Cerkak
Tresna Ing Wanci Rahina

Tresna Ing Wanci Rahina

Tresna nora mung ana lathi
Nanging lair tumeka njero ati
Tresnaku muspra nora merga cidra
Tresnaku sirna ing wanci rahina

Nora krasa yen panggewayanku golek upa, dadi guru bantu ing salah siji Sekolah Menengah Pertama ngancik taun kapindho. Niba tangi, rekasa bayaran ora mingsra pancet daklabuhi. Sesasi mung bayaran 200 ewu. Pancen ora maido bayaran sesasi amung cukup kanggo tuku bensin. Nanging merga ya pancen gegayuhanku dadi guru, mula bayaran sepira wae tetep daktampa. Pituture wong tuwa, ditlateni wae sapa ngerti mbesuke bakal nemu begja. Dakgugu dhawuhe wong tuwa, sing penting ikhlas masiya bayare melas.

Ing taun kapindho iki uga, aku entuk pacangan. Kenya saka njaban kutha, nanging dheweke nyambut gawe nunggal kutha karo aku. Melu simbahe sing ijen ora ana rewange. Mula, dheweke duwe jejibahan ngramut simbahe. Bocahe dhuwur tur kurnis kurus manis. Eseme pait madu, tansah ngegla ing impenku. Lagak lageyane gandhes luwes. Atiku tansaya kebrongot rasa tresna kang makantar. Jebul ora beda klawan dheweke uga. Saeba bungah atiku nalika biyen katresnanku ditampa dening dheweke. Wati jenenge kenya sing tansah gumanthil ana telenging ati. Wati, kenya kang ora mung sulistya ing warna nanging duwe ati kang becik. Mula ya kabegjanku oleh dheweke.

Aku lan Wati tansah runtang-runtung bebarengan. Dheweke ya wis dakkenalake marang wong tuwaku. Semono uga aku. Ya wis tepung karo kulawargane. Kulawargane Wati kagolong kulawarga prasaja kaya kulawargaku. Dadi kanggo urip sabendinane ya cukup. Ora luwih kaya pejabat sing omahe magrong-magrong tur ben taun munggah kaji, mobile tharik-tharik kari milih sing werna polos apa lurik. Pancen ya ora bisa dimereni. Syukur wae, isih bisa mangan saben dina. Duwe omah masiya isih melu wong tuwa.

Ing sawijing dina, aku lan Wati lagi omong-omongan ana teras omah.

“Mas, aku lan sampeyan rak wis runtang-runtung bebarengan. Isin disawang tangga yen durung ana ikatan resmi. Kepriye bacute sesambunganku klawan sampeyan?” Pitakone Wati dina kuwi. 

Aku mesem, ngerti apa sing dikarepake dheweke. Banjur dakgegem tangane. Daksawang drijine sing mucuk eri. Mripate kang blalak-blalak lagi nyawang tenanan marang aku.

“Dhik, perkara kuwi wis dakpikir. Aku ya wis matur bapak-ibu. Ora suwe maneh aku lan wong tuwaku bakal nglamar awakmu.” Kandhaku kanthi manteb.

Daksawang kenya kang tansah ngegla ing netra kuwi mesem sajak marem. Pasuryane katon bungah. Dheweke janji bakal salawase tuhu setya marang aku. Njaga katresnan iki kaya srengenge ing wanci rahina.

Seminggu bacute, aku lan wong tuwaku wis duwe pangangkah kapan arep sowan menyang omahe kulawargane Wati saperlu nglamar dheweke. Ing angenku, tansah dakpepuji, muga taun iki aku bakal duwe garwa, sing bakal dadi sigaraning nyawa. Tanpa ana udan, tanpa ana angin, dumadakan apa sing wis ana angen-angen cabar musna. Kabeh panguripan wis ginaris ana seratane Gusti Sang Hyang Widi.

Awan kuwi, aku entuk telpun saka Wati. Kanthi ati suka rena, langsung wae dakwangsuli telpune. Nanging ora kaya padatan, swarane keprungu serak lan lirih.

“Ma..mas…apuranen aku ya. Tresnane awake dhewe kudu cukup teka semene. Aku wis dilamar dening priya liya. Sepisan maneh apuranen luputku kang gedhe iki.” Kandhane awan kuwi. Banjur ora watara suwi, telpune mati.

Aku sing lagi wae bungah Amarga bakal klakon nglamar dheweke, sakala mung ngadheg nggejejer. Ora krasa eluh tumetes saka netra. Ati lanangku rasane kejuwing-juwing. Lara ora jamak. Kaya-kaya isih wingi uni, aku lan Wati ngiket janji. Ning saiki, ana ngendi parane janji kuwi?

Pirang dina candhake, aku dicritani Seno sing isih kapernah dulure Wati manawa wong tuwane Wati nampa lamaran saka priya sing ngaku dadi pengusaha ana Surabaya. Jare, omahe magrong-magrong lan titihane tharik-tharik. Wong tuwane Wati pilih njodhohake Wati klawan priya kuwi merga ora kepengin Wati urip rekasa. Yen nganti rabi karo aku sing mung guru bantu tur bayarane mung 200 ewu, kamangka uripe kulawargane Wati wis rekasa. Mula ora kepengin anake tansaya cintraka. Wati mung bisa manut panyuwune wong tuwane, merga ora kepengin gawe gela atine bapak dalah ibune.

Ana saperangan kancaku uga crita. Nate mrangguli Wati numpak mobil Pajero muter-muter kutha, karo sawijining priya. Aku mung bisa ngelus dada. Ora bisa dakselaki yen atiku lara ora jamak. Apa aku kudu gela marang Wati? Ora….aku ora kepengin nambah larane ati iki. Dongaku mung siji, Wati lan kulawargane bisa urip kepenak tur suka basuki.

Kadhangkala aku mung bisa sambat ing njero ati, marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Dhuh Gusti, apa luputku yen aku iki mung dadi guru bantu. Jenenge rezeki rak wis ana sing ngatur. Sapa ngerti mbesuke yen aku tekun bakal urip kepenak. Mbuh…Rasane ati iki kaya-kaya ditunjep karo eri. Tresnaku sirna ing wanci rahina… 

CUTHEL


Penulis:

Septika Ratna S. SMAN 1 Kademangan, Jl. Kresna No.29, Kademangan, Kec. Kademangan, Kabupaten Blitar, Jawa Timur 66161

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *