Cerkak
Lakon Nyegele

Lakon Nyegele

Ki Wasis Carita kaget nalika dumadakan krungu ana wong nothok lawang ngarep. Komputer sing kawit mau dijingglengi kepeksa ditinggal lan banjur jumangkah alon nyedhaki prenahe lawang ngarep. Kepengin ngerti sapa tengah wengi ngene mertamu ing omahe.

Nalika lawang dibukak, Ki Wasis semu ora percaya yen wong sing saiki ana ngerepe jebul Lilik. Kanca saangkatan jaman kuliyah sing wis pirang-pirang taun ora ketemu lan ora dingerteni kabare. 

“Jebule dhapurmu ta, Lik.”

Lilik ora semaur, mung nggleges. Tanpa dimanggakake, dheweke banjur mlebu omah lan lungguh ing kursi ruwang tamu.

“Dengaren dhapurmu kelingan omah kene,” kandhane Ki Wasis sawise lungguh ana ngarepe Lilik.

“Kadhangkala pancen kudu kelingan dhalang kondhang,” Lilik ngguyu amba lan banjur mbacutake guneme, “Sore mau aku budhal saka Nganjuk. Tekan terminal Tirtonadi aku langsung ngebel Arih arep dakajak mrene, nanging dheweke lagi ngeterake jagong bojone. Aku banjur nilpun Anto, jebul lagi ana luar kota urusan kantor. Gelem ora gelem aku naksi ijen mrene.”

“Kapok!”

Wong loro banjur kerem ing ulengane crita. Lelakon kepungkur bali didhudhah maneh. Wiwit perjuwangane jaman kuliah, ngrembug kanca-kancane lan liya-liyane.

“Ngene, Dhe,” tembunge Lilik sajak serius, “Kejaba anggonku mrene kepengin mertakake keslametanmu, uga ana perlune.”

“Waton ora arep utang, ora dadi masalah,” wangsulane Ki Wasis karo glenyengan.

“Critane aku arep ngrabekake Gayuh, anakku……..”

Durung nganti Lilik nutugake rembunge, Ki Wasis wis munggel, “Aku karo mbakyumu kon mara jagong lan nyumbang, ngono?”

“Yen kuwi genah. Ngene, Dhe, mbaleni tembungku ngarep, aku arep nyambat awakmu. Dakkon mancal gaweyan lawas, ngedegake gunungan wayang kulit. Dudu wayang climen utawa wayang apa kuwi sing saiki dadi branding-mu. Aku pengine nggelar wayang kulit sewengi natas. ”

“Kapan kuwi?”

“Isih suk akhir taun. Bisa, ta?”

“Ketoke bisa. Nanging ya kuwi, sindhen lan niyagaku pikiren dhewe. Perkara aku sambatan ora masalah, wis kulina.”

“Kuwi wis dakpikir. Sisan-sisan sing omong, lakone mengko aja bab wahyu utawa rabine sapa ngono. Aku pengine lakon sing nyegele, sing penting gayeng. Terserah anggonmu nggarap.”

Ki Wasis ngguyu nyekakak. Nanging ora suwe, nuli kandhane, “Yen bab lakon wis bisa dakbatang. Kowe mesthi njaluk lakon sing nyegele utawa nganeh-anehi. Ora adoh sungsate karo watak lan kelakuwanmu ing saben dinane sing pancene kaya ngono. Watake seniman sing uga sastrawan.”

“Sokur yen kowe bisa nggagapi. Dadi ora salah yen aku bengi-bengi ngene nganti trutusan tekan kene.”

Wektune mrambat alon, nanging ajeg. Ngerti-ngerti wis jam telu esuk. Lilik kandha arep ngeremake mripat ora ketang sedhela. Mengko yen srengenge wis metu arep mbacutake laku menyang Wonogiri. Kangen ibune sing wis sawetara wektu ora disambangi.

***

Bengi iki Lilik klakon ngrabekake anake. Nanggap wayang kulit sewengi natas kanthi dhalang kondhang saka Solo, Ki Wasis Carita. Perkara apa lakone wayang kulit sing arep dikepyakake, Lilik ora ngerti. Awit Lilik pancene ora tau takon lan uga ora diwenehi ngerti apa lakone dening Ki Wasis. Kanggone Lilik, sing penting nggelar wayang kulit kanthi lakon sing ora biyasa kaya sing dadi kekarepane.

Jam sepuluh bengi pagelaran wayang wis diwiwiti. Sasuwuke gendhing-gendhing patalon, ing kelir katon jejere Semar sing lagi diadhep Gareng, Petruk lan Bagong. Mung emane, lagi wae nyipati jejer wayang sepisanan sing kaya ngono, dumadakan ana saperangan penonton sing cluluk lan alok sakepenake dhewe.

“Mongsok wayangan langsung gara-gara.”

“Dhalange saka ngendi kuwi?!”

“Wayangan bengi iki pancen aneh.”

 “Yen dhalange saka Solo, mongsok kaya ngono!”

Ki Wasis sing capet-capet krungu tembunge penonton mau, bisane mung mesem. Minangka dhalang profesional lan jam terbange wis akeh, ngadhepi kahanan kaya ngono ora dianggep perkara abot. Ana cara kanggo menehi pangerten marang penonton sing pancene ora ngerti ngenani pakeliran sing lagi dilakoni.

“He, Thole Petruk. Daksawang wis pirang-pirang dina guwayamu katon suntrut. Kowe sajak susah, kaya ana sing ngebot-eboti pikirmu. Ana apa jan-jane, Thole?” pitakone Semar. Gareng lan Bagong uga takon sing ora adoh bedane.

“Yen aku kudu jujur, terang terang, blak kotang, aku susah merga nyawang kahanan, Pak.”

“Kepriye sing mbokkarepake, Thole?”

“Aku susah merga jejer sepisanan wae dening saperangan penonton diarani gara-gara. Kamangka ora, iki jejer sepisanan lan durung wancine gara-gara. Mengko ana wektune dhewe. Kejaba kuwi, wayangan bengi iki uga dianggep aneh kepara ana sing nakonake sapa dhalange barang.”

Semar gumuyu lekek-lekek. “Kowe aja glenyengan, Thole. Kowe omong kaya pamrihmu rak kepengin nyemoni marang aloke penonton ing njaba kae. Rak ya ngono ta, Thole?”

Krungu rembugane Petruk lan Semar sing kaya ngono, embuh ngapa saperangan penonton sing maune cluluk lan alok saiki dadi anteng. Ora kumecap maneh lan banjur anteng ngematake lakune pakeliran.

“Kosik, Thole. Aku iki takon tenanan. Kowe sajak susah sejatine apa satemene sing mbokrasakake?” Semar takon maneh.

Petruk nuli kandha akeh-akeh. Anggone susah merga wiwit kuna majuja ndherekake bendara utawa satriya sing jarene tansah nengenake laku kautaman, nanging nyatane ora kaya sing dikarepake. Bendara utawa junjungane nyatane isih akeh sing gelem tumindak nalisir saka bebener lan angger-angger. Senajan wis dielingake, nanging ora direwes. Kepara malah bendarane banjur nesu utawa malah tega nundhung minggat.

Nggagas kahanan kaya ngono, kanggone Petruk ora ana gunane melu lan ngembani satriya yen tumindake isih asring ora bener lan pener. Asring nggugu karepe dhewe lan ngemungake kepentingane pribadhi lan kulawargane. Mula saka kuwi Petruk pilih arep lunga. Golek bendara liya sing sisan-sisan nengenake watak angkara, nggulawentah tumindak culika nerak angger-anggere kautaman. Rasane luwih kepenak. Sisan-sisan bisa ubub-ubub murih bendarane ora kendhat anggone gawe morak-mariking kahanan.

“Wektu iki uga lilanana aku lunga saka kene. Aku arep minggat!” Petruk banjur semparet ninggal Semar, Gareng lan Bagong sing wis ora bisa menggak kekarepane.

Lilik sing kawit mau ngematake lakune pakeliran, bisane mung mesam-mesem dhewe. Anggone nanggap wayang kanthi lakon kaya sing dikarepake bisa gawe mareming atine. Ki Wasis sing kejibah ngepyakake pakeliran nyatane bisa mbeber lakon sing nyegele lan nganeh-anehi. Gawe cingake sapa wae sing kebeneran lagi nonton.

Nanging ora ngono mungguhe saperangan penonton sing maune cluluk lan alok, bareng ngerteni crita kaya ngono saiki bali dadi kresah-kresuh maneh. Malah saiki padha mbengok banter. Ngudhal panguneg-unege.

“Iki wayangan cara ngendi?”

“Saumur-umur lagi nonton wayang lakone kaya ngene.”

“Ora ana critane Petruk mbalela arep ninggalake Semar sing kejibah momong para satriya!”

“Yen lakon Petruk dadi pendhita, Petruk dadi ratu utawa Petruk rabi pancen wis lumrah. Bareng iki Petruk mbalela kaya ngono, apa tumon?!”

“Wis, wis, wayangane ora mutu blas!”

“Leren! Leren!”

Swara pating clebung terus saut-sautan. Penonton ora narimakake yen lakon wayang bengi iki digawe kaya ngono. Diorak-arik sagelem-udele dhewe. Sawetara penonton liyane sing kawit mau meneng lan anteng yektine uga akeh sing rumangsa cingak nonton pakeliran kaya ngono. Nanging ngrumangsani dadi penonton sing becik, dheweke mung trima meneng.

Lilik sing bengi iki lagi duwe gawe, trima meneng. Ora nggagas lan nyampuri aloke penonton ing njaba. Batine malah seneng, lakon sing dijaluk nyatane bisa narik kawigatene penonton. Ora kaya lumrahe pakeliran, embuh apa sing disuguhake dhalang racake mung ditampa apa anane. Embuh piye rasane sing padha nonton, ora ana sing ngerti.

Semono uga Ki Wasis, minangka dhalang sing lagi ngemudheni lakune pakeliran, nyipati penonton sing nganti kaya ngono dheweke bali mesem. Ki Wasis malah duwe penganggep yen jejere kesenian bisa aweh papan kanggo dialog tumrape penonton. Rasa-pangrasa apa wae bisa disalurake ing satengahe crita sing lumaku. Ora kaya sing uwis-uwis, dialog jamake mung ana ing limbukan utawa gara-gara wae sing pancene akeh nggedabyahe lan njuwarehi.

Dudu dhalang yen ora bisa gawe crita seje ing suwalike crita sing ana. Ki Wasis bali nggelar kaprigelane. Lumantar cara mligi ing pakelirane, penonton sing kober bengok-bengok ora narimakake karo pakeliran sing lagi dilakoni bengi iki, nyatane bisa disirep lan wekasane gelem nutugake nyemak lakune crita.

Ora krasa wektune nggremet alon, nanging ajeg. Ngerti-ngerti wis parak esuk lan pakeliran ndungkap tancep kayon. Ing kelir katon Petruk diadhep Semar, Gareng lan Bagong. Uga Prabu Kresna, Prabu Puntadewa, Raden Werkudara lan Raden Arjuna. Kabeh padha ngerih-erih lan njaluk Petruk gelem bali kumpul Pandhawa lan ngayahi jejibahane kaya sekawit.

“Sinuwun Kresna, Sinuwun Puntadewa, Ndara Werkudara lan Ndara Arjuna. Kula purun bali kumpul Pandhawa waton panjenengan sedaya kedah kersa janji. Minangka satriyaning negari kedah nuhoni lajering kautaman. Mboten kados jaman sakniki, kathah tiyang ingkang ngaku satriya, nanging patrap lan tumindakipun malah ngungkuli raseksa. Yen negari kepengin ayem tentrem, para satriya kedah kersa nuhoni jiwa kasatriyanipun. Saged ngayom-ngayemi para kawulanipun. Sanes patrapipun satriya menawi taksih asring kasinungan watak lali nggendhong melik.”  

 Lilik sing pancene njaluk lakon nyegele bisane mung mesam-mesem.


Penulis:

Irul S. Budianto, menulis dalam bahasa Jawad an Indonesia. Kini tinggal di Boyolali, Jawa Tengah.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *