai pemenang pertama lomba menulis Gebyar Kedaulatan Santri (Oktober, 2021). Saat ini, menetap di Sragen, Jawa Tengah.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *