Cerkak
Rudi Gambir Tukang Parkir

Rudi Gambir Tukang Parkir

“Mbir… kuwi bapake arep metu, diabani!” prentahe wong lemu sing lungguhan ing dhingklik ngarep lawang parkiran. Wong lemu kuwi ngliga dhadha. Ana gambar tato ngrenggani dhadhane. Sangar. Senajan saiki wis ketok kluwus ngimbangi werna pakulitane.

Sing diprentah ora wangsulan, nanging gage tumandang. Mobil wis daksetater, lampu hazard dakurupake nuli persiapan mundur. Dalan ngarep pasar saiki rame. Kendharaan pating sliwer sasat ora ana lerene. Alon-alon aku kasil metu saka parkiran. Dhuwit parkir sing dakulungake ditampik. Mangka dhuwit kuwi cacahe bisa kanggo parkir mobil kaping seket. Dadi dudu merga gedhe cilike dhuwit, nanging merga batin iki wus nate kaiket paseduluran. Si Mbir kuwi cetha ora gelem nampani.

Marang wong sing diundang “mbir” kuwi aku banget tepung. Jenenge dudu mbir kaya pangundange wong lemu tatonan ngliga dhadha mau. Jenenge Rudiyanto. Wong-wong biyasa ngundang mas Rudi. Dene saiki diundang mbir, aku ora ngerti. Mbir kuwi cekakan saka tembung apa ya embuh. Sing ngerti wong lemu kae mau.

Sing gawe gumunku dudu perkara beda jeneng kuwi. Mas Rudi kok ora pangling karo aku. Kamangka olehku tepung karo mas Rudi kuwi kliwat telung puluh taun kepungkur. Aku isih cilik, isih playon gojegan karo kanca sabarakan. Olehe playon nganti mlebu metu mobile mas Rudi. Mlebune saka lawang, metune mencolot liwat cendhela mburi sisih tengen.

Mobil colt weton taun pitungpuluhan kacane isih sleregan, beda karo mobil weton saiki. Mobil kuwi biyasa digawa mas Rudi dolan ana desaku. Desa plosok sing arang diambah kendharaan kejaba pit onthel lan grobag sapi. Dolan? Dudu, persise tilik mbak Sri, tangga wetan omahku. Dadi aku apal banget, semono uga mas Rudi uga apal karo aku.

Kawitane wengi-wengi keprungu swara mobil nggereng-nggereng nyasak dalan.  Bareng wong-wong padha ngungak, jebul mobile mas Rudi lagi ngeterke mulih mbak Sri, merga lara. Mbak Sri kuwi lagi sinau ing kutha – sekolah seni beksa – kang adohe kira-kira telungppuluh kilo saka desaku. Mbak Sri kudu mondhok utawa ngekos. Lha sapa mas Rudi kuwi? Anake sing duwe kos, tanggane, kancane sekolah, utawa pancen mligi sopir colt sing biyasa ngompreng aku ora ngerti.

Mas Rud pribadi kang grapyak sumanak seneng sapa aruh. Bareng sawetara wektu anggone srawung, ngakune tangga karo sing dikosi mbak Sri. Saben dina sasat ketemu, mula akrab karo mbak Sri. Dadi wengi kuwi mbak Sri dijujugake desa ora mung krana tetulung, nanging pancen ngerti kahanan larane mbak Sri. Wengi iki bali ing kahanan ora sadhar. Awake lemes, katitik saka anggone pasrah nalika dibopong mlebu kamar.  

Jarene mas Rudi larane kena diarani nemen. Wis pirang-pirang dina, mbak Sri ora mlebu sekolah. Dening mas Rudi nuli dijujugake mulih ndesa, kareben ketunggon wong tuwa. Kanthi mengkono diajab enggal mari lan pulih. Mbak Sri mengkone enggal bisa sekolah meneh. Mbak Sri dadi bopongan kanca-kancane sing melu jujug. Mas Rudi sing ngabani lan mrenah-mrenahake carane metu saka mobile amrih kepenak.

Mbak Sri, anak nomer lorone pak Jaya iku baud nari Jawa. Gambyong lan tari bondhan dadi pawitan anggone nerusake sekolah nari ana kutha. Saben nari bondhan, pas perangan ancik-ancik kendhi, katon wasis lan luwes. Kendhi kuwi durung nate pecah. Awet, malah kepara dadi jimat kanggo gawe sengseme sing padha nonton. Pas ngudang bayi wujud boneka, jian bayi kuwi kaya urip-uripa. Tari Jawa pancen bisa dadi titikan jati dhirine wanita, sepira wasis lan lantiping sasmita sarta gandhes luwese wiraga.

Tangga teparo padha nakyinake kahanane mbak Sri. Ora let suwe, omahe pak Jaya dadi rame kaya pasar. Wong-wong desa uga melu nemoni lan ngaruhake tamu saka kutha nunggang mobil kuwi. Pak Jaya lan Bu Jaya ora katon susahe. Isih mesem ngguyu sumanak marang tamu lan tangga-tanggane sing padha teka. Sajak pancen wis ngerti kahanan larane mbak Sri. Dadi wis banget nglenggana lan pasrah.

Wong-wong wadon nuli rewang-rewang bu Jaya kang ibut nyepakake wedang. Malah ana sing ngliwet lan gawe lawuh prasaja. Sat-set tambah akeh sing rerewang. Wedang, pacitan, sisan sega jangan salawuhe cepet cumawis. Mas Rudi lan rombongan diprayogakake dhahar. Pak Jaya lan Bu Jaya ngguyubi tamu-tamune sing saya akeh.

“Jeneng apik-apik kaya kuwi kok mung diundang mbir ta mas?” aloke bojoku sawise sawetara menit mobil iki ngedohi parkiran.

Bojoku dadi penasaran. Sajane ngerti ya ora bathi, ora ngerti ya ora tuna. Bebakulan kuwi ulah kaprigelan ngecakake pawitan kulakan banjur didol mawa bebathen sawetara. Cekake pulih pawitane, luwih bebathene. Lha yen ditambahi kulakan warta ngenani mas mbir mau rak ora ana gayutane. Nanging kok ya kepengin krungu crita bacute.

Tibake mbak Sri kuwi ora lara. Nalika dibopong mlebu kamar dening kanca-kancane kuwi amung ethok-ethok. Mesthine yen lara kuwi dipriksakake, digawa menyang dhokteran, banjur oleh katrangan kudu mondhok ing rumah sakit apa cukup diwenehi pil. Wong nganti ora sadhar ngono kok mung digawa mulih, wengi-wengi sisan.

Esuke, mbak Sri kuwi wis tangi, lungguhan ana lincak ngarep. Pucet-puceta nanging bisa nyauri grapyak marang sapa-sapa sing padha takon. Esuk kuwi dudu dina prei sekolah, mbak Sri tetep ana ngomah, negesake yen pancen lagi lara. Awake durung kuwat yen kudu mangkat sekolah, apameneh yen ing sekolahan kuwi kudu nari, njoged, mbeksa kang dibolan-baleni, bisa-bisa semaput.

Sawise genep sepasar, mbak Sri mbacutake sekolah. Eh, embuh dhing. Sebab ora let suwe sabudhale mbak Sri wis katon ana ngomah meneh. Mulihe bareng mas Rudi meneh, samobil mung wong loro. Lungguhe jejeran ana ngarep. Mulihe mbak Sri manteb, merga bisa nuduhake marang tangga teparo ngenani mas Rudi sing duwe mobil lan grapyak semanak kuwi. Ora mung pisan pindho olehe mulih bareng. Malah seminggu pisan yen ngepasi setu sore, nuli mangkat kutha meneh saben Minggu sore. Mas Rudi nginep.

Panggraitane tangga teparo dadi kurang prayoga. Kanyatan, nalika sesepuh desa iki ngaruhake, Pak Jaya malah ndhadhani yen sawetara dina kepungkur mas Rudi wis nembung. Tegese, nembung mbak Sri arep diwengku dadi semahe. Sasuwene ing kos, mbak Sri tansah jejogedan ing atine mas Rudi. Wektu telung taun kanggo sekolah nari kuwi suwe banget mungguhe mas Rudi. Ora sranta yen kudu nunggu tamat. Mula aja nganti ucul, mas Rudi nari mbak Sri gelema dadi bojone.

Mbak Sri jare durung kewetu mangsuli. Nanging sasmitane wis cetha, yen mbak Sri nanduki penjaluke mas Rudi. Wong wadon rak ora kudu wangsulan yen ditari rabi. Yen meneng kuwi malah tandhane gelem. Cekake, mbak Sri sida omah-omah. Ora ana pahargyan lumrahe tangga teparo yen duwe gawe mantu. Ora ana critane mbak Sri ganti nanggap penari ing pengantenane. Mangka dheweke biyasa ditanggap nari Gambir Anom, Gambyong, utawa Bondhan ing pengantenan,

“Kok ora koktampani dhuwite ta Mbir?”

“Sedulur dhewe,” saurane cekak nuli lungguh njejeri wong lemu tatonan.

“Ketoke dhuwite akeh. Apa ora eman?”

“Elek-eleka, aku ya isih duwe rikuh pekewuh.”

“Sedulur prenah kepriye?”

“Jane mung tangga, tanggane Sri ing desa.” 

“Owalah, …. Sri si Gambir Anom kae, lha iya olehmu gandrung karo Sri nganti jenengmu diundang Gambir, kok nganti bisa pegatan ta Mbir?”

“Wis lah, aja dirembug meneh. Wis, tak ngabani mobil arep mlebu kae.” 

Rudi gambir menyat nuli mrenahake mobil kang lagi mlebu parkiran. Sri wis ora ana ing angen-angene. Atine wis ora dadi panggung kanggo njoged lan nari tumrap Sri. Mobil sing biyen kanggo ngeterake Sri embuh parane, wis ora nyasak dalan-dalan desane Sri meneh. Saiki mesthine wis dadi rongsokan. Ora beda kaya awake Rudi Gambir kang trima dadi tukang parkir. Kabeh angen-angene marang Sri biyen nyata wis diparkir.


Penulis:

Eko Wahyudi Merapi (@eko_wahyudi77),  nulis gurit lan cerkak ing maneka media abasa Jawa, manggon ing Kebumen.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *