Cerkak
<strong>SLILIT</strong>

SLILIT

Slilit. Barang sauprit sing senengane nylempit. Manggon ing sel-selane untu. Angger manjing ing untu mburi lan nancep gusi asring mbilaheni. Gusi abuh kena infeksi. Rasane clekat-clekit. Mahanani lara untu, banjur krasa cekot cekot. Slilit pancel nganyelake. Didudut angel. Dilalekna gawe perkara sing rumit. Mula slilit kudu dibuwang. Ing warung sate mesthi ana sogok untu. Wujude memper biting. Pucuke digawe lancip. Bubar mangan terus nyogroki slilit nganti tuntas ilang. Slilit ilang rasane plong, kaya lunas utange.

Iku sing lumrah dialami wong umum. Ing kampungku slilit beda gunane. Slilit malah bisa kanggo pamer. Angger kumpul, utamane yen ngepasi entuk jatah rondha siskamling mesthi ketemu tangga ing gardhu. Giliranku jaga lingkungan ngepasi malem Setu bareng karo Denmas Hasto, Lik Murijan, lan Pakdhe Kasbari. Angger wis kumpul terus  crita ngethuprus ngalor ngidul. Ora lali padha pamer slilit. Kaya malem Setu awal wulan iki wing papat wis ngumpul. Acara pamer slilit langsung diwiwiti.

“Wah…iki kok ngganjel ta? Rasane kok ora kepenak. Kaya nyengkal ing sisih kiwa untuku,” kandhane Denmas Hasto miwiti.

“Lha mbok disogrok nganggo sogrokan untu ta Den?” usule Pakdhe Murijan.

“Iya coba. Iki daksogroke. Lha iki wis kecekel. Plong rasane. Apa tumon daging sapi sepucuk jenthik kok nylempit ana untu. Apa ora jan marahi anyel.”

“Wah jan hebat temenan Den. Slilite mawon daging sapi sapucuk jenthik. Lha terus sing didhahar sepinten niku?” kandhaku nyelani.

“Ya yen saepek-epek ana tangan kiwa iki ana. Maklum jenenge wong sugih. Mangan yen ora lawuh rendhang sapi ya ora doyan. Paling elek ya thengkleng. Nganti bosen rasane. Daging rendhang sapi kok kanggo lawuh meh saben dina. Ning ya pancen ora ana pilihan liyane maneh terus piye. Kepeksane mangan rendhang sapi saben dina,” kandhane Den Hasto umuk.

Kabeh padha nggumun karo slilite Denmas Hasto kuwi. Saatase slilit wae wujude daging sapi sapucuk jenthik. Dhasare wong makmur tur turah bandha. Mula dhaharane sarwa enak. Daging sapi rendhang masakan Padang dadi pasugatan saben dina.

Bubar ngematake slilite Denmas Hasto, kabeh banjur ngematake Lik Murijan sing melu-melu arep pamer slilit. Dheweke ngusek-usek pipi cedhak lambe sisih ngisor. Jare rasane risi. Jebul untune ketlusupan slilit. Ora merga slilite ngganggu, satemene Lik Murijan arep melu pamer.

“Lha iki untuku kok melu-melu sulaya. Sajake pancen uga ana slilit sing nylempit,” kandhane Lik Murijan.

“Mbok cobi enggal disogrok Lik Ijan,” kandhaku nyelani, “gek enggal plong.”

“Endi sogrok untune, Mas?”

“Niki Lik,” wangsulanku karo ngulungake sogrok untu siji.

Lik Murijan nyekel sogrok untu sing dakulungake. Let sedhela maneh sogrok untu wis dienggo ngogrok-ogrok slilit. Let sedhela wis mak prol, slilit metu saka tutuk, lan ditadhahi tangane Lik Murijan. Sanalika katon potongan daging ulet.

“Wah…ngedab-edabi. Niku daging napa Lik Ijan?”

“Karemanku Mas. Iki suwiran daging bebek goreng. Kowe ngerti ta yen karemanku bebek goreng. Angger lunga menyang ngendi-endi ora lali aku mesthi tuku bebek goreng sing ber-merk. Ora sembarangan lho.  Dilalapi sambel matah bebek goreng kuwi pancen nyamleng temenan. Ning ya mung kanggo sing seneng. Sing ora seneng mesthi ora doyan.”

“Nggih leres maketan. Pancen selera tiyang niku nggih benten-benten kok.”

Bubar Lik Murijan pamer slilit daging bebek goreng, Pakdhe Kasbari emoh kalah. Isin karo umuke wong loro mau. Dheweke melu nguthik-unthik untune. Ora susah nganggo sogrok untu, cukup nganggo pucuk driji. Let sedhela wis entuk slilit.

“Lha iki sing ngganjel ana slempitan untuku wis kelakon dakcabut.”

“Pripun Pakdhe? Nggih gadhah slilit?”

“Iya Mas. Yen aku ngono ora seneng daging sapi rendhang apamaneh bebek goreng. Iki malah daging lan eri gurameh. Kowe ngerti ta Mas yen karemanku iwak gurameh. Empuk empur gurih nyunyur. Tur kandhungan kolesterole cendhek. Jan mak nyus rasane. Dibumbu asam pedhas mirasa temenan.”

“Nggih Pakdhe. Gurameh bakar madu nggih eco. Kula nggih nate tumbas sepindhah.”

“Cocok Mas. Berarti seleramu padha karo seleraku.”

“Mboten Pakdhe. Kula nggih awis-awis nedha lawuh gurameh sebabe mboten kiyat regine. Saemut kula nggih namung sepindhah napa ping kalih nggih.”

“Ha ha ha ha ha! Mbok pisan-pisan mangan sing enak ta Mas? Urip sepisan kok direwangi ngirit. Arep dienggo apa dhuwitmu kuwi?” kandhane Lik Murijan karo nyekakak sajak ngece.

“Bener omonge Lik Ijan kuwi. Coba saiki aku takngerti slilitmu apa Mas? Ben kaya kancane. Ayo dipamerke,” kandhane Denmas Hasto.

“Adhuh nyuwun pangapunten Denmas. Wong kula niku nedha nggih namung lawuh tahu tempe. Mesthi kemawon mboten nate gadhah slilit Den.”

“Ha ha ha ha ha! Ha ha ha ha ha! Ha ha ha ha ha!” pecah suara guyune wong telu kuwi. Aku dadi isin. Jebul mung aku dhewe sing ora duwe slilit. Dhasar uripku mung pas-pasan arep pamer slilit ora bakal kelakon.

***

Wengi kuwi aku kelakon kewirangan. Wong telu iku pancen klebu golongane wong sugih. Denmas Hasto genah turun ningrat lan entuk kalungguhan dhuwur dadi wakil rakyat. Uripe tansah makmur jibar jibur. Arep dhahar lawuh rendhang sapi saben dina mesthi kelakon. Lik Murijan dadi pengusaha travel. Mobile sepirang-pirang. Saben dina tampa setoran. Kepengin jajan bebek goreng lalap sambel matah saben dina uga kelakon. Pakdhe Kasbari dadi makelar lemah lan omah mewah. Mung kari ongkang-ongkang dhuwit teka dhewe. Yen mung dhahar gurameh bakar saben dina ora bakal kangelan.

Wengi kuwi aku trima kalah. Pancen aku ora duwe slilit sing bisa dakenggo umuk. Ning aku emoh terus-terusan kalah. Giliran rondha siskamling sing arep teka kudu takbales. Aku arep mangan daging sing paling larang. Bubar iku mesthi ana slilit sing tememplek ing untuku. Slilitku kuwi arep dakenggo umuk. Malem Setu sing arep teka kudu daksiyapake.

“Bune, suk Setu mbok masak sing rada enak,” panjalukku marang ibune bocah-bocah.

“Lha ana apa ta? Apa dina mirunggan? Kok kadingaren kepengin masakan sing enak.”

“Dudu dina istimewa. Ning mbok kala-kala masak sing beda karo biyasane. Lawuh daging ngono lho?”

“Kosik. Ana apa satemene kok nganeh-anehi.”

“Ora ana apa-apa. Mung kepengin wae pisan-pisan ngrasakne sega lawuh olahan daging. Wis suwe ora mangan daging. Salebare bakda Besar kae rak wis ora tau masak daging. Nganti lali rasane. Ben ora lali mula suk Jemuwah sora masakne daging ya Bune?”

“Kaya kuwi ya? Aku manut wae. Coba arep pilih daging apa; sapi, wedhus, bebek, pitik, apa menthok?”

“Sing paling larang?”

“Genah daging sapi.”

“Yen ngono tuku daging sapi ora ketang seprapat ya Bune?”

“Manut. Terus arep dimasak apa; gule, rendhang, apa becek?”

“Ben bisa gawe slilit dimasak apa? Gule wae ya? Rasane tambah mirasa.”

“Beres Pakne.”

Bojoku ngerti marang panjalukku kuwi. Karana dudu panjaluk sing nganeh-anehi, kepenginanku iku arep dituruti. Jemuwah esuk bojoku wis tuku daging sapi seprapat. Nyedhaki Jumatan gule kuwi wis diolah mateng. Aku lagi ngicipi sepucuk irus. Rasane pancen nyamleng temenan. Arep njupuk maneh kok eman-eman. Karepku arep dakenggo lawuh madhang mengko sore. Yen perlu madhange sadurunge wanci Isya. Sebabe apa? Karben slilite isih tememplek ing sela-selane untuku, lan bisa dakenggo umuk ana ngarepe kanca-kanca rondha siskamling.

***

Jemuwah sore anakku lanang Rafi Rahman sing sekolah ana SMA ing Purworejo mulih. Sekolah mung limang dina. Jemuwah sore mesthi mulih. Ngepasi pinuju rampung Penilaian Tengah Semester, Rafi ngajak kanca-kancane dolan ana ngomah. Ana bocah enem sing mulih ana ngomahku. Sore iku aku lagi lunga menyang kebon. Sing ana ngomah mung biyunge Rafi.

Tekan ngomah bocah-bocah iku krasa luwe. Mung lungguhan sedhela Rafi takon apa ana sega salawuhe ing ngomah. Ibune Rafi wis ora perlu mikir dawa maneh. Sega sacething karo dilawuhi gule sapi diladekake kanggo bocah-bocah semega kuwi. Ditambahi sambel kecap lan krupuk. Wong enem padha ngethekul mangan sega kanthi ndhemenakake. Let sedhela wis entek. Sega dilawuhi gule pancen nyamleng temenan rasane.

Let sedhela aku mulih saka kebon. Bocah enem isih padha gojekan ana latar ngarep. Bubar iku terus main gitar. Nyedhaki wanci Maghrib kanca-kancane Rafi wis padha mulih. Rafi terus mlebu ngomah.

Jam setengah pitu bengi aku kelingan gule sing dimasak Ibune Rafi mau esuk. Aku kudu mangan gule kuwi lan nyimpen slilit ing untuku. Sebabe apa? Arep dakenggo umuk karben padha kaya kanca-kancane. Nanging bareng niliki wajan ing dhapur kaya ngapa kagete atiku.

“Bune, endi gulene?” pitakonku.

“Emmm…anu Pakne, iki mau dientekne anakmu lanang Rafi karo kanca-kancane. Aku ya mung ngicipi sethithik mau.”

“Oalah kok ora dingengehi babar blas. Piye iki?”

“Lha jenenge bocah-bocah isih semega. Iki mau dienggo nyuguhi kanca-kancane Rafi Pakne. Malah tambah tempe goreng barang. Wis panjenengan ngalah wae. Dakgorengke endhog wae ya? Dicampuri oncang lan bumbu, dadine endhog dadar sing dijenengi omelet ngono kae lho.”

“Emoh Bune.”

“Lha piye ta?”

“Yen endhog dadar ya ora mungkin ninggali slilit.”

“Kersane panjenengan kuwi piye? Kok dhahar lawuh gule kepengin duwe slilit? Gumun aku.”

“Kanggo umuk Bu. Kanggo pamer ana gardhu siskamling. Malem Setu wingi genah aku kewirangan. Kabeh padha pamer slilit; daging sapi, bebek goreng, eri lan iwak gurameh. Lha aku ora duwe slilit dhewe. Terus apa sing arep dakumukne?”

“Oh susah kaya kuwi Pakne? Iku kurang prayoga. Iki mbok menawa wis dikersakne Sing Maha Kuwasa Pak. Panjenengan pancen ora dililani umuk. Panjenengan rak wis priksa ta; wong umuk utawa pamer kuwi rak mung entuk wah. Ora entuk apa-apa. Mula mbok sing prasaja wae. Ora perlu umuk Pakne.”

“Mbok menawa ngono Bune. Ya wis yen ngono aku tak dadi penonton wae. Karben wong-wong sugih kae padha umuk, lan pamer slilit.”

Wadaslintang, 2 November 2022


Penulis:

Ki Sudadi. Lahir di Sukoharjo, Jawa Tengah. Pendidikan Terakhir: S-2 Pendidikan Bahasa Inggris UNNES tahun 2001. Pekerjaan: Guru SMP Negeri 1 Wadaslintang (1992 – 2001), dosen UMP (2001 – 2014), Kepala SMP Negeri 4 Wadaslintang (2019 – 2021), Kepala SMP Negeri 2 Wadaslintang (2021 – 2022). Penerima penghargaan: Penulis Buku GLN Kemendikbud (2017 & 2018, Penulis Naskah Sandiwara Radio Terbaik Dinas Kebudayaan DIY (2020 & 2021), Anargya Serayu Penawara (2020). Bukunya terhimpun dalam Kumpulan Cerkak Siti Musibah (2017), dan Kumpulan Cerkak Lintang Kemukus Gagat Rahina (2022).

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *