Isih Ana Thukulan Anyar
Isih kelingan nalika sapatemon sanggar neng Babadan kepungkur, kang Narban pesen, yen isa suk ulang taun sing kaping patang puluh, saben anggota supaya gawe cerkak.
Isih kelingan nalika sapatemon sanggar neng Babadan kepungkur, kang Narban pesen, yen isa suk ulang taun sing kaping patang puluh, saben anggota supaya gawe cerkak.
BARDAN arep duwe gawe. Ngrabekake anake wadon mbarep. Murih katon regeng, dheweke arep nanggap wayang kulit sawengi natas lan kudu ana perange buta cakil. Pepenginane sing kaya ngono kuwi mesthi wae ana alesane. Ora mung waton bisa nanggap lan mbayar, nanging kegawa rasa seje sing tansah silih-ungkih njejaki dhadhane lan ora bisa diendhani. Kudu dituruti.
Saka eskalator Arini munggah ing lantai telu mbarengi Antono. Ndeleng maneka jinis busana kanggo wadon. Embuh wis pirang toko ing Jembatan Nerah Plaza dienggoki. Mung sawetara ndeleng saklebatan. Siji loro, embuh nganti pira ora ana sing mathuk.
Sing jeneng pakulinan pancen angel diilangi. Ora sengaja lan tanpa ancas sing cetha, pakulinan mesthi ditindakake saben wektu utamane ngepasi wektu longgar.