Cerkak
Bakul Tomat Nyalawadi

Bakul Tomat Nyalawadi

Hawane  sumuk banget dina iki. Takdeleng jam sing cumanthel ing tembok wis nuduhake angka sewelas luwih, tibake wis manjing Luhur. Upama ibu ora nimbali  paling aku isih nglamun ing kene karo drodosan luh ngrasakne larane awakku sing wis ora karuwan iki, mati ra mati urip ora urip. Taklakokne alon-alon kursi rodha  sing tansah setya ngancani dina-dinaku kang mrihatinake. Aku metu marani ibu sing sajak gayeng ngendikan neng latar, mbuh karo sapa. Sajoge lara aku tansaya nglokro lan luwih becik ndhuwel ing jero omah. Aras-arasen yen ketemu wong yen mung nakokake laraku sing embuh isa mari apa ora. Aku wis kesel  ing donya iki, ora mung ragaku nanging jiwaku uga luwih lara. Upama saiki dipundhut karo sing Kuwasa aku wis pasrah, pasraahhhhh.

Maknyut kelingan bapakku swargi,           

“Pangapunten Pak, kula dereng saged dados putra ingkang bekti malah tansah ngrepotke“

Aku nangis ngguguk maneh yen ngelingi kuciwane bapak marang aku. Senajan ora kawetu nanging panjenengane katon gela nonton polahku sing ora bisa ngatur blanja. Nganti utang mrana-mrene mung kanggo tuku barang sing ora patiya penting. Kadhangkala mung mburu senenge ati nganti ora krasa entek-entekan. Bayarku lan bayare bojoku katut takgadhekne, kabeh barang sing takduweni uga kadol. Prasasat kanggo mangan bae nunut wong tuwa. Sajane aku isin nanging piye maneh. Amarga bantere pikir, banjur dadi laraku. Jenenge wong tuwa piye-piye panggah mikirke anak. Masiya masalahku wis takdhelikne  kanthi primpen, nanging suwe-suwe wong tuwa uga krasa. Apamaneh limang taunan iki aku mlebu-metu Rumah Sakit, iki sing dadekake bapakku tansaya abot penggalihe. Aku minangka anak mbarep sing digadhang-gadhang melu ngentas adhi-adhiku kok malah dadi kembang amben lan ngentekne bandha donya. Omah lagi madeg jegreg, durung suwe ngrasakne ngiyup omah dhewe wis dicoba dening Gusti.

Bapakku seda rong taun kepungkur gerah jantung dadakan. Kamangka bapak salawase  arang gerah lan durung nate opname. Nganti meh sedane ora kersa digawa menyang Rumah Sakit, mung rawat jalan. Lan wusanane ora kuwat ngglawat banjur neng adhiku sing perawat diprayogakake mlebu UGD. Mung sedina nginep UGD, bapak wis sowan marang  Gusti . Aku sing rumangsa paling kadosan melu dadi layatan, semaput  ora siyap nampa kasunyatan.

“Rin, mrenea dhilut ndhuk.” Ngendikane ibu mbuyarke angenku.
“O niki ta bu putrane ingkang sakit?” pitakone wong lanang sing kawit mau ngendikan karo ibu. Panjenengane banjur nyedhaki aku lan ngajak salaman. Sajane aku wegah yen mung basa-basi sing mbosenke ngene iki. Neng sandhinge enek sepedhah motor lawas  lan dipasangi  obrok kiwa tengen isi tomat. Palingna bakul tomat sing lagi ider. Nanging kok kaya wis kenal suwe marang aku, tumanduke sok remaket nyumadulur. Nanging atiku wis kadhung ora duwe daya kanggo urip. Dadi ora bisa mbedakake wong apik apa ala, aku wis mati rasa.

“Panjenengan asline tiyang sae lho mbak, purun nggih kula tambani?”  ujug-ujug wong kuwi sok ngguroni kaya weruh-weruha laraku kae. Aku di pandeng tajem nembus tekan sajroning kalbu. Sakkal mengkorog githokku, aku njur mlengos ngipatke rasa aneh sing njalar sarandune awak iki. Wedi, nggumun, gething, kudu nangis lan kumudu mlayu saka kene. Weruh aku katon bingung, ibuku  njawil aku karo mbisiki,

“Wis ta Rin, manuta bae. Sapa weruh iki dadi srana ilange laramu. Gelem ya ndhuk…bismillah.”

“Nggih, mangga kersa ibu mawon.” Kandhaku karo ndhingkluk ngempet sakabehe rasa. Bisaku mung manut lan pasrah. Rasane wis ora ana pangarep-arep maneh. Taunan wis mertamba mrana-mrene, mlebu-metu Rumah Sakit.  Ora kurang-kurang ragad sing ambyar, upama diitung wis bisa gawe omah tingkat selawe, nanging laraku ora suda malah tansaya nemen. Lan sing paling nambahi aku tansaya angluh, nalika telung wulan wingi driji sikilku loro kudu diamputasi. Donyaku kaya wis kiyamat, apamaneh sabubare oprasi sakabehe awakku abuh, wetengku gedhi kaya meteng sangang wulan. Mung dadi kembang amben gawe repote kluwargaku. Yen ndeleng anak-anakku sing isih cilik nunggoni aku kanthi panyawang angluh, rasane kudu njerit-njerita kae. Umurku lagi 40 taun, lagi nedheng-nedhenge ngrasakne gumebyare donya.

“Niki mbak, cobi di unjuk riyin sagelas mawon.” Wong lanang sing pranyata bakul tomat iku  ngelungke gelas lan botol isi banyu putih.

“Napa niki, Pak?” semaurku karo semune ora percaya karo banyu kuwi.

“Iki banyu lehku njupuk neng pawon, trus didongani bapake iki. Gek jajal ombenen ndhuk.”  Ibuk nerangake amrih aku gelem ngombe banyu kuwi.

Sadurunge banyu neng gelas entek taksruput, bapake pamitan lan meling supaya banyu sing  neng botol rong liter setengah kuwi kudu takentekne sadurunge mapan turu ngko bengi. Anehe kok lagi taktinggal mengo bae bakul tomat iku wis ilang. Ibuku ya melu nggumun, kaya ora sabaene.

Aku banjur diterke ibu menyang jero kamar supaya isa leren lan banyu sing bar takombe mrasuk nambani laraku. Ibu banjur ndeleh banyu sisane  neng meja sacedhake paturonku. Makles ora ndadak itungan menit aku wis ora eling apa-apa mlayu neng alam impen.

Ing sajroning impen prasaku ketemu karo pawongan jubah putih ing satengahe dalan tengah alas gung liwang-liwung. Ing ngimpi iku aku mlaku adoh lan nalika  krasa kesel leren ing ngisor wit kang ngrembuyung. Banjur diparani aki-aki jubah putih lan menehi aku ngombe tanpa nyuwara. Banyu ing botol taktampani. Nalika lagi takombe sasruput, aki-aki mau musna. Jenggirat aku tangi, pranyata ibuku isih nunggoni aku amarga turuku klisikan lan gobyos. Awakku panas banget dikompres ibuku. Wetengku mules lan kebelet nguyuh ora kena diempet.

Sawise diterne ibu tekan jedhing, langsung takbrolke apa sing ngganjel ing wetengku. Aku kaget, uyuhku rupane putih kenthel semu munthuk. Awakku wis ora panas maneh nanging praupanku pucet. Ibuk banjur njupukne banyu sisane mau. Tak ombe glegek-glegek supaya duwe daya. Mbuh bar ngetokne uyuh sing ora sabaene mau rasane otot bebayuku kaya dilolosi. Aku banjur tangis-tangisan karo ibuku.

Bengine aku nglilir lan ngetokne banyu uyuh luwih kenthel saka awan mau. Amarga ora tega nangekne bojoku, aku trantanan nggawa teken. Tekan jedhing ambrol kabeh banyu sing neng wetengku lan rasane mripatku padhang pyar.

Aku njur dhoprok neng dhingklik ngarep jedhing. Takgrayahi wetengku kok kempes. Lho, sikilku kok wis ora abuh. Dhuh Gusti matur nuwun. Karo ngadheg ngranggeh tisu kanggo ngelapi luhku sing drodosan. Lakok aku isa ngadheg, banjur jumangkah alon….Allahu Akbar…. aku isa mlaku maneh.

Nganti tekan kamar aku isa mlaku senajan alon ora nganggo teken maneh. Takbrukne awakku alon ing kasur kuwatir yen mbribeni anak bojoku, aku merem maneh. Nanging durung nganti saseran aku kebelet neng mburi maneh. Hlo hlooo…. aku kesusu mara neng jedhing setengah mlayu. Tekan ngarep jedhing ibuku sing lagi mususi beras nganti kamidomblongen lan berase kutah kabeh. Ibu banjur nggapyuk ngrangkul aku karo mbengok,

“Rinaaaaaa……ndhuk anakku!!”

“Sik buk …..kula kebelet!!”

Tekan ngarep jedhing wis ora sranta, ambrol banyu saka jero wetengku. Grojog nganti swarane kaya banyu disuntak saka ember. Soooor!!. Wernane kaya banyu kumbahan sing ana unthuke. Ibuku ngadeg kamitenggengen.

Ora krasa bojo karo anakku wis ngrubung aku. Banyu uyuh sing kebak unthuk iku gage diresiki bojoku. Anehe kok kenthel, dadi ora mblambang neng jogan. Karo ngucap takbir lan istighfar, ibu ngelapi kringetku sing brol-brolan kaya bar mlayu adoh. Sawise ngresiki awakku, ibu banjur ngeterke aku lungguh ing sofa sinambi ngucap syukur tanpa upama.

Maknyut aku banjur pandeng-pandengan karo ibu lan dumadakan ngucap bareng, “Bakul tomat “.

Sesuke aku banjur latian metu saka omah dikancani ibukku. Ora krasa mlakuku tekan ratan nyag-nyag kaya ora lara kae. Kamangka wingi isih ing dhuwur kursi roda, ngadeg bae kudu nganggo teken. Tangga teparoku banjur ngrubung ngertakne. Kabeh padha nggumun. Banjur ibukku crita lan takon tangga teparo apa wingi weruh ana bakul tomat

Sing ider udakara jam sewelas awan. Anehe kabeh blas ora ana sing weruh. Kamangka nek enek bakul ideran murah mesthi ibu-ibu neng kampung ora ketinggalan. Aku mung pandeng-pandengan karo ibu. Rasane mrinding banget. Allahu Akbar.

Madiun, 14 Mei 2022


Penulis:

Dyah Kurniawati, Sawijining wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa. Lulusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah UNESA  lan saiki  ngabdi ing MTsN kutha Madiun .

1 thought on “Bakul Tomat Nyalawadi

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *