
Geguritan Tjahjono Widarmanto
WATU
*) kagem tengsu
Watu item atos
sing mbiyen mbokwarisake marang aku
saiki wis mlethek
lan thukul kembang
maneka warna
kang gandane arum
ngebaki impenku
saben wengi.
Ngawi-Surabaya
GURIT IBU
Ibu,
anakmu lagi ambyur ing kejeme
ombak samodra kutha
amung dikancani selarik gurit
tandha isih satuhu setya marang nurani.
MEDITASI WENGI
sepi nambah kawibawaning wengi
rembulan wuda tanpa cahya
putik-putik kembang
ndangak marang sulistyaning wengi
kangen marang kerlip mbun.
beksa wengi diwiwiti
beksa langit beksa bumi
: tafakur marang sepi!
SAWIJINING TAMAN
bakal tak dhudhuhke marang sliramu
sawijining taman
ora amung kebak aruming kembang
utawa endahing kupu-kupu warna-warni
ora mung sliramu bisa nyawang eseming
langit kang mecutake
bakal tak dhudhuhke marang sliramu
sawijing taman
panggonane sewu gurit kang tumetes ing ati
wangine ngrembes temekaning nurani
:ya, sawijining taman kanggo sliramu!
BHISMA
*)kagem mas minto
; sing abadi kuwi laku kasetyan!
ukara-ukara kuwi dheweke tulis ana ing gendhewa lan tombak
srengenge lan rembulan angslup nalika maca cathetan kuwi.
pawongan kuwi wis nyepakake kubur kanggo jasade
guritan-guritane kabeh sarwa sepi.
nalika palagan wus rampung
dheweke amung lumut
anak putune wis lali nyekar kubure
apa maneh maca guritan-guritane
Penggurit:

Tjahjono Widarmanto. Penulis adalah sastrawan dan pendidik yang tinggal di Ngawi. Buku puisi terbarunya PERCAKAPAN TAN dan RIWAYAT KULDI PARA PEMUJA SAJAK (2016) menerima anugerah buku hari puisi Indonesia tahun 2016. Bukunya yang terbit terdahulu : PENGANTAR JURNALISTI;Panduan Penulis dan Jurnalis (2016), MARXISME DAN SUMBANGANNYA TERHADAP TEORI SASTRA: Menuju Pengantar Sosiologi Sastra (2014) dan SEJARAH YANG MERAMBAT DI TEMBOK-TEMBOK SEKOLAH (2014), MATA AIR DI KARANG RINDU (buku puisi, 2013) dan MASA DEPAN SASTRA: Mozaik Telaah dan Pengajaran Sastra (2013), DI PUSAT PUSARAN ANGIN (buku puisi, 1997), KUBUR PENYAIR (buku puisi:2002), KITAB KELAHIRAN (buku puisI, 2003), NASIONALISME SASTRA (bunga rampai esai, 2011),dan DRAMA: Pengantar & Penyutradaraannya (2012), UMAYI (buku puisi, 2012).