
Geguritan Hanis Akroh Fahirin
Suluk Alam Padhang
Sukma iki tansah ngelambrah
Sapa kang bisa ngunci
Kejaba nur suci Muhammad
Wiwitan jagad
Emban kinasih umat
Akal tan kena dinyana pangarepe
Ngumbara ing bawana
Manitis tresna
Kaya lelakune tapa ngidang
tanpa raga
Pawisik macapat
Dengung ing telaga Arsy
Mudun dumugi mustaka
Dadi piweling jaga priyangga
Pati, 2022
Karma Prarabdha
Tumekamu ora bebayani
Ora gawa memala
Apa manih wethala
Jumeneng marang kasunyatan
Peparing wanugraha
Mituduhi kasinambungan alam Kamaloka
Uga Lima Tattwa
Aku ora gampang kagudha
Kuat budhi mlampahing Wot agil-agil
Amargi atiningsun madhep Hyang Jagat Pramudhita
Pati, 2022
Cahya Sajati
Sumamburating manah kanthi luhur
Pasuryaning swargi
Sumebar arum kasturi
Jembaring kawaskitan
“Nurun ‘alan nur”
Cahya kang sambara
Ngaca ing Nabhas tala
Nuturi andhap asar
Cahya sajati
Pangandhika lembah manah
Ngudarasa atma sakdurunge pejah
Pati, 2022
Bhakti Nagari
Sanajan papan panggonmu kebak kisruh
Netramu katutup gumregrahing sasana nagari
Lumakumu kasandung kahanan
Pundakmu mikul nasib kang ora pesti
Ananging hurip kedah ngabekti
Aja gampang gumantung marang nagarimu
Kerana dekne ana jeroning sarira
Rangkulana
Kasihana
Lan dadia wong kang migunani
“Rahmatan lil ‘alamin”
Pati, 2022
Gayuh Suratma
Weruh pepestine hurip
Eling sangkan lan paran kang hangkrungkebi
Niti rahayu ing mukti
Wani nyingkirake pepeteng
Kelawan pasucening diri
Manggih utamaning prana
Ngelurug lan ngudhari kasamrawutan
Lantaran sasmitha Agra sandhani
Yaiku saripatining kajujuran
Pati, 2022
Penggurit:

Hanis Akroh Fahirin, kelahiran Pati tahun 1995. Menulis karya sastra. Beberapa kali menulis naskah Teater dan Website komunitas pegiat literasi. Buku pertama antologi Pesantren dan Kebudayaan( LESBUMI PWNU DIY, 2020).