Geguritan
GURIT-GURIT ANJRAH LELONO BROTO

GURIT-GURIT ANJRAH LELONO BROTO

1/
ING PESISIR REMEN

ing Pesisir Remen
pangangen kinebur ombak
teles –mbopong atis kebak aris–
krenteg sundul wuwungan
nedya njilma pangeran sabrang
mumur sawalang-walang
Segara Jawa kang thukmis
mendem jero kuwanen mbaka sairis

guyu kutah bocah-bocah
ngelikake bau kang saya sayah
pengkuh dayung gumanti kidung lungkrah
pesthi ngawe-awe kanggo bali
menyang tlatah pletheking pamunah wengi

saklebatan ana rasa kelangan
ing selaning wedhi putih wayah sore
“Apa aku sauntara isih kudu ing kene
ngundha pangangen sadawaning lawe?”

Tuban – Mojokerto, 2023

2/
MADIUN, TERMINAL PURBAYA

sumeleting cahya bagaskara
ngobong ratan tanpa tamba
kang nyata prakosa. bun wengi
minangka seksi perihing ati
tininggal lunga widadari, murca
tanpa lari. gending pathet manyura
ing weteng pancen digdaya kanggo
mbrastha kraman arupa kapang.
senadjan mung ing wayah awan.

pang-pang tabebuya uluk salam
ngajak memitran. sacuwil eyub
kaparingake, esem semanak cumithak.
“Mrika, panjenengan mrika! Mangga
pinarak ing terminal purbaya?” kepenak
keprungu ukara kang mlethik saka lathine.
sikil nuli obah, lan panyawang ceblok
ing gigiring para pawongan prawira
kang nggaduhi kuwanen jroning pepesthen.

ing prapatan dumpil, sumlempit wewayanganmu,
lan aku, pranyata siji saka papat-lima-nem-pitu-wolu
pawongan kang uga ketaman kraman; arupa kapang.

Madiun – Mojokerto, 2023

3/
BANDARDAWUNG

laron-laron nyuyudi atis pindha godhong bayem
kang nungkul ing wajan, njilma kripik
kita nyuyudi atis pindha werna biru
cebloking banyu grojogan sewu,
papan bisu kebak paseksen akemul lebu

nalika laron-laron mabur ngupengi cahya
atis salin slaga njilma ditya amakutha dewa
kripik bayem kari dongeng lawang turu
banyu isih ceblok ing grojogan sewu
nanging kita isih durung bisa sapanemu

Karanganyar – Mojokerto, 2023

4/
MENYANG BUMI MANUK-MANUK KUWI BALI

umpama sliramu pengin mabur
sliramu kudu pepisahan klawan Bumi

mabur dhuwur? mabur menyang ngendi?
wis tega sliramu nyawang luh ing pipi bumi?

senadjan sliramu kanugrahan swiwi
nanging bumi papan ngrembuyunge tresna jati

lelakon manuk-manuk kuwi tan kena diselaki
sawise mabur menyang tlatah-tlatah winadi

ing sawijining mangsa kang mranani
menyang bumi manuk-manuk kuwi bali

Candipuro, 2023

5/
MONITUS *)

ndungkap titi wanci. pupus kembang nuli alum. banyu
nyingkur oyod wit-witan. gegodhongan ninggal pang tanpa
pamitan. mintuna lungguh sangga uwang ijenan. lan mimi sadrema
klebating wewayangan. tangising bocah keprungu ngrerujit. ngisoring
langit kebak tatu nggarit. sawijining geguritan diukir ing gigir maesan
kanggo kang isih nggaduhi kamanungsan. nalikaning wukir lan samodra
lukar busana; sarwa ngglegena. nanging ora kuwawa paring pepeling
marang kang lagi lali. kamangka ndungkap titi wanci.

Trowulan, 2023

*) pepeling


Penggurit:

Anjrah Lelono Broto, lair ing Jombang lan sakmenika manggon ing Trowulan, Mojokerto. Seratane asring kapacak ing media massa lan online (abasa Indonesia lan abasa Jawa). Buku seratane, yaiku; Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak (kumpulan crita cekak, 2015), Nampan Pencakan (antologi puisi, 2017), Permintaan Hujan Jingga (antologi puisi, 2018), Kontra Diksi Laporan Terkini, lan Garwaku Udan Lan Anakku Mendung (antologi geguritan, 2022). Naskah teater anggitane kang asesirah Nyonya Cayo kapilih minangka Nominasi Pilihan jroning Sayembara Naskah Lakon Dewan Kesenian Jawa Timur 2018. Nate kacathet minangka undangan Kongres Sastra Jawa III (Surabaya, 2011), Kongres Sastra Jawa IV (Yogyakarta, 2016), Muktamar Sastra Nasional (Situbondo, 2018), panelis jroning Kongres Budaya Jawa II (Surabaya, 2018), lan peserta Musyawarah Nasional Sastrawan Indonesia III (Jakarta, 2020).

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *