Cerkak
Regede Ombak Politik

Regede Ombak Politik

Karti ora suwala yen awake amung wong bodho. Ora sekolah dhuwur kaya Imron bojone sing lulusan sarjana. Senajan kaya mengkono, babagan endi halal endi haram, wawasane Karti ora kena disepelekake. Elek-elek dheweke wis tau mondhok telung taunan ning pesantren daerah Jawa Timur.

Nalika Imron rasan-rasan kepengin nyalon kaur kesra, Karti krasa kurang sreg. Amarga jaman saiki adate jabatan kudu tuku. Ora tanggung-tanggung, jabatan kaur kesra wae regane nyandhak atusan yuta. Sing gawe abot atine Karti dudu masalah wragad, nanging saka carane sing ora pener.

Ukara sing ngandhakake yen wong wadon iku atine gampang diwolak-walik sajake ana benere. Krungu alesan-alesan sing dikerek lan janji-janji sing diumbulake dening Imron, atine Karti sing atos alon-alon lumer. Amarga Imron janji bakal dadi kaur sing jujur lan adil. Imron uga janji bakal mbiyantu warga tumuju makmur.

Sidane Karti lila nalika lemah warisane ditembung kanggo ngragati nyalon. Pangarep-arepe Karti, Imron temenan bisa dadi kaur kesra sing ngowahi kahanan politik desa sing nguciwani. Nyata-nyata bisa ngrumat masyarakate. Ora mung ngopeni wetenge dhewe.

Sawise Imron dilantik dadi kaur, jroning atine Karti ora ana rasa bungah. Malah saben mlakune dina, Karti sansaya nyandhang sumelang. Sejatine dudu Imron sing ora diprecaya, nanging watake manungsa sing banget nggawe dheweke wedi. Yaiku watak manungsa sing kemaruk. Tenan, Karti keweden Imron ing pungkasane melu kaseret regede ombak politik.

Kanggo ngguwak wewayangan sing ngracuni sirahe, Karti nyoba nglerem-ngeleremke ati. Senajan Imron dudu lulusan pesantren, ilmu agamane lumayan apik. Wiwit cilik Imron sregep salat lan ngaji. Merga alesan kuwi, Karti biyen mantepake ati nampa lamaran saka Imron sing amung guru honorer. Kamangka prawan liyane padha ngadoh sawise weruh slip gajine Imron sing amung sauprit.

“Bu, rabuke sampun dugi dereng, nggih?” swara banter sing nrobos kuping sanalika gawe lelamunan ning sirahe Karti bubrah. Karti ndangak. Jebul Mbokdhe Par sing omahe pucuk etan ndesa.

“Eh, Mbokdhe Par. Pripun Mbokdhe?” semaure Karti karo klecam-klecem. Kisinan merga isuk-isuk wis konangan nglamun ning emper.

“Anu, rabuk jatah kangge anggota kelompok tani sampun mandhap dereng nggih, Bu? Parine kula sampun wayahe dirabuk niku,” kandhane Mbokdhe Par.

“Lha punapa jenengan dereng angsal, Mbokdhe?” pitakonane Karti, mokal.

“Dereng niku, Bu. Sejatose kula sampun meling Pak Kaur nyuwun dibagehi rabuk kalih sak mawon. Nanging ngantos sakniki, mboten wonten kabar.” Mbokde Par njlentrehake apa sing gawe atine waswas.

Ujug-ujug Karti kukur-kukur sirah. Amarga Karti blas ora mudheng babagan rabuk sing ditakokake Mbokde Par. Imron pancen tansah wanti-wanti supaya Karti ora melu cawe-cawe urusan politik. Welinge Imron, politik iku gaweyane wong lanang. Dene wong wadon cukup nyengkuyung saka mburi layar wae. Mula kuwi embuh masalah kelompok tani, rabuk, bumdes lan sapiturute; Karti ora tau nyampuri.

“Ngapunten, Mbokdhe. Kula mboten ngertos babagan rabuk. Mangkeh cobi kula tangletaken bapake thole riyin nggih, Mbokdhe,” wangsulane Karti.

Wayah surup Imron tekan omah. Karti  mlongo ning panggonan. Dudu sepeda motor bebek ethek-ethek sing digawa mulih Imron nanging malah montor roda papat.

“Niku montore sinten, Pak?” pitakone si ragil Dwi.

“Ya mobile Bapak, ta,” jawabe Imron anggak. Dwi sorak-sorak seneng.

Mak gregah, Karti kaya isa ngambu babagan sing ora wangun. Durung ana setengah taun anggone bojone njabat kaur kesra, uwis bisa tuku roda papat. Senajan ngono, Karti ora wani sujana apa maneh nganti suuzon marang bojone dhewe.

“Pak, wau Mbokde Par nangkletaken rabuk.” Age-age Karti marani Imron nyang latar. Karti kepengin lek ndang nggenahake babagan rabuk. Mesakake Mbokde Par.

“Walah, ya wis kasep takdol! Salahe dhewe ora lek dijupuk. Lha tak kira nek Mbokdhe Par wis ora butuh rabuk,” jawabe Imron sakpenake.

“Lha jenengan napa sampun paring kabar menawi rabuke mpun mudhun? Kamangka Mbokdhe Par niku nengga kabar saking jenengan, Pak!”

“Urusane kaur kesra iku akeh, Buk. Ora mung ngurusi rabuk tohk! Mbuh lah sirahku mumet!” pungkasane Imron karo mlangkah mlebu omah.

***

Wayah awan, pasa ing dina kaping rong puluh, Imron ngeterake Karti lan anak-anake nyang mall. Imron ngajak bojo lan anak-anake blanja kanggo riyaya Idul Fitri. Tumeka mall, Imron pamit nyang balai desa. Imron kandha yen ana kagiyatan pasar murah. Bibar kagiyatan pasar murah, Imron janji bakal mapag maneh.

Rampung anggone Karti lan anak-anake blanja, dheweke nelpun Imron. Nanging Imron durung isa mapag. Alesane Imron, ibu-ibu sing meh tuku lenga padha ribut. Imron banjur mrayogakake supaya Karti lan anak-anake ngabuburit banjur buka sisan ning mall.

“Mantuk mawon, Buk. Buka teng griya mawon,” panjaluke Eka, anake mbarep. Karti lan Dwi sarujuk.

Sidane Karti lan anak-anake mulih numpak taksi. Taksi ngliwati balai desa. Karti kaget sebab pasar murah sing dicritakake Imron ora ana wujude. Nekat, Karti njaluk sopir taksi mandheg.

Mlebu kantor balai desa, Karti ngungun. Pak Lurah lan bala kurawane lagi dum-duman dhuwit sembako warga miskin. Lenga, gula, biskuit, mi sing kudune kanggo program pasar murah malah didol nyang juragan pasar.

Ndeleng kaya mengkana tumindake Imron, Karti namung isa istighfar karo ngelus dhadha. Sega wis dadi bubur, apa sing diwedeni Karti wis kasep dadi kansuyatan. Bojone wis kaseret regede ombak politik.#


Dening:

Endang S. Sulistiya. Pandhemen sastra Jawa manggon ing Dukuh Poncol, Pulutan, Nogosari, Boyolali. Lulusan FISIP UNS ingkang remem nulis sastra Jawa lan Indonesia. FB: Endang S. Sulistiya. IG: @endangsrisulistiya. WA: 0858 7951 2346.

Tags :

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *