Geguritan
Geguritan Andy Sri Wahyudi 

Geguritan Andy Sri Wahyudi 

Babon Ireng lan Kuthuke

Wayah esuk. Metu kandhang. Wayah sore. Mulih kandhang. Kuthuke loro. Cilik-cilik. Piyek-piyek swarane. Saben weruh babon ireng lan kuthuke aku mesti mesam-mesem. Merga weruh kasabaran mawujud dadi babon. Weruh ati bungah mawujud dadi kuthuk. Weruh urip sing tuwuh. Ngrembaka ananging anteng. Sabendina dadi lelaku. Saka wayah metu nganti tekan wayah mulih. Mulih neng njero awake dhewe-dhewe.

Kebon sawise udan

Wayah embuh hawane adhem njekut. Kaya-kaya atiku kepilut perawan embuh. Godhong lan cawang-cawang rengeng-rengeng nuwuhake rasa embuh. Bajing sajodho mlumpat-mlumpat ngoyak tresna sing embuh. Angin ngirim kabar lumantar swiwi manuk. Kabar kanggo embuh. Sapa sing kawit mau mbengok “Light My Fire.. Light My Fire!” kaya swarane si Morrison ning ora cetha. Swara sing embuh jluntrunge. Wong-wong mlayu mlebu omah. Ngrungokake swara batine dhewe-dhewe. Batin sing tatu, gela, kuciwa, lan werna-werna. Batin sing kudu legawa kaya kebon sing tansah pasrah kudanan. Pasrah sing embuh. Teles ngecepes. Mbuh!

Popcorn

Bocah-bocah playon wira-wiri. Ana sing bengak-bengok nggoleki mbokne. Nangis kekejer. Kepengin ditumbaske popcorn utawa jagung mumbul-mumbul. Mbokne lahir tahun sewu sangangatus sewidak lima. Lair jaman Komunis-komunisan. Mbokne uga seneng jagung sing isa mumbul-mumbul. 

“Mbok, suk nek wes gedhe aku pengin dadi popcorn.” 
“Simbok pingin kowe dadi tentara Le.. “
“Wegah, Mbok, tentara kalah ro popcorn.”
“Lha kok isa, Le? “
“Tentara nek ditembak mati. Nek popcorn ditembak ora papa, Mbok.” 

Saben esuk lan sore mbokne nyenyuwun marang Gusti Allah kareben anake isa nggayuh cita-citane: dadi popcorn. Popcorn Luwih kuat seka tentara. Popcorn ditembak ora papa.

Pageblug

Sawijining awan ngenthang-ngenthang. Dalanan nyenyet ora klamben. Sapa sing metu mbukak lawang. Nemokake rupa sing dadi areng, nglenga, peteng lan biru arem.

Angin Dina Rebo

Silir sumilir simbikulir … Unen unen nalikane aku cilik. Pratandha angine tansah marai ngantuk lan nentremake ati. Saiki. Nangarep omahku angine lagi ngudang godhong-godhong lan pucuking wit-witan. Saiki. Dina Rebo sing ora tau ngandhakake yen manungsa lagi padha nggresula. Lagi pada deduka. Lagi padha cubriya. Lagi padha ngadhepi memala. Silir sumilir simbikuliirr… Angine tansah sansaya nggregetake. Aja padha lunga adoh. Mrenea jejogedan lan tetembangan bebarengan. Ngilangi rasa cubriya, deduka, lan nggusah memala. Resikana awakmu lan kabeh samubarang duwekmu. Resikana kanthi setya. Kanthi tresna. Kareben Siliirr sumilir simbikulir…

Surup

Pitik jago mabur nabrak jendhela pawon. Godhong pring garing kawur dhuwur, tekan langit peteng. Menenga ngger. Candhik ala lagi padha pista neng awang-awang. Njogedi kahanan sing lagi gulung koming. Menenga ndhuk, cah ayu. Delengen, ana Dewa cacahe pitu lagi ngetung bathi. Ngedum dhuwit saka dodolan kawicaksanan. Menenga, kabeh bakal tiba titi mangsane. Aja wedi. Kuwat-kuwatna anggonmu ngadeg. Dadia geni sing bakal ngangetake awakmu. Lumaku nganti dadi wahyu.

Wengi

Godhong kates warna perak ngawe-awe neng awang awang.  Sapa kae sing nggambar manuk menclok lintang? Kabeh padha nutup lawang. Ora ana udan lan angin. Awakku kesetrum listrik, setrume mrambat liwat kulit tangan banjur mlayu neng geger. Mlumpat dadi bocah cilik mlumpat playon neng ndhuwur gendheng. Njegog dawa dadi asu. Mbrakoti samubarang sing ndrawasi. Sapa kae sing mlaku nyabrang langit nggawa geni? Aja dha lunga. Menenga sedhela. Ndandani jantung lan ati. Aja nganti tatu. Kudu isa ngerti. Sapa kae? Sing lagi meneng nunggoni neng ngisor epek-epek tangane Gusti.

Juli 2021

Esuk

Apa sing dijanjekake lintang marang srengenge? Dudu katresnan utawa kasetyan, nanging dalan dawa sing kudu dicathet saben dina. Awake dhewe ora bisa ngudhari tali sing mbanda sajroning ngimpi. Pitik kluruk lan manuk ngoceh sing bakal nylametake. Bakal nguripake. Bakal nglakokake. Menyang ing donya numpak ego. Numpak ambisi. Dadi samar lan samur mata atine. Mata jiwane. Mata uripe. Apa sing dikandhakake langit marang lemah? Gela, kuciwa, perih, lara lapa lan ora guna aja dilepeh. Aja diulu mentah mentah. Esemana. Sedhela. Merga bakal dadi geni kanggo ngobong samubarang ala saka njero kana. Saka ngendi wae sing marai wedi.

2021

Awan

Swara kinjeng tangis miwiti lelaku. Miwiti lagu merdu kanggo kadang buruh lan kadang tani. Aja tansah lemes lan gela. Aja nggresula saiki wayahe sumringah, merga dalan-dalan wis padhang. Wit witan padha gumregah. Kewan-kewan mlumpat-mlumpat kanthi bungah. Ana ngendi papane Simbah ndelehna cerita. Arep takjupuk kanggo tuladha. Kanggo mbangun greget. Kanggo obah sing miguna. Carita saka simbah sing bakal mbusak watak adigang. Njabut laku adigung. Nen ngendi olehku arep mlaku? Wis teges nuju ing kolbu. Ngilangi tatu-tatu. Semedi dadi ratu.

Sore 

Kae galo sawangen Dewa Dewi lagi playon neng pucuking gunung. Ana kluwung mlengkung neng tengah sawah. Pak Hari lagi ngarit suket lan tetandur. Nandur impen kanggo anak lan putu. Dheweke kepengin nggayuh tresna saka kringete Raden Kamajaya. Saka gandane Nariratih. Swara banyu kali ngajari alon-alon nglakoni pandume ngalam. Ora grusa-grusu lan kudu ngelmu. Pak Hari lagi wae gawe kreteg kanggo liwat dheweke dhewe. Tumuju raga lan atine dhewe.


Penggurit

Andy Sri Wahyudi, Lair ing Kampung Mijen, Minggiran Barat Ngayogyakarta, tanggal 13 Desember 1980. Seneng nulis gurit/puisi, cerpen, naskah  lakon lan esai seni pertunjukan. Karya bukune Kumpulan Naskah Bahasa Jawa “Mak, Ana Asu Mlebu ngomah! ” oleh pangaji saka Balai Bahasa Yogyakarta minangka Karya Sastra Jawa Terbaik taun 2017. Dene prestasi sing paling anyar yaiku taun 2020 lumantar naskah drama “Bangun Pagi Bahagia” dheweke kasil nampa pangaji Penghargaan Sastra 2020 saka Mentri Pendidikan dan Kebudayaan. Saliyane nulis, dheweke aktif lan produktif ing kegiyatan seni pertunjukan teater lan pantomimer.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *