Geguritan
Gurit-Gurit Anjrah Lelono Broto

Gurit-Gurit Anjrah Lelono Broto

1/
APA (ISIH) KUDU TAKON??

ewon lakon sinerat katon
ukara kebak tanpa cagak, tanpa payon
keblat papan mubeng ginawe playon
— apa kudu takon?
urip mung cuwilan laku nuju sunglon
legining tebu, paiting empedu, apa gurihing abon
mung salembar saka tumpukan kupon
kang kudu diijolake sawijining lelakon
sae, apadhene awon
ijen, apadhene sakloron
— apa (isih) kudu takon??

Mojokerto, 2022

2/
SAWISE NONTON WAYANG TANGGAP MANTENAN

Gong dhurung tinabuh nalika blangkon sang dhalang
rengat nuli remuk ninggal sempulur crita kangelan
den udhari. Mentiyung ngulon utawa ngetan
pranyata panggah dhurung nemu wangsulan,
kamangka panjak-sindhen legawa ngukir pangurbanan
nggarit jangkah adoh saka omah nyunggi sanggan,
ing atis wengi tanpa angeting bedhiyang.

“Blangkon sang dhalang bisa uga bali wutuh
umpama gong wis tinabuh,”
pangganthane bocah isih mambu tlutuh
dudu pawongan-pawongan kang nggadhuh
ngelmu sepuh. Krana gong kang wis tinabuh
dhurung mesthi kinanthi japa ampuh
saka shohibul hajat klawan pengkuh.

Kamangka akeh sing lali, nggrantes, lan angluh
sawise mengerteni menawa gong kuwi sinuguh
tanpa tabuh.

Mojokerto, 2022

3/
PEPES

swaraning jago kluruk paring sasmita
peteng ndumuk irung bakal njumput raina
senadjan mripat panggah bawera
kompal-kampul manut uleganing panggantha

ing selaning swara kluruk, keprungu
lamat-lamat keteg jantung pindha alu
sambang dhekike lesung watu
sakala mubal crita-crita klawu
pacak baris nuweg tatu; jeru

Mojokerto, 2022

4/
TROWULAN

panyawang ora kuwawa nrabas
bata-bata abang Sumur Upas
mula saka maewu prastawa
mung etungan driji kang cinarita
sumeleting bagaskara mangsa ketiga
pranyata uga ora kumawasa
ngasatake banyu Segaran
mula sinengkering lelakon kuna
tan kena kababar tekaning mangsakala
Trowulan isih rapet nyimpen wewadi
senadjan umur murca mbaka siji

Mojokerto, 2022

5/
KELANGAN AYANG-AYANG

sliramu mangerteni; wiwit kuwi
aku kelangan ayang-ayang
sunaring srengenge nututi merkuri
sapinggiring ratan, kelangan pepadhang,
lan aku isih jinem lungguh ijenan
lawang omahmu tanpa kedhep daksawang
tanpa ayang-ayang

sawijining dina, sawetara pawongan
nggegem pepesthen tanpa pocapan
ngrubuhake anggaku uga impen gegayuhan
klawan sliramu kang nora sigra kasembadan

aku ora nulak, aku ora njerit
krana aku mangerteni; yen wiwit kuwi
sliramu uga kelangan ayang-ayang
mlaku lan ambegan tanpa kamanungsan

Mojokerto, 2022


Penggurit

Anjrah Lelono Broto, lair ing Jombang lan sakmenika manggon ing Trowulan, Mojokerto. Wiwit SMA ajar nyerat esai, cerpen, uga puisi kang asring kapacak ing media massa lan online (abasa Indonesia lan abasa Jawa). Sawetara seratane klebu jroning buku antologi bebarengan. Dene buku seratane, yaiku; Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak (kumpulan crita cekak, 2015), Nampan Pencakan (antologi puisi, 2017), Permintaan Hujan Jingga (antologi puisi, 2018), Kontra Diksi Laporan Terkini, lan Garwaku Udan Lan Anakku Mendung (antologi geguritan, 2022). Naskah teater anggitane kang asesirah Nyonya Cayo kapilih minangka Nominasi Pilihan jroning Sayembara Naskah Lakon Dewan Kesenian Jawa Timur 2018. Nate kacathet minangka undangan Kongres Sastra Jawa III (Surabaya, 2011), Kongres Sastra Jawa IV (Yogyakarta, 2016), Muktamar Sastra Nasional (Situbondo, 2018), panelis jroning Kongres Budaya Jawa II (Surabaya, 2018), lan peserta Musyawarah Nasional Sastrawan Indonesia III (Jakarta, 2020).

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *