
Geguritan Sunardi KS
Piweling
tansah mawantu-wantu piwelingku ndhuk
kudu waspada lan prayitna
aja gampang keguh marang pandhesege butuh
kang kala-kala ngambra-ngambra ngayawara
nggedhabyah ora nggenah
aja gampang keblithuk, kaglembug, kalelithuk
tundhane atimu kang tansah bakuh gampang rubuh
jiwamu kang sentosa dadi rengka
aja gampang keplantrang
marang ayang-ayang nglambrang
tansah mawantu-wantu piwelingku
yen wis ketlewang kena blithuk, kena glembug
aku bakal kokglandhang
marang kadurakan
lan arang kang nlesih
saka ngendi saka sapa satemene kadurakan iki kang miwiti
***
Aja Gampang Goreh
weleh-weleh
yen kowe kabeh wegah sareh
wegah seleh
kari ngenteni weku gampang kaweleh
dudu sipat nglokro
yen ngadhepi tangga-teparo
ngojok-ojoki bojo
nanging tatag puguh
ora kelu melu-melu
kabandhang butheg mulege banyu
weleh-weleh
aja gampang jeleh
aja gampang goreh
ngadhepi jaman bledig-bledigan
dhemen nglewa paugeran
***
Rebut Bener
yen kabeh rebut bebener
kaya lagi katon ana sliwer
kang nylingker
ana kang lenger-lenger
rumangsa keblinger
bebener muser ing angger-angger
mung kawicaksanan
kang bisa ndunungna marang kanyatan
ing panuladha
mung panuladha
kang wiwit langka
akeh kang bingung nggoleki panggung
***
Kabudayan
wiwit jaman watu nganti jaman maju
wiwit jaman keren nganti jaman moderen
kang jenenge penjajah isih dhemen ngrambah
maneka rupa maneka cara ora ketara
kari begjane kang dhemen lena
lan kang wis wiwit luntur marang budaya
unggah-ungguh suba-sita
wong dhemen nyenyilih ora sugih
kang dhemen neniru cetheking ngelmu
nglali-nglali marang kang diduweki
ateges bakal gampang lali marang dalane bali
ateges bakal lali marang lawang pengeling-eling
kang tansah kekancing
***
Dununge Bebrayan
aja gampang nesu
mung nggekeng marang panemu
panemune liya kang beda
ditampik sanalika
malah ditangkis karo tajeme ukara-ukara
banjur ing ngendi dununge bebrayan
ajen ing ajenan
banjur ing ngendi dununge liyan
kang kudune ana kowe ana aku
kang kudu dijupuk ing tengah-tengahe panemu
yen kapitayan
ana ing rangkah sowang-sowang
kang kudu mung disimpen primpen
ing telenge ati
nanging kawicaksanan kang njalari
kekuwatan kang kudu tansah diuri-uri
***
Ing Pasar Malam, Pameran Pembangunan
wong-wong sesliweran
ing stand-stand pameran pembangunan
katon sumringah bungah
pratandha sauntara kalis susah
(apa isih ana kang nganjel ing rasa
saka pambateke pikiran kang abot ing sanggan?)
gumrebege suwara
komentar tawa-tawa
lagu-lagu sedhih
saka rancake musik
dienggo jejogedan
digawe asik
uga ana bocah tetangisan
mbrojol saka emban-embanan
kadheseg para kanoman
kang pating grudug ubeng-ubengan
uga ana tangise bocah njaluk jajan
nanging bapake bingung
nalika sakclanane digrayang
jebul dhompete ilang
***
Kembang ing Taman
wis suwe kembang ing taman
dipageri rapet bakuh
aku mung bisa nglimpe nyawang
atiku kecancang
wis suwe aku tratapan
pingin dakprepegi
kanthi panothoke lawang
saiki aku
wis ora nglimpe-nglimpe nyawang
jalaran tamanku
wis direnggani kembang
***
Sayah
daksendhekake watang
sakwise ora kanggo
daksampirake gegadhang
ing pangangkah mopo
menungsa tansah dikekuya panjangka
sembranan marang lena mbaka lena
ora nggagas umur kari sisa pira
terus suda dina mbaka dina
dakglethakake watang
ing rungkute kebonan
kepangan rayap nggrangsang
gapuk ora konangan
menungsa gampang pasrah
sawise rumangsa sayah
***
Gumedape Kahanan
kordhen jendhela daktutup
nutup marang panyawangku ing gumedape njaba
nanging suwara-suwara
ora bisa dakpunggel
kanggo ngendhani ati kang lagi mrepel
miris
bisa gampang neneka
tanpa cecala
bisa mbrubul
jagat
umpama bisa krungu sakabehe sesambat
tansaya ora mbangkat
apa maneh yen ngerti nrecele maksiat
kordhen jendhela kasempyok-sempyok angin
embuh jumlegere sapa
wewayangan nggejejer ing njaba
***
Tilik Kubur
aku ora bakal matur panjengan, ibu
marang sakabehe kahanan ing padinan
ana susah ana bungah
kang kerep susah
aku ora bakal matur
supaya ora kadenangan
yen gegadhange ibu ora kaconggah
tansah dakcandhet
pawarta-pawarta ruwet
supaya ibu ora pirsa
panggalihe bisa pingget
aku ora bakal matur, ibu
jalaran jamane pajenengan karo jamanku
pancen ora padha
ibu
pangapuranen aku
mung bisa asung donga
***
Penggurit

Sunardi KS, penggurit ing tlatah Jepara. Tulisan-tulisane asring kapacak ing Panjebar Semangat, Jaya Baya, Mekar Sari, Djoko Lodang lan liya-liyane.