Cerkak
SUMPENA

SUMPENA

Jangan asem uga tempe asin sedhepe sundhul langit. Ora lali teh manda sak jimbeng jodhone rokok Gudang Garam abang minangka pemanis sawise madhang. “Kamdulillah, gerrr,” tembunge marem, klepas-klepus sinambi leyeh-leyeh ana emper ngomah. Suwarga donya tumrape Bantar sing kawit esuk nganti sore durung kelebon apa-apa. Sedina utuh sasat ra kober madhang amarga ubet ngurusi gaweyan. Pancen disengaja. Nalika ditawani kancane kembul boga neng Rumah Makan cedhak kantore, Bantar pilih gage-gage mulih dimen bisa ngirit. Pakulinan ngirit wis mbalung sungsum kawit SD nalika dheweke dititipake neng ngomahe Mbah Minah, simbah kapernah saka bapake. Jaman semana pancen kudu ngirit, njagani kalamangsane kiriman saka wong tuwane telat. Saiki Bantar wis nyambut gawe, wis prigel urip dhewe tanpa njagakake wong liya.

Nembe sawetara leyeh-leyeh, Bantar rumangsa ngantuk banjur dheweke ngglethak ana lincak. Durung suwe anggone ngaso, keprungu swara “Le, tulung tukokna gas, iki simbah ngersakne siram banyu anget,” dhawuhe Lik Sri minangka rewang pawone. Sawise simbah gerah, dheweke kudu sawega ing dhiri. Yuswane wis wolung puluh lima. Simbah wis ora isa tindakan, anggone ngendikan mung sakecap-rongkecap nalika ana panyuwunan. Ragane kuru aking, lemes ndhepeple ana ndhuwur amben. Bantar gage-gage metu tuku gas. Ing dalan dheweke kepapagan Pak Zuhud, salah sawijining Kyai ana kampunge. Piyayi kok iyupe kaya ngono, batine ngalembana nalika sapa aruh.

Gas wis teka banjur dipasang. Nalika nggodhog banyu, Bantar kelingan ngendikane bakul gas “Cah nom saiki ora kaya kowe, Le. Nom-noman kene kok ngrumat wong tuwa, ha pilih jagongan awor kancane tekan subuh”. Yen dipikir-pikir, sawise simbah gerah, dheweke babar blas ora nate dolan kumpul kancane. Kaya-kaya wektune entek kanggo nyambut gawe lan ngrumat simbah. “Lik, iki banyune wis mateng,” sasmitane Bantar, banjur Lik Sri gage nusul menyang pawon nyawiske ember kanggo ngedusi simbah. Sawise pakaryan rampung, Bantar takon marang Lik Sri.

“Lik, jenengan mengke nenggani simbah dugi jam pinten?”

“Sirku meh turu kene Le ngancani Mbahmu, lha enek apa?”

Keprungu wangsulane Lik Sri, Bantar alon-alon ngetokake uneg-uneg. Lumrahe cah enom, tetep kedunungan waleh yen mung ndhekem ana ngomah. “Yawis kana, sing ngati-ati aja wengi-wengi!” Keprungu tembung kang mangkono, bungahe Bantar ora jamak. Bakda ngisak gage tata-tata banjur budhal ngopi. Nalika teka warung kopi, Bantar bage-binage marang kanca-kancane kadya kadang lawas kang wis suwe ora ketemu. Upyek anggone nyuntak kangen bebasan sewindu ora ketemu. Utamane si Agus, kanca sing gawene runtang-runtung ngalor-ngidul bebarengan. Durung suwe anggone srawung, ujug-ujug HP sing ana njero tas srempange muni. Nalika dibukak, Lik Sri sing telpun.

“Sapa e, Tar?”

“Wah, mesthi panggilan saka ayange kih,” pangecrohe si Agus.

“Sik-sik cah.”

Dheweke rada ngadoh nalika nampa telpun. Sapungkure telpunan Bantar gage-gage njaluk pamit. Kanca-kancane padha ngundhamana. Sasat wis suwe ora kepethuk, kepethuk pisan kesusu pamit. Nanging arepa dikaya ngapa, ngelingi kahanane simbah kang ora kena disepelekake. Bantar ora nggagas panyaruwene kancane. Montor distater banjur nguntir gas pol nganti playune pindha menjangan dioyak macan. Nasib-nasib, ngapa ta mbiyen bapak ndadak nitipke aku barang? pangudarasane ngenes ginanjar lelakon kang mangkono.

Pancen ora kaya sabaene, sambate Mbah Minah nganti keprungu teka latar sasat kaya arep dijabel nyawane. Lik Sri mung isa lungguh ana sisihe Mbah Minah sinambi ngelus-elus tangane. Mulat kahanan tintrim, Bantar gage golek usada menyang nggone Pak Zuhud.

“Assalamu’alaikum. Kulanuwun, kulanuwun”

“Wa’alaikumsalam. Lho nak Bantar, piye ana apa?”

“Simbah, Pak. Mbah Minah”

Pak Zuhud gage nyengklak goncengan montore Bantar. Sawise teka ngomah, Lik Sri mapag rawuhe Pak Zuhud. Ngandhakake yen ta dina iki ora kaya adat saben, kawit bakda Maghrib simbah santer ngoroke. Tanggap ing sasmita, Pak Zuhud banjur akon wewisik Lailahailallah ana talingane Mbah Minah sisih tengen. Kairing waosan Yasine Pak Zuhud lan tintrime kahanan, atine Bantar samsaya ora karuwan. Wewayangane Mbah Minah nalika isih waras pating klebat ana pikirane. Le cah bagus, suk gedhe dadiya wong apik marang sapa swae, luwih-luwih marang kancamu. Aja dadi bocah sing angelan anggone kekadangan. Mangkono kang kawetu duk semana nalika dheweke dipangku simbah. Saya ajeg wewisike Lik Sri, saya nglangut Yasine Pak Zuhud. Bantar metu ana ngarepan omah banjur telpun Agus.

“Halo, Tar. Piye? Meh bali rene?” ­pitakone semanak, keprungu tipis sayuk gemuyu kang katone isih padha nyangkruk.

“Gus, kira-kira saiki isa ning omahku ora? Penting.”

“Wealah. Anu sepurane, iki aku ya ana urusan.”

Bantar ngunjal ambegan banjur mateni telpun. Dheweke bali mlebu ngomah tumuju kamare simbah. Durung nganti teka kamar Bantar digawe kaget, dheweke weruh keplasing jaran putih sirah menungsa kanthi cahya kang sumunar saka njero kamar. Cumlorot metu pindha aweh sasmita menyang ngendi papan dununge. “Oyaken, Le!” dhawuhe pak Zuhud kang metu saka njero lawang sajak arep nututi. Nadyan rasane prindang-prinding mulat kahanan kang ora sabaene, Bantar gage-gage nututi playune jaran mau. Playune jaran adohe sasat ngubengi jagad, ditututi ngalor malah mlayu ngidul ditututi ngetan malah bali ngulon. Ora ana enteke. Nanging sapejagan kuwi uga Bantar ora kaya sabaene. Eloking lelakon ragane kaya-kaya kedunungan kasekten kanggo ngoyak playune jaran sing keplase pindha buroq titihane Njeng Nabi.

Andheging jaran mapan ana telenging papan kang suwung, sasat ora ana panguripan. Kiwa tengen rinubung wit-witan gedhe. Srenggala sewu mbaung bareng kinarya aweh pakurmatan marang sang ratu. Ora ana udan ora ana angin, jaran putih awak menungsa kang ngadeg ana madyaning alas ujug-ujug ilang muspra wewujudane tanpa aweh sasmita, malih rupa manjing dadi kijing putih.

Nalika dimatke, Bantar kaya wis nate weruh wewujudan kijing mau. Banjur dheweke mlaku nyedhak, kepengin nyatakake apa sejatine wewujudan jaran putih kang isa malih dadi kijing. Njegreg lir reca kang sinabda, kagyat penggalihe sawise weruh apa kang tinulis ana kijing.

Minah Binti Sumarsih, Minggu Pahing, 10-7-2022.


Penulis:

Pandhu Panuntun, Mapan ing Palur Kulon, Mojolaban, Sukoharjo. Mahasiswa Universitas Veteran Bangun Nusantara Sukoharjo program studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah. Nalika semana bosen nulis skripsi. Jalaran gabut nuli dhemen nulis perangane sastra Jawa.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *