Geguritan Hidratmoko Andritamtomo
Semampir sinandhang sampur
Sinawang kraket sumadulur
Samya sulur sung sembur tutur
Sumela jroning sotya sinangling
Semampir sinandhang sampur
Sinawang kraket sumadulur
Samya sulur sung sembur tutur
Sumela jroning sotya sinangling
Sukma iki tansah ngelambrah
Sapa kang bisa ngunci
Kejaba nur suci Muhammad
Wiwitan jagad
Emban kinasih umat
AJA KOK TUDING LANGIT aja kok tuding langit ing angkasaamerga sliramu ora bakal sanggup ngranggeh srengenge tudingen langitmu dhewe sakjroning suksmamuamarga sejatine langit kuwi sakbenere batindene bumi kuwi sejatine jasad sipate langit kuwi rahmanlan sipate bumi kuwi rakhim wujud langit kalambangake bapa: bapa angkasa!wujude bumi kagambarake ibu: ibu bumi, ibu pertiwi! Saka rahman rakhimme Gusti kang nyawiji lumantar bapa ibumutuwuh […]
Eneng apa?
Kok sajak saben mbok tinggal, aku ngrasa gela
tansah mawantu-wantu piwelingku ndhuk
kudu waspada lan prayitna
aja gampang keguh marang pandhesege butuh
kang kala-kala ngambra-ngambra ngayawara
nggedhabyah ora nggenah
WATU *) kagem tengsu Watu item atossing mbiyen mbokwarisake marang akusaiki wis mletheklan thukul kembangmaneka warnakang gandane arumngebaki impenkusaben wengi. Ngawi-Surabaya GURIT IBU Ibu,anakmu lagi ambyur ing kejemeombak samodra kuthaamung dikancani selarik gurittandha isih satuhu setya marang nurani. MEDITASI WENGI sepi nambah kawibawaning wengirembulan wuda tanpa cahyaputik-putik kembangndangak marang sulistyaning wengikangen marang kerlip mbun. beksa wengi diwiwitibeksa langit beksa bumi: […]
Sabrangan dalan prapatan Kartonyono kang misuwur
Ana iline Nagari Ngawi Ramah tumapak saka pucuking gading gajah
Panggonan palereman suka, kanggo para tuwa mudha
Wanda kang njlentrehne sengsem sing tumama
lakuku lan lakumu sing kebak lelakon
amung sadrema anut manggilinge cakra
kang lumaku ing saurute wektu
Sunare baskara saka brang wetan
Angete mrambat sajroning sukma
Ngaras saranduning sarira
Kang lagi tapa brata golek pangupa jiwa
ora kana ora kene
saben wektu ambulan mbengok sakayange
ngabarake sawujud kekalahan sing ora dingerteni
sapa wae sing kadhung kerem ing ulengane pandemi
glagepan kangelan mentas lan nata ati