Geguritan
Geguritan <strong>Hidratmoko Andritamtomo</strong>

Geguritan Hidratmoko Andritamtomo

Kresna Seta

Semampir sinandhang sampur
Sinawang kraket sumadulur
Samya sulur sung sembur tutur
Sumela jroning sotya sinangling
Ngrakit pangajap ninthingi werna
Sumelip antarané kresna seta
Seje watak beda slah ingemban
Winimbuh becik jejangkep luput
Nyawiji kanthi sesanti pinuji
Mangun karyatama kasembadan
Sung tuladha amangun karsa
Andayani kang kaèsthi jati

Sekarseta Asri, 27 Nov 2022

 

Sedyaning Wiku

Mecaki laku nyebar bun esuk
Nyipratke banyu wening mring pucuk-pucuking alang-alang
Najan kasempyok santering barat
Najan kasampe êpang pring kebak eri
Najan ginodha aruming puspita
Edining sekar mawar ngrenggani netra
Parandene lakuning sang wiku tetep puguh
Datan tumoleh apamanèh kandheg sareh
Sadurunge pucuk-pucuking alang-alang bisa katon reroyoman
Ngrembaka tumangkar ngrenggani patêgalan
Temah bisa weh piguna tumraping sasama

Sekarseta Asri, 25 Nov 2022

Pangarsa

Ujaring para winasis
Kang nggegulang weninging warih tuking kawruh
Ing ngarsa tansah sung tuladha
Nedheng ing madya bisa amangun karsa
Natkala tutwuri bisa andayani
Lir pang-panging waringin
Kinarya cik-anciking manéka kukila
Kang samya cumrowet nembang lelagoning rasa
Pangarsa
Panggah nerak pranatan
Arsa leladi kanthi sukaning driya
Mrih sen-isening bawana bisa samya gumbira

Sekarseta Asri, 11 Oktober 22

Wit Sineblak Turangga Kepang

Wus sawetara wanci mbang mlathi datan angganda wangi
Uga datan kawuryan ing madyaning ratri
Esem ngujiwat nanggal kur-kuran ing pungkasaning sasi
Kêpara lisanmu raket lir suwekan dlancang pinulas pulut
Yayi…
Kabeh wus sineblak turangga kepang
Wit laku iki kang singlar saka prasetya kawedhar duking uni
Têmah sembur saya anglantur nandhes natoni ati
Yayi…
Karsaku muhung kepingin miyarsa larasing gendhing
Kang rinakit lumantar manising gula
Kang mijil saka tulus prentuling nala
Murih bisa mecaki bareng marganing pesthi
Ngrumpaka ancas jroning prasetya jati
Yayi…
Sliramu kinarya nugrahaning Gusti Kang Maha Asih
Bakal dakpresudi najan wutahing getih putih
Têmah klakon mbundheli kenceng sigaraning nyawa sempalan iga kang sisih

Tuk Agung, 16 Sept 2022

Lajuning Rodha

Ngambah dalaning gesang
Lir ubenging cakra manggilingan
Rila anyangga bot awrating darma
Nerak krikil mingis pating pringis
Nlasak blethok-blethok kelet datan sumawur
Nrajang wêdhèn segara sinampar maruta
Lumaju lempeng
Nora nggape aloking gagak ngakak
Datan keguh godha pangawening blarak sempal
Sedyane muhung slamet bisa kandheg
Nganti njeblos datan kasinungan ilening hawa
Anêng watesing daya
Kinarya tepi kodrating Pangeran

Tuk Agung, 22 April 2022


Penggurit

Hidratmoko Andritamtomo, ASN sebagai guru bahasa jawa SMP. Beberapa tulisan berupa geguritan, esai berbahasa jawa dan cerkak dimuat dalam buku antologi terbitan dinas kebudayaan kabupaten Bantul dan dinas kebudayaan Propinsi DIY, dimuat dalam majalah bahasa jawa Djakalodang dan Mekarsari Kedaulatan Rakyat, Tabloid remaja carakita terbitan Dinas kebudayaan propinsi DIY.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *