Geguritan
Geguritan Donna Asmoro

Geguritan Donna Asmoro

1.
Kwangen

Eneng apa?
Kok sajak saben mbok tinggal, aku ngrasa gela

Ora ana kowe aneng uripku sedina wae, rasane kaya di thuthuki pathakku
He! Ana apa?
Nalika ora ana kowe aneng kene, hamung sepi sing tak rasa
Pikiran peteng, kaya bengi iki nalika kowe lunga ing manca etan kana

Pamitmu, nyalami aku nalika budhalmu
Yen ta blaka, sedhih banget
Aku pancen ora nduduhake raiku sing sajak kuciwa nalika pamitmu,
Sak nalika rasane sepi lan dhewe, kaya ora ana urip-uripan sawiji apa

Kowe kuwi ya aku, awakmu ya awakku,
Lambemu ya lambeku,
He! Sabun adusmu wae isih tak silih tekan seprene

War… aku kangen. Ning kene rasane ora kepenak

Urip karo wong sing ora nguwongake uwong kuwi, rasane sedhih
War.. ndang muliha, tak enteni ing bengi iki nganti sak mulihmu.

 Malem setu, ing sawiji sasi, ing warsa 2022

2/
Ngrajah Polo

Apa sing tak pikir iki?
Gela ya wus mari, kuciwa ya ora
Sing dak ranti yawus teka

Hananging, kopi sing tak adhep semono suwene ya mung tak udheg
Rokok sak uthil peparinge bapak ya nganti mati nora dak akeb

Apa sing tak pikir iki?

Yen mung gara-gara durung adus, biyasane ya ora tau adus,|
Yen ta kurang turu, biyasane ya wus kaya ngene
Buwingung ngrajah polo-ku.

 Setu, 2022

3/
Terminal Kangen Prapatan Ngetan

Kangen.
Kangenku setengah mati
Nganti kegawa ngimpi, yen ta aku bakal pethuk sliramu, yayi.

Masiya mung sewates mapag sliramu ing terminal sore kae
Paling ora tekaku wis mbok arep-arep aneng uripmu.          

Ponorogo, Kemis, 28 Juli 2022

4/
Bekik

Hahahaha..
Dhuh, cah ayu,
Madhepa rene.. 

Biyungalah..

Pasuryanmu mencorong madhangi jagat.
Nganggo busana sarwa putih
Nambahi endahing parasmu cah ayu.

Mripatmu sing bunder kaya neker
Irungmu mbangir kaya cukil gasir

Huuh.. tak lela-lela..
Pipimu biyuh.. aluus, putih kaya sega.
Lambemu tipis, sajak yen di du nyenengake

Dhuh cah ayu,
Madhepa rene meneh

LHO! KOK? BOLONG? BOLOONG!! HEE!

5/
Ati Karep Uteg Cupet

Atiku lega
Awakku kepenak
Raiku sumringah

Nanging kena apa?
Kok aku bingung arep nulis
He? Hee!
Nyapo? 

Nalika ora ana sinyal hape
Ya mung nulis sing isa tak lakoni

Howey! Buingung iki lo!
Apa merga aku kokean ngombe
Kudune malah sehat,
Apa merga kurang turu?
Kudune ngantuk, ora cupet ngene


Penggurit:

Donna Asmoro, lahir wonten ing Ponorogo, tanggal 14 Agustus 2002, Donna Asmoro menika mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa, saking STKIP PGRI PONOROGO, wiwit semester setunggal menika ndherek ajar nulis cerkak lan geguritan  marang dosen basa jawi. Inggih menika, bu Serdaniar Ita Dhamina M.Pd. wonten ing kampus.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *