Cerkak
Cuwilan Wektu

Cuwilan Wektu

Minggonku buthek. Dina sing banget takarep-arep sasuwene nem dina nyambut gawe, sing takgadhang dadi dina sing paling nyenengake tibake malah suwalike. Perkarane jane mung sepele, ning yen sepele ditumpuk-tumpuk dadine mbledhos kaya iki mau. Sumpek, jibeg, bunek dadi siji. Takremke maneh mripatku, ora krasa luh dleweran nelesi bantal sing tansah setya ngancani dina-dina sepiku, bantal sing sabar ngrungokne kabeh sambatku. Isih dumeling padudon karo bojoku mau esuk sadurunge dheweke budhal ngeterake adhi wadone,

 “Mas aku suk Kemis enek undhangan ing villa dhaerah gunung Wilis, aku nyuwun tulung jenengan terke cek lokasi tinimbang besuk dadak golek-golek.”

“Halah, jaman saiki ya ndelok Google Maps apa takon ancer-ancere lak beres.” jawabe bojoku kaya ora duwe dosa, nanging krasa njojoh dhadhaku.

“Aku dadi narasumber dadi ya kudu njaga mood ben swasane atiku nyaman, menehi materi kudu tenang.”

“Mulane nek adoh rasah ditampa, njaluka panitia mapag nek ora ya batalna bae, ki ngko aku ngeterke Dini blanja kanggo sukuran munggah pangkat sesuk”

“Jane kenapa ta Mas nek ngeterke aku ki abot eram, nanging yen ngeterke sedulur akas banget. Minggu Wingi taksuwuni tulung ngeterke golek buku kanggo bahan panaliten malah ngebotke ngeterke mbakyu jenengan neng reuni, Minggu dhek emben kae alesan ngeterke ibu jenengan priksa, saiki malah arep ngeterke adhik jenengan sing manja kuwi. Lha bojone Dini sing mantu kesayangan gunane kon nyapa?”

“Bojone Dini lagi mulih dhines saka luwar kota jare sik kesel, nulane jaluk tulung aku.”

“Trus, yen jenengan ora duwe wektu kanggo aku, njur aku njaluk tulung sapa? Pesen gojek gak oleh, pesen grab ya kudu sopire wedok. Jenengan kuwi wis dititipi wong tuwaku njaga aku nanging kok isih mentingne kluwargane jenengan bae. Upama pisan pindho ora apa-apa ning kok ya kebangeten, huu… huu… huuu….”

Takbrolke tangisku ungkeb-ungkeb sadhuwure bantal nganti saiki. Sajane aku isa budhal dhewe nanging sabenere iku mau mung kanggo alesan supaya isa mlaku bareng bojo. Ben kaya kancaku yen Minggu mesthi statuse mlaku bareng bojone, mbuh mung blanja utawa ngopi ngono bae wis seneng. Nanging sasuwene telung taun aku omah-omah kena dietung driji dolan karo bojo, iku bae ngajak kluwargane. Dene aku mung dinggo genep-genep. Karepku ya ben nambahi chemistry kadidene wong bebojoan. Ugh….

Taklirik jam ing tembok wis nuduhake angka sewelas. Cekekal aku tangi arep adus. Ora takgape bojoku sing ngetokne mobil arep budhal ngeterke adhine. Aku kudu isa nyenengke awakku dhewe, aja nganti lara ati nyebabake rusake ragaku. Sabubare adus banjur mangan lawuh sambel bawang lan tempe goreng olehku masak esuk mau. Ora lali nggawe kopi pait kanggo mbalekake cahyaku ben bali sumunar padhang jingglang.

Karo ngemplok sega aku duwe panemu arep metu bae golek hawa njaba. Aku kelingan panggonan ngopi jaman dhisik sadurunge rabi. Biasane aku nyepi neng angkringan sapinggire alas arah lereng gunung Wilis. Ing kono akeh angkringan kari milih menune. Sapa maneh sing arep ngrabuk kabagyan yen dudu awake dhewe. Arep takrabuk nyawaku kanthi caraku dhewe.

Ora nganti sajam wis mangkring sadhuwure mio-ku. Takcek maneh gawan sing wigati, laptop, HP, headset, mouse lan dhompet. Beres, sadurunge takstarter ora lali headset taksumpelke kuping kiwa dene sing tengen ora tak sumpeli, perlune kanggo kaslametan amerga mlaku ing dalan akeh montor. Sinambi nyetel lirih “Mesin Waktu”ne Budi Doremi, alon-alon nggremet sinambi ngresepi sesawangan alas jati ing sakiwa tengene dalan tumuju lereng gunung Wilis.

Kira-kira jam siji tekan angkringan sing taktuju. Swasanane isih kaya telung taun kepungkur nalika aku mrene pungkasan, sewulan sadurunge omah-omah. Panggonan paporitku isih kosong. Sawise pesen kopi lan gorengan aku tumuju kursi pojok kulon sing sesawangane langsung bisa ndeleng alas jati sing ijo royo-royo. Hawane pas enak lan ora usum enthung jati. Bakal jerit-jerit yen weruh uler jati pating kleler medhun saka dhuwur. Hiii mrinding.

Laptop takbukak banjur kabeh ubarampene taksiyapake. Aku wiwit ngetik crita kedadeyan sing lagi takrasakne dina iki. Wis dadi pakulinan yen ati lagi sumpeg mesthi takbrolake lewat tulisan. Lumayan yen kapacak ing kalawarti, isa kanggo ngopi maneh. Ora lali takpasang headset ing kuping kiwa tengen supaya konsentrasi ora kaganggu. Nganti ora weruh Mas sing ngeterke kopi lan gorengan ngadeg suwe ing ngarepku saking katreme nduduli keyboard laptop.

Sinambi rengeng-rengeng lagune Mas Budi Doremi, angenku nglambrang ing lelakon kapungkur. Bapak-ibuku kekancan akrab karo bapak-ibu maratuwaku lan pengin ngraketake paseduluran. Jelalah kok putrane uga manut bae dijodhokne karo aku. Aku sing wektu iku lagi nggarap skripsi ora mikir dawa, wegah nambahi perkara. Pokok pikirku yen bapak ibu seneng aku manut bae.

Lhadalah, ora nganti rong wulan klakon pista gedhen. Aku sing wektu iku isih ing Yogya bola bali revisi skripsi ya mung pasrah marang sing neng omah. Mulih seminggu sadurunge acara lan kabeh wis beres. Seminggu aku neng omah ora oleh metu dipingit kadidene calon manten, nanging aku wis bosen banget. Jelalah mecungul Yanti, kancaku dolanan sing omahe sa-RT karo aku isa nambani wektuku sing mbosenake. Nanging tekane Yanti iku mau malah ndadekake aku kepikiran nganti saiki.

“Eh Ning, isih eling Mas Danar gak?”

Atiku trataban krungu jenenge Mas Danar disebut Yanti. Sabenere aku isih ana ganjelan karo Mas Danar, mbuh rasane ora isa digambarake. Wiwit aku isih SD Mas Danar sering nggodhani aku, ngelokne kulitku sing ireng iki. Anehe aku kok malah seneng yen dilokne, malah suwe-suwe ketagihan dilokne Mas Danar.

Nanging sawise aku SMA klas telu lan banjur kuliah wis jarang ketemu Mas Danar maneh. Dheweke kuliah ing Surabaya lan aku ketampa kuliah ing Yogya. Kadhangkala ya maknyut kelingan. Sajoke iku, dheweke wis ora nate ngelokne maneh lan ketemu mung mesem tur tansah nginggati sapatemon karo aku. Masiya omahe mung keletan pitung omah lan yen preian mesthi dolan ing omahku amerga kancane masku mbarep, tapi wis ora sapa aruh maneh. Aku ya malih lingsem yen ketemu dheweke. Aluwung nyingkrih, ning kadhangkala nginceng utawa nguping yen dheweke ngobrol karo Masku.

 “Hei, lakok malah bengong.” Yanti mbengok sinambi ngipatke tangane neng ngarep mripatku.

 “Ehm…, apa mau, piye?” aku glagepan konangan nglamun.

 “Mas Danar tau crita neng aku sabubare awakmu lamaran kae. Wonge coklek atine.”

 “Coklek piye, apa koktulak? hehe…”

 “Ngawur ae. Kuwalik ya. Sabenere Mas Danar ki ngesir awakmu lan sabar nunggu skripsimu rampung. Lan rencanane arep nglamar sawise wisudha nanging awakmu kedhisikan dilamar wong liya.”

 “Oh….”

Kaya kesamber bledheg rasane wektu iku, nanging kabeh wis dadi crita kawuri sing ora kena dibaleni. Upama bisa mbaleni wektu arep takputer maneh supaya bisa nunggu lamaran saka Mas Danar sing sadurunge tansah jejogedan sajroning atiku.

Ora krasa laptop ing ngarepku batrene entek tak tinggal nglamunke Mas Danar lan Yanti. Tujune ketikanku mau wis taksimpen. Dumadakan aku krasa ana sing ngawasi. Aku banjur mengo ngarah kursi pojok etan. Maktratab ing kono ana pawongan sing ora asing kanggoku.  Menganggo kacamata ireng, kaos ireng lan clana krem lagi mandeng aku.

“Loh iku kok kaya Mas Danar?” batinku kroncalan. Gage taksruput kopiku sing wis adhem kanggo ngedhemke atiku sing kroncalan. Aku ora wani mengo pojok etan maneh. Muga mung halusinasiku weruh wewayangane Mas Danar. Takringkesi barangku lan pengin ndang kukut saka kene, mundhak bojoku selak mulih. Aku rumangsa kadosan metu mau ora pamit merga nesu.

Lagi bae ngadeg, saka parkiran keprungu swara montor digas banter. Sakklebat wewayangan liwat, lho iku kan sing kaya Mas Danar mau. Takkipatake maneh wewayangan iku. Dhuh…

Nalika arep mbayar neng kasir, kagetku tansaya ndradra,

“Pinten, Mbak? Kopi ireng lan gorengan sekawan.”

“Sampun dibayari Mase wau Mbak.”

“Hlo….” Mripatku mendeliki mbake kasir

“Nggih, Mas kaos ireng clana krem.”

Wangsulane Mbake kalem nanging kasil ngantem rasaku sakayange.

******

Cuthel.

Madiun, 4 Desember 2022


Penulis:

Dyah Kurniawati. Lair lan mapan ing Madiun. Wanita kang kayungyun marang sastra lan budaya Jawa iki uga nulis geguritan, cerpen, puisi, esai lan artikel.  Para maos bisa sesambungan lumantar FB: Dyah Kurniawati.             

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *