Cerkak
Bedhidhing

Bedhidhing

Ésuk mruput sakdurungé subuh, Sindu kêpêksa tangi sakwusé ngimpèkné Bêno, bapaké. Wêktu iku kahanan ijih sepi, mung kêprungu lamat-lamat swara ura-ura saka kadohan, nangèkné wong-wong supaya dha nindakné tahajud. Antarané sadhar karo ora, bocah umur sangang taun kuwi ngrasakke hawa adhêm bangêt, rasané njêkut ngasi kaya têkan balung. Kamangka anggoné mapan turu wus nganggo jakèt tur ngruntêl slimutan sarung dhobêl, nanging isih krasa adhêm.

Ana ing Gunung Kidul, wayah ngéné iki pancèn nêmbé nêdhêng-nêdhêngé bêdhidhing, pratandha yèn arêp salin mangsa. Yèn jaré mbah-mbahé biyèn, anèng mangsa sada kaya saiki pindhané wong-wong ora kringêtên jalaran adhêm. Akèh sêndhang padha asat, kali-wangan susut banyuné, sawah lan têgalan padha nêla lêmahé. Paribasan wong tani ing wayah iki ora isa polah, kêjaba yèn ngêpasi panèn banjur mémé gabahé, isa uga yen tlatèn gêlêm nandur palawija utawa dhêlé. Nanging saiki akèh-akèhé wong dha wêgah, aluwung milih kêrja mburuh nèng proyèk bangunan sing cêtha upahé, isa nyadhong blanja pêndhak sêtu.

Wis ana sêminggu iki Sindu kêrêp kèlingan bapaké, jalaran naté dijanjèni arêp nukokné hapé. Bapaké Sindu wayah iki nêmbé mèlu kêrja borongan mbangun gêdhung nèng kutha, wus ana kira-kira sêsasi durung bali. Kêna diarani jan-jané saiki Sindu nêmbé ngrasakné kangên, luwih-luwih dhèwèké kêrêp dipoyoki kancané mêrga durung duwé hapé dhéwé.

Sindu kelingan, kalamangsané naté ditimbali guruné, kamangka ora baèn-baèné kaya mêngkono. Sindu mara mênyang kantor karo dhêg-dhêgan, rumangsa yèn durung tau mbolos utawa nglanggar peraturan sak suwéné sêkolah. Bocah kuwi prasasat cilik atèn, mlêbu ruangan karo ndhingkluk, sajak wêdi-wêdi.

“Lungguha kéné lé!” Tangané Bu Anik ngawé karo nduding kursi kosong nèng sandhingé.

“Dalêm, Bu.” Saurané Sindu karo lungguh alon-alon.

Bu Anik maringi kêrtas sing isi bijiné bocah-bocah kêlas têlu, kêlasé Sindu. Sakkal mripaté bocah kuwi mblalak kagèt, jalaran ndêlok pas nggon jênêngé kosong ora ana angkané.

“Lha niku biji napa, Bu? Kok nggèn kula kosong?” Sindu takon sinambi alon-alon nyawang pasuryané guruné.

Pranyata Sindu nêmbé ngêrti yèn ana tugas-tugas nalika pêmbêlajaran isih daring sing jêbul dhèwèké durung nggarap. Rumangsa dudu salahé, Sindu njaluk ijol tugas susulan.

Bu Anik gèdhèg karo mèsêm, “Ora isa, lé. Dhèk mbèn bu guru wus ngabarké kabèh tugas-tugas nèng grup wali murid, mula mêsthiné wong tuwamu uga wis pirsa, tur ya ngandhani kowé,” ujaré bu guru marai nggêlakné ati.

Wiwit kêdadéyan iku, Sindu dadi rada aras-arasên sêkolah. Nanging dhèwèké ora wani langsung matur nyang ibuné, apa manèh bapaké. Bocah kuwi ngêrti yén ibu apa déné bapaké ora pati mudhêng babagan hapé, aja mênèh mbukak WA wis mêsthi ora paham babar blas. Sindu kèlingan, yèn mung diladaki kancané babagan durung duwé hapé, paribasan ora ndadèkné sumêlang ning ati. Nanging yèn wus ana sambung rapêté karo sekolah, Sindu dadi mikir. Pêndhak dina bocah kuwi dadi akèh ngalamun, ngasi kêgawa-gawa ngimpi.

Sawêtara pirang ambêgan, bocah kuwi banjur mêlèk. Ana swara ibune ngurupké kompor, cêthik gêni nggo njarang wédang kaya adaté. Tangané Sindu banjur ngucêk-ngucêk mripat. Sikilé njêjaki sarung nganti nglumbruk anèng pojokan ambèn. Alon-alon dhèwèké ngadêg, banjur ana swara mak kriyêt nalika mbukak lawang kamaré.

“Ndêngarèn wis tangi, Lé?” Ibuné takon, karo nyêmplungké kumbahan nèng èmbèr gédhé.

“Bapak pun ngabari dèrèng, Buk?” Ora mangsuli, malah Sindu gênti takon.

“Durung. Lha kowé ki lho, mêlèk byar kok nggolèki sing ra ana.”

“Lha suwé mên, bapak ki. Sêlak mlêbu sekolahé.” Wangsulané Sindu, karo mbêsêngut.

“Yen mbok arêp-arêp têrus, marai bapak nèng kana nyambut gawé ra jênak. Kaé lho, lataré disaponi sik, gênah kétok mata godhong pating slêbar, kit wingi mung disawang waé.”

Sênajan nèng kuping dirungokné ra kêpénak, wusanané Sindu mudhêng yèn pancèn ngarêp-arêp babagan sing durung ana ki marai kêsèd, awak nglokro, wêgah obah. Kamangka jik akèh babagan liya sing kudu digatèkné, kaya sing nêmbé dikandhakné ibuné mau.

“Wis gèk ndang raup, ndang kana ditandangi. Wis salat durung?”

“Buk-ibuk!” Sindu mèsêm karo mlangkah nyang kolah.

“Apa?” Ibuné Sindu gagé nyawang sinambi ngucêki kumbahan.

“Ibuk niku yèn mèndêl, tambah ayu jané,” ujaré Sindu nèng njêro kolah.

“Wo, bocah ra aturan. Yèn ibuk mung mênêng waé, njur arêp dadi apa kowé?!”

Bocah lan ibuné kuwi sajak miwiti dina kanthi ati sumilak, pindha mijilé srêngéngé sing marai angêt lan padhang masiya bêdhidhing. Bejané, ibuné Sindu klêbu wong sabar, ora gampang nêsunan. Sênajan urip nèng Wintaos ki ora gampang, béda karo dhaérah liyane sing subur, ibuné Sindu ijik têlatèn ngrumat têgalan tinggalan wong tuwa. Nyêdhaki pungkasaning mangsa katiga ngéné iki, ibuné Sindu ora naté gupuh, ora rumangsa kêcingkrangan babagan isèn-isèn pawon. Paribasan lêmah mung sakilan isa dadi pirang-pirang.

Rada awan, Sindu didhawuhi ibuné mémé gaplèk. Ora akèh jané, mung telung krèsèk. Nanging kaya wus dadi pakulinan turun-temurun, gaplèk yèn gêlêm ngolah nyatané uga ana asilé. Apa manèh wiwit ibuné Sindu mèlu kêgiyatan klompok ibu-ibu nèng Wintaos, yèn diétung-étung asilé ngolah gaplèk sansaya lumintu.

“Dak ngêtêrké pêsênan sik ya, Lé!” Ibuné Sindu pamit mêtu.

Têngah-têngahe Sindu ngratakné gaplèk ning latar, ana swara kendharaan têka. Sindu nolèh nyawang dalan, ra nyangka yèn bapaké mulih digoncengké ojèk. Mung atiné Sindu dadi rada sumêlang amarga ndêlok sikilé bapaké pêrbanan. Mlakuné dhigluk-dhigluk kaya bar kêna alangan.

“Gusti! Bapak kénging napa?” Gaplèk ditinggal, Sindu kêplayu marani bapaké.

“Mêngko dakcritani, Lé.” Bapaké njaluk dipapah mlêbu.

Têkan njêro omah, sakwusé lênggah, bapaké Sindu njaluk digawèkné kopi. Sindu langsung mênyat nyang pawon. Têngah-têngahé ngêcom jarang, bapaké nêmbé crita.

“Karêpku jané balik wingi nanging wis kêwêngén, mulané nêmbé ki mau bisa mulih.”

“Lha napa adoh ta, Pak, nggèné?” takoné Sindu karo nyèlèhké cangkir kopi ing méja.

“Mung ning Bantul, sakjaman jané mungan.”

Bapaké Sindu mbacutké crita, yèn pancèn bar éntuk alangan. Sing dimaksud dudu sikilé pêrbanan, mêrga kuwi mung kacilakan lumrah nèng proyèk jalaran tiba saka andhang. Sakwusé njaluk ngapura yèn wêktu iki durung isa nukokné hapé, Bapaké Sindu crita yèn nêmbé apês, dhuwité dicopèt wong, mau nalika ngêbis ning ndalan. Bêja ana kancané apikan gêlêm mbayari ojèk têkan omah.

“Nggih, Pak. Mbotên napa-napa,” wangsulané Sindu karo rainé mbrabak, ngêmpêt gêtun. Tangan lan sikilé dadi krasa anyêp, kaya nèk ésuk bêdhidhing.

Ra lêt suwé, ibuné Sindu têka karo Bu Anik, guruné Sindu. Amarga isih lara ati, Sindu mak jranthal ndhêlik nyang pawon. Durung ngasi bapaké gênah pêrkarané Sindu mlayu ndhêlik, ibuné Sindu wus njêrit kagèt ngêrti kahanan bapaké Sindu, sing ndadak pêrbanan barang. Nanging barêng krungu crita kêdadéyan saktênané, kabèh dadi nrima lan ora dadi ngrêsula.

“Nggih pun, Pak. Sing pênting sakniki pun dugi griya, gèk nggih slamêt sagêd pinanggih anak-bojo. Disyukuri mawon. Lak nggih ngotên ta, Bu?”

Bu Anik, sing nganti saiki pranyata srêgêp ngancani kêlompok ibu-ibu, mèlu nglipur sawisé ndêlok kasunyatan sing ana ning ngarêpé. Ibuné Sindu jané kaya arêp nangis, nanging mung isa manthuk-manthuk.

“Lha, niki malah kula ajêng matur.” Bu Anik nyambung ukarané.

Sindu tambah dhêg-dhêgan nunggu apa sing arêp dikandhakné guruné kuwi. Nanging tibaké Bu Anik mung arêp ngêndika yèn mêngko bêngi arêp ana pêrtêmuan ibu-ibu. Rékaké ana rêncana arêp ngêdum asil usahané klompok ibu-ibu. Ra krasa barêng dilumpukné sêtaun, ana saldo kas sing isa didum minangka bathiné usaha saksuwéné sêtaun.

Krungu kabar kuwi, Sindu sing mung isa ngincêng saka pawon, nyoba nyawang pasuryané bapak lan ibuné, gênti-gêntèn. Ana rasa ayêm sing marai têntrêm. Sindu kèlingan, bapak-ibuné wus ngupayakné tênan supaya janjiné isa kalêksanan. Sênajan mêngkono dhèwèké dadi rumangsa éman, durung duwé pikiran mênéh nakokné babagan hapé. Aja manèh njaluk ditukokné nganggo dhuwit dum-duman bathi sing arêp ditampa ibuné. Dhèwèké dadi mèlu ngêrti, duwé kêpénginan apa-apa ki ya pêrlu disiyapké sakdurungé, sokur gêlêm nabung dhéwé. Pêrkara kurang, mêngko nêmbé dirêmbug karo wong tuwané. Muga-muga mangsa bêdhidhing gèk ndang rampung, batiné ndêdonga. ***


Penulis:

Ian Hasan, Lahir ing Ponorogo, saiki mapan nèng Karanganyar. Duwe sanggeman momong bocah-bocah nèng Sanggar Pamongan, kajaba uga mèlu sinau nèng Komunitas Kamar Kata. Buku Kumpulan Cerpen sing kawitan: ‘Lelaki yang Mendapatkan Jawaban Atas Kisahnya Sendiri,’ kapilih dadi finalis Hadiah Sastra Ayu Utami untuk Pemula “Rasa” 2022.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *