Cerkak
Kembang Kanthil

Kembang Kanthil

“Wonten menapa nggih Mbah kok njenengan nimbali kula wonten ngriki?”

“Tun. Coba sawangen kae! Kaya adate. Thukule kembang kanthil pedhanyangan kae  nyasmitakake bakal ana unthul anyaran sing bakal nerusake.”

“Wahhh… kadose pancen sampun dugi wancinipun malih Mbah. Nyatanipun sampun dangu sanget anggenipun wit kanthil menika boten nuwuhaken sekaripun.”

“Mula saka kuwi, Tun. Wis ayo dienteni wae sapa sing bakal nampa pulunge! Karo maneh, Tun. Unthul kuwi mengko  sakbisa – bisane bakal tak cantrikake marang kowe minangka beji.”

“Inggih Mbah. kula saguh bakal nggulawenthah.”

Wit kanthil sing umure atusan taun kang mapan ana pundhen Desa Bulakrejo kuwi pancen gawe gegere para warga jalaran ora saben mangsa lan taun nukulake kembange. Ana kapitayan tumrap warga desa kono, yen wit kanthil kuwi nukulake kembange tegese bakal ana  pulung ledhek sing bakal ngrasuk ana jiwa lan ragane salah siji bocah wadon desa kono. Kang  sabanjure bocah kuwi mau kudu sedya dadi ledhek tayub kang diwiwiti gegladhen kanthi cara nyantrik.

Awan kuwi Dini lagi wae bali saka sekolah. Anggone mancal sepedhahe sajak karo greneng – greneng nyawang ramene kahanan saka kadohan. “Kok  rame – rame ana pundhen  kae ana apa ya kira – kira? Mosok nyadran?  Rumangsaku  sasi wingi lagi wae nyadran mosok wis nyadran maneh”.  Dini banjur kepengin ngerti. Dheweke gage – gage marani. Satekane kono, dheweke banjur ngerem sepedhahe lan mandheg. Dini kang durung ngerti sejatine ana apa, banjur krungu omongane Bu Menik, “Muga wae pulunge tiba marang anakku, ben sukses dadi ledhek kondhang kaya aku.” Tekan kono Dini banjur ngerti apa sebabe nanging dheweke ora kumecap. Kapitayan thukule kembang kanthil pedhanyangan kuwi pancen wis mbalungsungsum tumrap warga desane lan sakupenge.  

Dini banjur mancal sepedhahe enggal bali mulih. Dheweke sajak ora nggagas maneh pekara mau. Satekane ana omah dheweke ngudarasa marang bapak lan ibune. Dheweke gumun uga mangkel karo wong – wong ing desane. Atase ing jaman sing wis moderen kaya ngene isih percaya marang gugon tuhon sing ora kena dinalar. Malah – malah kapitayan kuwi  bisa dadi momok tumrape para bocah wedok ing desane kono.

“Upama pulung kuwi tumiba ana aku, aku ora bakal sudi nglakoni dadi ledhek tayub” kandhane Dini karo mbesengut nesu.

“Huss.. aja omong kaya ngono kuwi. Ibuk jane ngono ya ora lila upama duwe anak ledhek tayub. Ananging kapitayan kuwi adhedhasar ilmu titene wong Jawa. Sapa wae sing ketiban pulung  gelem ora gelem kudu dilakoni, kok nganti ora gelem nglakoni bisa nyilakani tenan hlo, Ndhuk.”

“Njenengan niki kok gih tasik percaya mawon kalih ngateniku ta Buk. Percaya kok kalih kembang. Wis jan ora temu nalar!” bantahe Dini.

“Donga wae muga – muga kulawargane dhewe tansah pinaringan slamet ora ana bilahi apa – apa..” ngendikane Bapak karo arep balik kerja rampung dhahar siang.

Dini ora wangsulan apa – apa. Dheweke banjur mlebu kamar karo ngancing lawange kanthi seru.

Suruping surya wus manjing wengi. Ibu sing nyepakake dhaharan makan malam wis rampung. Ibu sajak krasa ana sing aneh ora kaya adate. Wiwit mulih sekolah awan mau Dini durung katon metu saka kamare. Ibu rada seru anggone ndhodhogi lawang kamare. Diambali makaping-kaping ananging Dini ora semaur. Ora let suwe bapak  mulih kerja. Ibu anggone kuwatir banjur matur marang Bapak.

“Aja – aja Dini nang njero kamar semaput, Pak? Aku kuwatir yen ana apa – apa, Pak!” panggresahe Ibu kebak rasa sumelang.

Ora sranta Bapak ndhobrak lawang kamare Dini. lawang kasil kebukak. Wong loro sakkala kaget kaya gumun setahun njenggleng serendheng jalaran Dini ora ana ing jero kamar. Saking bingunge wong loro banjur metu omah goleki Dini, nganti gawe gegere tangga teparo lan warga sakdesa. Ilange Dini kaya ora temu nalar. Mula para warga anggone goleki nganti karo ditabuhi nganggo piranti pawon. Akeh kang samar lan nggraita menawa Dini digondhol barang lelembut.

Ora krasa anggone goleki wis manjing tengahing wengi, Dini uga durung kasil ditemokake. Ibune Dini tansaya keladuk anggone nangis lan bingung. Banjur ana salah siji warga ngandhakake supaya njaluk srana pitulungan marang Mbah Karso minangka sesepuh desa kanthi cara spiritual. Banjur salah sijine warga langsung krekal tumandang murug Mbah Karsa ana omahe. Sakwise Mbah Karso teka lan ngerti apa pekarane. Banjur dheweke menehake preintah supaya para warga ngubengi pundhen ping pitu lan ngejak salah siji ledhek kanggo nembangake gendhing eling – eling.

Para warga daya – daya ngleksanani prentahe Mbah Karso. Sawise iku ora let suwe banjur kasil anggone ngupaya. Dini ditemokake ana sakngisore wit kanthil pundhen kono. Dheweke mung nglamun katon kothong panyawange. Bapak lan ibuke banjur ngrangkul Dini lan enggal – enggal digawa mulih kanthi sabyantune para warga.

Sak tekane ana omah Mbah Karso nambani Dini supaya pulih kaya maune. Sakwise sadhar, Dini banjur crita yen dheweke dijak dening wong wadon ayu rupane  kang aran Nyi Pergulowati. Dheweke crita menawa dheweke nampa sampur kanthi dikalungake lan oleh piweling supaya njejegake seni budaya langen tayub mligine ana Nganjuk.

 Mbah Karso banjur ngandharake menawa Dini nampa pulung ledhek lan wajib ngleksanani darmaning kabudayan dadi ledhek tayub. Mbah Karso uga njlentrehake adate menawa ledhek tayub ana Nganjuk kaperang dadi loro, yaiku aran ledhek unthul lan beji. Ledhek unthul yaiku ledhek sing isih ngudi ilmu kanthi nyantrik marang ledhek sepuh kang aran beji. Unthul bisane dadi beji kudu nguwasani olah beksan lan tembang kanthi prigel, uga bisa dadi tepa tuladha lan njejegake jati dhirining wanita utama. Kang pungkasan yaiku kudu disahake kanthi laku tata cara adat tradisi gembyangan lan slametan ana pundhen Desa Bulakrejo banjur masangake cundhuk kembang kanthil ana gelungan kanggo nyasmitakake yen ledhek unthul kuwi mau wis disahake dadi ledhek beji. Anut ujare Mbah Karso sepisanan, sapa wae sing bakal nampa pulung ledhek bakal dicantrikake marang  ledhek beji sing jenenge Kasmiatun. Dini  banjur nyaguhi jejibahane, semono uga wong tuwane sakloron.  (Cuthel)


Penulis:

Sanjaya Sandy Kusuma, beralamat di Jl. Bengawan Solo IX Kelurahan Begadung Kec/Kab. Nganjuk

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *