Geguritan
Geguritan Tri Rakanti Budiningrum

Geguritan Tri Rakanti Budiningrum

Gurit Beling
Aku mung beling
Sing pating slengkrah ing pinggir dalan
Nyandhungi wong liwat lan nggawe kacilakan
Amarga aku mung beling
Aku mung beling
Dudu barleyan sing duwe rega
Ora bakal ana manungsa sing ngreksa
Amarga aku ora duwe rega
Aku mung beling
Sakjane yen ana sing ngrumat kanthi saksama
Aku bisa katon sulistya
Nanging apa ya ana?
* * *

Saksi Bisu
Bebarengan karo sumiliring angin
Lan gegodhongan sing padha garing
Bebarengan karo beninge mega ing angkasa
Ngrasakake endahing wengi ing bawana
Dak sawangi saka kadohan
Tumetesing banyu saka pucuking tawang
Muga-muga kangenku marang sliramu dadi kasunyatan
Sing ngerteni ya mung angin lan gegodhongan
Saksi bisu rasa ing antarane atiku lan atimu, sayang
* * *

Pereng
Ing pereng iki aku urip
Omahku ngadhep ing jurang
Pendhak esuk lan sore
Nyoba nyemak lumakune urip
Rasa ngelak sing terus terusan
Marang katentreman sing sejatine
Mung prasaja
* * *

Wektu
Wektu ngglinding kaya neker
Umur ora bakal mundur sanajan mung sak inchi
Playune wektu kaya cahya sing cumlorot
Ewasemana manungsa ora ngrumangsani laranging rega wektu
Wis di nas ing surah Al Ashr, kabeh manungsa bakal rugi babagan wektu
* * *

Piwulang Urip
Urip wis mulang tekadmu dadi atos
Supaya atimu welas asih, supaya tumindakmu andhap asor
Kayata atur kurmat marang kadang wredha
Atur sungkem bekti marang wong tuwa

Urip wis ngajari sliramu dadi rapi
Kayata nyisir rambut putihmu dhewe
Utawa ngresiki kaca kacamata
Supaya bisa nyawang padhange urip


Penggurit:

Tri Rakanti Budiningrum S Psi Panggurit kang pidalem ing Gagak Sipat Rt03/Rw03

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *