ELPIS

Palakramane wong tuwaku, sang Dalu lan Yadu wis dadi karsane Gusti kang Maha Agung. Palakrama kasebut katujokake kanggo ngasilake tedhak turun sing bakal aweh pangimbang marang traju katentremaning jagad. Kita, tedhak turune sang Dalu lan Yadu cinipta kanggo nyampurnakake jagad. Ing ngarcapada kana, sang Bagya Kemayangan wis kesuwen ngubengi donya lan agawe lena para pendhudhuke.

Buron

Pawongan iku jeginggat tangi. Awake kebes kringet. Bengi kuwi ora kaya biasane. Turune ora isa angler amarga ana sing terus dipikirake. Jiwane ora tenang lan kuwatir. Dheweke tangi saka amben lan mlaku tumuju kolah. Saka kolah banjur mlaku ing ruang tengah, lungguh lemes ing kursi pojok cedhak meja.

Dhor!

Ruang tamu kuwi katon sepi. Lampu plenthon sing tumemplek blandar isih murub, ketang ora patiya padhang. Sajak setya ngancani wong lanang sing lagi turu nglipus ing kursi dawa. Ing meja sacedhake ana glathi gumlethak sing isih keleledan getih seger.   

Remen Tanem

Nalika plakat sing tulisane ‘Remen Tanem’ ngadeg ing sacedhake gapura desa, atine Marni kebrongot. Polatane ngluwihi cacing kepanasen. Apa maneh nalika saben dina ana wae pawongan sing mampir omahe nakonake panggonan kanthi jeneng ‘’Remen Tanem’ kuwi mau.